Gawe Omah

Gawe Omah

(Dening: Madu Sudomo)


Awan iku, mulih saka mancing. Agung legog-legog ana ing emperan ngarep lawang, praupane katon melas banget. Weruh solahe anake, Sholeh batin pitakonan: jan-jane apa sing dadi pikirane bocah iku, kog sajak berat sing dipikirake.

“Ngalamun wae ki, ana apa ta Le? Apa sing kok pikirake, apa kowe mikirake kahanan kang kaya mangkene?”

“Iya ki Pak, hawane sumuk lan panas, daleme simbah iki empyake andhap banget nganti nyundhul sirah.”

“Owalah Le Le, yen krasa sumuk lha kuwi kari njethetake kipas angin.”

“Sampun Pak, nanging isih panas niku pak.”

“Ya merga empyake endhek banget dadi panase ra umum, sing sabar ya Le.”

“Ana maneh sing dakpikirake Pak, jane aku iki kepengin sekolah maneh, nanging ya ngerti dhewe kahanan sing lagi diadhepi.”

“Ngapurane bapak Le, prekara kuwi bapak ora isa nuruti kekarepanmu, tak kira ya kowe wis isa ngerteni kahanan kang kaya mangkene. Adhimu Nur ya wis kelas telu SMP, wayahe lulusan banjur dhaptar sekolah mesthine butuh ragad kang ora sethithik.”

“Leres Pak, Nur luwih prelu digatekake, aku ngono wis lulus STM wis isa kanggo nglamar gaweyan. Apa isa ya Pak aku sukses lan ngedegake omah dhewe ben ora nunut maneh ana daleme Simbah.”

“Isa wae ta, senajan awake dhewe kayata cebol nggayuh lintang, ananging sapa wonge sing gelem rekasa lan usaha ing tembe mburine bakal nemu kabegjan. Lha kowe ora nyoba nglamar kerja ning toko utawa rumah makan Le?”

“Ora Pak, iki sinambi golek lowongan sing sekirane jumbuh karo keahlianku seprene aku sinau ana ing STM, aku ngewangi Lik Parmin ana ing sawah, nggrajangi brambang, milihi brambang, mbako, ya kala-kala ana turahan brambang utawa mbako sing ora kanggo isa tak dol ana ing pasar lumayan kanggo urip sajroning golek gaweyan.”

Agung anggone ngresula ora mung celathu wae, wis ora arep dirasakke maneh, sing penting dilakoni sik kanthi sabar, saben wayah awan Agung sinambi golek lowongan gaweyan ngewangi Lik Parmin ana Sawah.

“Nuwun sewu Paklik, Pundi brambang lan mbako ingkang saged kula pilihi lan kula rajangi?”

“Owalah wis teka kowe Gung, kuwi brambang lan mbakone ana ing tenggok, menawa arep ngrajangi ana ing eyupan kae wae ben ora kepanasen, mengko nk wis rampung gawa mrene.”

“Paklik, kula sampun bar milihi, ngrajangi brambang lan mbakonipun, menika kula caosaken pundi nggih?”

“kuwi delehna wae ning wadhah sing wis cumawis ana ing sisih kiwamu, iki upahmu, aja lali brambang lan mbako sing ora kanggo iku isa mbok gawa bali Gung”.

“Maturnuwun nggih Paklik, kula nyuwun pamit rumiyin” “Iya Gung, sing ati-ati”.

Wayah wengi ana ing omah. Agung mikir kepriye carane dheweke isa entuk gaweyan kanggo ngangkat derajate wong tuwa, dheweke esuke usaha dhaptar gaweyan lan coba takon-takon lowongan gaweyan menyang TU Sekolahane lan takon kakang mbakyune utawa Alumni sekolahane sing wis lulus.

Ancase Agung kang kepengin sekolah maneh iku kanggo ngangkat derajate wong tuwa. Sebabe, seprene iki Agung ngrasakake nasib kaluwarga sing ora tau malih amarga sekolah sing mung mentok rampung STM. Bapake amung buruh kuli bangunan. Ibune dadi TKW ana ing Singapura, wis suwe ora kondur ing Jawa lan namung komunikasi lewat HP.

Agung Sadhar, menawa arep ngerek derajat kaluwargane iku lumantar pendidikan. Senajan butuhake pengorbanan kanggo nglewati dalan iku mau. Sehingga, senajan kahanan ekonomi kaluwarga sing pas-pasan, dheweke sakuat tenaga usaha kanggo isa sekolah maneh. Maem sega lawuh uyah ya dilakoni.

Semangat kanggo sekolah maneh malah buyar, amarga dheweke mikir dadi TKI ana ing Jepang supaya cepet sugih. "Aku mikir dadi TKI, mantuk ing kene kurang luwih setaun wis isa tumbas lemah, sawah, lan wis isa kanggo mbangun omah sing tak impekake."

Ora mung saderma pangarep-arep. Agung wis dhaptar dadi TKI ana Ing Nagara Jepang iku. Dheweke malah wis kursus basa Jepang. Ananging nasib ora kaya sing dikarepake. Ngrasa ora duwe ragad, dheweke akhire nglamar kerja. Malah ketampa ana ing perusahaan batu bara ana ing Kalimantan kang jenenge wis misuwur. "Muga wae iki dadi dalanku supaya isa sukses." celathune Agung.

Sawijining dina ana ing plataran sisih kulon kang katandur wit-witan, ing pinggir daleme simbah kathah ingon-ingon kayata pitik, bebek, peksi, lan kucing. Simbah remen anggone ngingon-ingon lan tlaten.

Agung celathu:" Terakhir dina iki aku ana ing tanah Jawa, ana ing daleme simbah kang

lingkungane asri lan ayem, ya senajan dudu omahku dhewe nanging aku seneng isa digedhekke ana ing daleme simbah."

"Mbok, kung. Agung arep budhal Kalimantan", Ngendikane Bapak marang Simbah.

"Kula pamit riyin nggih Mbah, pamit nggih Pak, Adhik. Sinau sing sregep, manut marang bapak lan simbah ya Dhik.

Praupane Nur katon pucet, brebes mili eluhe dipamiti kakange, Simbah nyarehke Nur.

"kajenge Mbah, Nur niku taksih bocah ", panglipurku sinambi ngusap Rambute Nur.

"Mas kapan kondure ? Dangu boten mas?" celathune Nur.

"Aku iki karyawan ana ing perusahaan tambang wilayah Kutai Timur. Papan anggonku makarya duweni sistem cuti 3 wulan pisan, ya prakiraanku 3 wulan maneh aku wis isa mantuk cuti, Dhik."

"Wektu sing lumayan lan nyiksa amarga awake dhewe kudu pisah utawa jarak adoh." Ngendikane bapak.

"Cutiku 3 wulan maneh. Sabar nggih Pak. Mengko yen wis padha-padha kangen kan saged video call lumantar WA."

"Iya Le, sing ngati-ati, sluman slumun slamet."

Modal nekad lan dhuwit saka asil nyambi minangka buruh, dheweke gawa dhuwit Rp 300 ewu kanggo cekelan urip ana ing Kalimantan. Dheweke langsung budhal menyang Kalimantan lan manggon ana ing asrama minangka fasilitas saka perusahaan. Dheweke sadhar menawa tekade kerja mung gawa dhuwit kang pas-pasan krasa sawetara traning 2 minggu ana ing kana, kepriye carane dhuwit cekelan iku mau kudu di awet-awet sinambi nunggu gajian.

Agung anggone makarya ora sambat, modal semangat lan cekelan dhuwit saka asil kerja serabutan ana ing sawah, Agung nerapake gaweyan kanthi temen lan pengalaman sing wis di sinaoni sajroning dheweke di training pimpinane. Kurang luwih 2 wulan anggone makarya, jebul tabunganne wis dikira cukup kanggo tuku lemah. Dheweke banjur telpon bapakke kepengin kirim dhuwit supaya bisa diagem bapak mundhut lemah.

"Assalamu'alaikum Pak, kepriye kabare kaluwarga ing Jawa?

"Walaikumsalam. Owalah Agung ta iki, kabare apik sehat Le, lha kowe ing kana ya bagas waaras ta le? gaweyanmu lancar ta?"

"Alhamdulillah sehat Pak. Lancar, gaweyanku kurang luwih 2 wulan iki wis lumayan isa ngumpulake tabungan kanggo tumbas lemah Pak, rencana tabunganku iki arep tak kirimke Bapak supaya bisa dipundhutake bapak lemah sepethak supaya duwe celengan."

"Alhamdulillah Le, Bapak melu seneng. Ya mengko nek dhuwite wis ng Bapak, tak golek lemah sing murah."

"Iya Pak, mbesuk yen tabunganku wis kumpul akeh maneh, tak nggo tumbas omah Pak."

"Rausah tuku omah, mengko dhewe gawe omah wae, sing sekirane miturut karo kekarepane dhewe. Saiki dhewe kudu nabung maneh sethithik mbaka sethithik mengko rak ya akeh."

"Siyap, nggihmpun Pak ngono wae aturku. Bapak lan kaluwarga sehat-sehat nggih. Assalamualaikum."

"Iya Le. Kowe ing kana ya muga lancar gaweyane, bagas waras, sukses. Amiin. Walaikumsalam."

Dhuwit tabungan wis dak kirim, alhamdulillah bapak isa mundhut lemah sepethak. Lemah sing ora patio jembar ananging bisa kanggo bangun omah sedherhana, amarga lokasine ana ing pinggir sawah dadi senajan ora jembar nanging yen disawang katon amba.

"Yen pengen luwih, dadi kowe kudu usaha sing luwih uga.” Ukara iku sing dadi prinsip uripe Agung babagan sembarang kalir lan uga babagan mbangun omah.

Amarga pengen sing luwih, Agung kudu usaha luwih, donga marang Gusti Allah lan ora sethithik sing di korban ke kanggo ancas pangarep-arepe mbangun omah. Dudu prekara gampang menawa kerja ana ing tambang. Mental, adoh saka kaluwarga, lan nyawa dadi totohane.

Ngancik taun 2020, omah kang dadi pangarep-arepe Agung lan kulawarga wiwit lekasan dibangun. Amarga Agung ana ing Kalimantan, Dheweke ora isa gotong-royong nyengkuyung mbangun omah. "Sing paling penting wis isa kelakon duwe omah dhewe, kaya ngapa bentuke ora dadi ngapa." Ature Agung

Alhamdulillah kurang luwih sewulan punjul, omah sing wis di impikake awit jaman isih rekasa rampung dibangun senajan durung 100% rampung( Garasi, pager, lan lawang pager durung siyap) ananging wis isa dadi eyup-eyup menawa udan Utawa panas.

 


Amanat : - "Urip iku terus mlaku, bebarengan karowektu,sing bisa gawa lakumu, supaya apik nasibmu." Artinya : Hidup itu terusberjalan,bersamaan dengan waktu,yang bisa membawa tingkah lakumu biar baik nasibmu.

          - "Sabar iku ingaran mustikaning laku." Artinya : Bertingkah laku dengan mengedepankan kesabaran itu ibaratkan sebuah hal yg sangat indah dalam sebuah kehidupan"

Basaku Basa Jawa


Basaku Basa Jawa
(Dening: Firda Ummaiyah)

Jarene….
Basa kuwi sukmaning bangsa
Semono uga basa Jawa
Basa kang nuduhake yen awakmu wong Jawa
Nanging saiki kahanane wis beda
Akeh nom-noman ora isa basa Jawa
Paribasan wong Jawa ilang Jawane
Ora salah migunakake basa liya
Ning ya kudu nguri-uri basane dhewe
Supaya tetep bisa lestari
Bisa dianggo lintas generasi

Cobaning Gusti


Cobaning Gusti
(Dening: Firda Ummaiyah)

Jaman sangsaya tuwa
Pacoban teka maneka warna
Diwiwiti saka anane lindhu
Disusul gunung njeblug
Banjur saiki ditrajang virus korona
Gusti……
Apa iki sing jenenge pageblug?
Kabeh manungsa padha kalang kabut
Pasar, sekolah, lan panggon klenceran tutup
Bocah kuliyah padha bali omah
Bapak Ibu kerja saka omah
Pitutur neng omah wae diwartakake dening pamarentah
Apa iki ukuman?
Merga wingi wis kakehan polah

Ilang Tatane


Ilang Tatane
(Dening: Firda Ummaiyah)

Taun 2020
Bakal dadi taun kang ora bisa dilalekake
Dicoba dening Sang Hyang
Liwat titahe kang awujud menthik
Kahanan sarwa malih
Uripe manungsa ora kaya lumrahe
Pasar, sekolah, lan panggon klencean tutup
Bocah sekolah sinau neng omah
Semana uga bocah kuliyah padha bali omah
Bapak Ibu kerja saka omah
Kabeh ditindakake saka omah

Pepadhangku


Pepadhangku
(Dening: Firda Ummaiyah)

Bakal dadi apa uripku yen ora ana guru?
Peteng dhedhet merga ora duwe ilmu
Ninggal kulawarga kanggo mulang aku
Esuk tekan sore nuntun muridmu
Pasuryanmu ora tau katon lesu
Mulang kanthi rasa bungah
Saben detik wektumu muga dadi ibadah
Sarta kawruhmu bisa dadi pepadhangku
Ora kepengin apa-apa
Amung kepengin muride besuk bisa jaya

Bena


Bena
(Dening: Firda Ummaiyah) 

Nirada maesi langit
Cahyaning surya kang ilang
Katon tumiyung kabotan sanggan
Wulan iki pancen wis tiba mangsa rendheng
Kali cilik malih dadi bandhang
Omah-omah malih dadi empang
Jarene……
Udan kuwi rejeki
Nanging…..
Ranjang, kursi, lemari katon gela merga ora bisa nglangi
Beda karo manungsa kang bisa golek keslamtean dhiri
Banyu langit kang tiba sajak ngece manungsa
Merga padha seneng buwang sampah ing kali

Ngonangi


Ngonangi
(Dening: Rudi Satria)

Nalika kae lagi rame usum-usume maling. Awit para tahanan sing ana penjara padha diculake merga ana virus corona utawa covid-19. Tahanan kuwi diculake supaya nyegah sumebaring virus corona ana ing Indonesia. Pamarintah netepake kebijakan sing diarani social distancing, yaiku larangan supaya wong-wong ora padha ngumpul gerombolan luwih saka wong 5. Saka kebijakan kuwi sing gawe para tahanan diculake merga ana ing tahanan mesthi padha kumpul. Ora ngira jebul merga kebijakan kuwi, malah ndadekake swasana tambah ruwet merga para tahanan sing diculake kuwi mau malah padha aktip operasi maling maneh. Kahanan sing kaya ngono kuwi rata ana ing ngendi wae, salah sijine ana ing Boyolali yaiku dhusun lemahireng.
Sawise ana pawarta kaya ngono kuwi, rame para warga dusun padha ngerondha. Nalika kuwi ngepasi wulan pasa utawa wulan ramadan. Ngerondhane diwiwiti sawise ngibadah taraweh. Jam 8 sawise taraweh, para warga padha ngumpul ing pos kampling. Senadyan pamarintah wis netepake kebijakan social distancing sing kudu ditaati, nanging warga dhusun luwih kuwatir karo malinge tinimbang karo virus corona.
Warga sing ngerondha padha rembugan ana ing pos kampling. Bubar rembugan, wargane padha bubar menyang pos-pos sing dibagi lan wis dijatah mau nalika rembugan. Ana 4 pos. Pos kulon, pos lor, pos etan lan pos kidul. Ana tambahan pos siji maneh ana ing tengah utawa pusat. Sing ngerondha wis padha budhal, ana ing kulon, lor, etan lan kidul. Pos sing tengah uga ana sing jaga senadyan namung gawe patut-patut, gawe melek-melek supaya ora katon sepi.
Saya wengi saya sepi. Hawane saya adhem lan agawe ngantuke mripat. Senadyan saben pos wis cumepak wedhang kopi lan panganan tetep wae ngantuke mripat agawe lena. Pos lor sing pancene panggonane peteng ndedet cedhak sawah lan kebonan dadi gawe saya tambahe ngantuke mripat sing padha jatah jaga ana ing kono. Supayane ora ngantuk, mula padha wargane sweeping utawa keliling ngecek panggonan-panggonan sing rawan gawe ndhelik maling utawa ngindhik maling.
Para warga padha keliling. Padha genti-gantenan karo kanca liyane. Nalika kuwi sing kedhapuk jatah pos lor padha keliling. Sengaja ora nguripake senter nalika sweeping utawa ngecek nyedhak ing sawah supaya ora dingerteni karo malinge menawane ana malinge temenan. Lah jebul malah kebenaran. Saka kadohan katon ana abang-abang cilik urup ning pojokan sawah. Diindhik saya cedhak saya katon yen abang-abang kuwi mau mawa saka udut sing disumet. Saya nyedhak saya nyedhak saya katon yen kuwi maling sing lagi ngetem utawa ndhelik. Nanging bodhone dheweke sing nyedhak kuwi mau ora nggawa gaman utawa gebug gawe cekelan. Dheweke tetep nekat nyedhak. Senadyan dhewekan, dheweke tetep wani. Awit merga kancane sing telu isih ana ning mburi lan ora ngerti yen ana maling lagi ning kana. Dheweke tetep ngindhik sarta nyedhak. Karo grayangan golek watu utawa kerikil, dheweke saya nyedhak. Nanging jebul malinge saya suwe krasa yen dheweke ana sing ngonangi.  Jebul tenan maling mau ngerti yen dheweke konangan. Ngerti yen dikonangi malinge arep ngadoh alon-alon supaya ora digeruduk warga. Warga ijenan sing nyedhak mau ya sadhar yen dheweke ya jebul dikonangi karo malinge. Nalika malinge arep ngadoh, langsung wae warga sing ngindhik mau bengok banter banget sarta karo mbalangake watu lan krikil sing ning kono.
Kancane jaga sak pos krungu kancane bengok banter. Wong telu mau langsung mlayu marani kancane. Dhasare wong telu mau kadhung lena, mula nalikane mlayu nganti kesandhung-sandhung. Ana sing kesandhung pring, ana sing jupuk gebug ning pinggiran abot ora isa, jebul sing meh dijupuk kuwi arep gawe cagak kabel. Wis! dhasare wong telu mau ora niyat jaga tenan. Saka pos liya uga krungu swarane sing bengok mau banjur padha mlayu marani. Ning kahanan jenenge wae maling, wis mesthine nduweni ilmu lan sakpiturute. Malinge mlayu banter banget, ora kecekel.
Malinge mlayu ngulon. Wargane sing ngonangi maling mau ngabari warga dhusun liya sing sisih kulon supayane waspada lan nyegat maling sing mlayu mau ning kana. Sawise kuwi para warga mbacutake sing padha ngerondha ning ngepose dhewe-dhewe nganti tekan wektu sahur. Awit wis dirasa cukup aman nalika sahur merga wargane sing ning omah ya wis padha tangi kabeh.
Wayah awan dhusun aman. Awit merga ora mungkin malinge mlebu nalika padhang awan-awan kaya ngono kuwi. Nanging, sinau saka kedadeyan wingi. Awit dina kuwi kabeh wong-wong sing udu asli warga kono utawa ora kenal lan udu warga kelurahan kono mesthi diawasi lan dipantau.
Ganti dina, ganti sing jaga, ganti sing ngerondha. Padatane padha sing wingi. Sing kedaphuk jatah rondha kumpul dhisik menyang pos kampling tengah utawa pusat. Sawise kumpul kabeh komplit lagek dibagi sapa wae sing entuk jatah jaga pos-pos ana ingin kulon, lor, etan lan kidul.
Jatah jaga pos uwis didum rata, saben pos ana wong 4. Kajaba pos tengah. Pos tengah paling rame merga kerep gawe melek-melek wong ana dhusun kono. Para warga padha budhal menyang pos sing wis dadi jatahe dhewe-dhewe mau.
Patang dina sawise kedadeyan maling arep isa mlebu dhusun wingi, ora ana tandha-tandha ana maling arep mlebu dhusun maneh. Ora ana katon maling arep mlebu rono maneh, para warga akhire ngrasa ayem tentrem maneh. Nanging jebul rasa ayem tentreme warga ora suwe.
Ana maling wis isa mlebu ana ing dhusun kuwi, para warga kecolongan. Ora ngira ora nyana. Nalika kuwi mlebu wayah salat isya terus lanjut teraweh, kaya padatane. Nanging jebul malinge malah operasi wayah jam semono, wayah salat teraweh. Saiki sing dadi sasaran utawa dalan mlebune maling ana sisih etan pojok kidul. Malinge mlebu saka kidul, saka ngalas.
Nalika kuwi wayah salat teraweh. Para warga lagi padha teraweh neng mushola utawa masjid. Malinge mlebu saka arah alas sisih kidul etan, pojok. Kaya dene maling umume, dheweke ya ngerti wae yen omah neng kono kuwi lagi sepi merga padha menyang teraweh kabeh. Awit omah sing dileboni maling kuwi mau cedhak masjid, sisih-sisihan.
Malinge sirahe wis mlebu niliki jero omah kuwi kosong apa ora, awit lawange ora dikancing karo wing nduwe. Lagi sirahe sing mlebu karo clingak-clinguk, ana bocah-bocah cilik weruh. Dhasare bocah-bocah, menyango teraweh kudu salat jebul malah dolanan ning jaba. Nanging malah dadi kebenaran nalikane bocah mau ora melu salat teraweh malah dolanan, bocah-bocah mau malah padha ngerteni maling sing arep mlebu omah nyolong kuwi. Langsung wae, bocah-bocah kuwi kabeh mau padha bengok banter ana maling. Malinge mlayu. Ngerti konangan, malinge langsung njranthal mlayu ngalor, menyang buri omah sing isih rengket karo wit-witan lang etane ana kalen. Malinge mlayu banter banget. Tibake jam semono kuwi durung ana sing padha jaga merga isih padha salat teraweh neng mushola utawa masjid.
Langsung wae wong sing ana mushola cedhak omah mau menthong-menthong yen ana maling, karo liyane ngabari dhusun liya yen ana maling mlayu ngalor cedhak kalenan. Sakwise kuwi langsung wae bar salat langsung padha metu jaga ana ing pos-pos tanpa kudu kumpul neng pos tengah dhisik. Malahan langsung padha keliling goleki maling sing mlayu mau ana ing kebon, mbokmenawa kebenaran ketemu malinge mau. Nganti tekane sahur, tekan esuk byar. Malinge ora kecekel. Ora ketemu. Malinge lolos.
Sawise kedadeyan kaya ngono kuwi mau,  ngerondhane sansaya diketati lan luwih tertib supaya ora kedadeyan maneh maling isa kecolongan arep mlebu dhusun. Semono uga karo warga liyane sing ora ngerondha, mligine ibuk-ibuk sing ana ngomah supaya luwih telaten meneh. Yen arep lungo menyang ngendi wae wayah bengi, omahe supaya ditutup karo dikunci masio kuwi cedhak lan sedela. Tetep omahe kudu dikunci yen ora ana wong babar blas neng omah.

Layang Saka Kangmas


Layang Saka Kangmas
(Dening: Afita Indah Febriana)

Wis dakwaca layangmu kangmas
Kang wis kelangan
Rasa sih tresna
Biyen kebak ana jaja
Saiki wis ra ana
Kangmas…
Wis dakwaca layangmu
Wis dakngerteni kekarepanmu
Nanging kangmas
Aku dudu sapa-sapamu
Aku dudu kekarepanmu
Lan kangmas dudu kekarepanku
Layang saka kangmas
Gawe  trenyuh atiku
Ngasi eluhku tumetes ing pipi
Merga kekarepanmu
Sing ora bisa dakwujudake
Mung bisa dakwaca
Ora  bisa dakbales

Janji Kang Warta Rewa


Janji Kang Warta Rewa
(Dening: Afita Indah Febriana)

Apa sing kok pingini saiki wis kasembadan
Pitaya ya pitaya kabeh karo janjimu
Iku janji sing diomongake nalika sayembara
Tan bisa diugemi maneh
Apa kowe lali? Apa gak nduwe rasa?
Ing pikiranmu mung apa? Pangkat, bandha lan donya?
Nganthi lali akhiratmu lan janjimu
Dadiya pemimpin sing bisa ditiru
Apa ya mung pingin pamer pangkat?
Ha.. apa ora kepingin makmurke rakyatmu
Pancen janji-janji sing kok umbar
E…. jebul namung warta rewa
Banjur kapan lehmu mbuktikake
Rumangsamu wis dadi ya mung dadi
Ilang pangrasamu marang rakyatmu
Ana ngendi janji sing kok ucapake
Nalika sadurunge dadi
Ana ngendi kabeh sing kok omongake?

Kahanan Anggegirisi


Kahanan Anggegirisi
(Dening: Afita Indah Febriana)

Sapa sing gelem kahanan kayak mangkene
Aku, kowe, apa dheweke?
Sapa sing gelem kahanan kayak mangkene
Aku sing kudu ning omah
Kowe ya kudu ning omah
Apa maneh dheweke
Sing kudu nang omah wae
Ya kudu bisa ngubetake apa wae
Sekabehane dipageri
Sekabehane ditutupi
Banjur kepiye dalanku?
Pageblug sing teka ing nuswantara
Pageblug sing gawe geger donya
Kridhane kang anggegirisi
Nadyan wujud ora katon
Dadikake ana pati ing sawayah-wayah
Ya sapa sing gelem kahanan kayak mangkene
ati karep mulih
nangig kasigeg merga kahanan
aku, kowe, karo dheweke
Ya mung bisa nyuwun pitulungan mring Gusti
Muga-muga  pageblug iki  enggal sirna

KulOn


KulOn
(Dening: Afita Indah Febriana)

KulOn?
Apa ta iku jenenge KulOn?
Oh Kuliyah Online ta
Pait banget nasibe
Ujare mahasiswa lan mahasiswi
Kuliyah Online?
Banjur kepiye leh mulang?
Mulang ning materine kurang
Ya mung tugas saben mulang
Ujare mahasiswa lan mahasiswi
Dikira aku gelem kuliyah online?
Ya ra gelem nanging kudu gelem
Sing biasane Wi-Finan nang kampus
Saiki dadi mampus merga ora ngampus
(Cerkak dening: Kurniawan)

           “Kim! Tangi Kim! Selak imsak,” mangkono swara sing tansah bengak-bengok ngebakki kupingku, ya ora liya, swarane emakku saka pawon, gugah bocah sing turune angler kaya kebo. Mesthine wae ora bakal tangi, yen durung ana pecut sing nyampluk awakke.
            “Ndang tangi! Raup! Ndang saur kene, bocah digugah angele rakaruan” Mata sing esih ngantuk, riyip-riyip, takpeksa awakku iki supaya tangi, karo molet-molet nyawang jam sing tememplek nang pager kamarku, wis nuduhke jam setengah papat esuk. Tanpa semaur, aku budhal nang buri, mesthi nguyuh, ora lali ya raup sisan, supayane nyawaku genep.
            Merga esuke ya ethok-ethok melu nindhakake pasa, dadi ya kudu melu saur. Sanajan sok kadhang budhal nyang warung sing ketutup korden.  Sega, lawuh, wedang, kabeh wis cumepak. Kari njupuk, banjur enggal-enggal dipangan. Lagi wae ngemplok sega telung cendhok, dumadakan hapeku muni, ohhh.. jebul ana telepon saka Nisa, wong wadon sing ws suwi dadi gegantilaning atiku.
            Aku lan Nisa kenal wis suwi, wiwit kelas telu MTs, nalika nang pondhok pesantren Kyai Ageng Giri jaman semono. Nisa iku asline wong Kudus, ya tangga  kuthaku dhewe. Dheweke wis ra nduwe ibu, merga meninggal nalikane nglairake Nisa. Merga kuwi bapakne dadi ora seneng marang dheweke, nganggep yen Nisa kuwi bocah kurang ajar, lagi lair wae wis gawe tumekaninng pati dening ibune. Mangka wiwit iku, Nisa dirumat dening simbahe. Sanajan wis sepuh, nanging esih ngrumat bayi sing ditinggal seda ibune. Aku lan dheweke bebarengan wis suwi, wong tuwaku ya ngerti, seneng pisan. Tangga teparo ya wis adha ngerti uga. Dheweke asring ngabari aku lewat telepon.
             “Hallo, mlekum.. Aku wis tangi, Dhik. Awakmu telat nuk,  anggone gugah aku. Hahaha..” Karang biasane Nisa ya nelpon aku nalikane wayah-wayah saur ngene.
            “Waalaikumsalam, Mas..” swarane karo sajak mesesegen.
            “Lohh, kena ngapa, kog sajake sedhih mangkono? Halah-halah! aja nangis ta,  mung telat anggone gugah aku kog nangis!”
            “Dudu prekara kuwi Mas..”
            “Lha apa ta Dhik? Sajak wigatine ki lhooo..” aku pancen ora ngerti karepe Nisa iku ngapa, kog esuk-esuk durung subuh wae wis tetangisan. Wong saben dinane wiwit karo aku, dheweke ya ora tau sedhih. Malah kepara bungah-bungah wae.
            “Sewengi aku rabisa turu Mas..” ya esih wae, kandha karo nangis.
            “lhah dalaaaaahh.. amung prekara rabisa turu wae dadak nangis, huuuu.. wagune ki lho” Wiss.. bubar saur mengko subuhan terus turu pollll.. sore ya! Pancen semaurku ceplas-ceplos mangkono, kaya adat saben dinane. Nanging arepa kaya ngapa Nisa ora tau serik, pancen, dheweke iku kenya sing sabar, alus, tur ya ayu. Krana iku, akih sing pengin nggarwa dheweke.
            “Dudu Mas, dudu kuwi..  mau bubar trawih, Huda sowan rene sakulawargane..”
            “Hayo mbok ben wae ngapa ta? Dolan kog ora olih. Wong ya arep silaturahmi marang simbah..” Huda iku kakang kelasku, nalika nang pondhok pesantren  biyen, dene wong tuwane pancen ya wis kenal suwi karo simbahe Nisa, malah wis kaya sedulur dhewe. Dadi, lumrah wae yen Huda sakulawarga iku sowan nang simbahe Nisa.
            “Huda nglamar aku, Mas!..  mulane dheweke iku ngajak sakulawargane.”
            “Hehh, nek ngomong aja ngawur ngono.. goroh! Ra lucu lahh! Mengko yen dilamar temenan kapok lho ya.. hahaha, benera Huda kuwi bagus, ya rada pinter, nanging apa kowe ki gelem?”
            “Aku gak goroh Mas, estu, Demi Allah..”
            “Ya nek pancen kowe seneng tampanen, hahaha..” niyatku pancen guyoni Nisa, supayane dheweke ora nangis wae. Aku wani nyeplos mangkono merga Mbahe Nisa wis kenal aku suwi, kepara malah aku dianggep anake dhewe, dianggep tunggale Nisa. Luwih-luwih wis dijanjeni, dene sesuk wis siap rabi aku kon nikah karo Nisa.
            “Ora Mas, ora. Ra ana wong lanang liya saliyane sampean, nang atiku iki, arepa nganti tumekaning pati, rasa iki suci, tulus, hamung gawe sampean. Disekseni arwah ibuku sing ana kana,  hamung sampean Mas!” swarane Nisa malah sansaya ora negelke, sansaya mesesegen anggone nangis.
            “Arepa Huda nglamar awakmu, nanging simbah kan wis menehi janji marang aku ta Dhik, dene aku sing bakal karo awakmu.”
            “Ora ngertiya, Mas.. ora tak nyana, simbah malah nampa lamarane Huda marang aku.”
            Saknalika swaraku kandheg, kaya dene ngerem ndadak. Ora ngira, ora tak nyana, yen simbahe Nisa tegel  marang wong sing dianggep anake dhewe, wong sing dijanjeni bakal dijodhohke marang putune. Telepon sih nyambung marang Nisa, nanging aku wis ora kuwat semaur, dhadhaku sesek, pungkasane eluhku sing tumetes nyauri swarane Nisa sing omong lewat telepon.
            Adan subuh  wis keprungu, nganti komat pisan, nanging  aku ora bisa ngerem anggone ngendheg eluh sing tumetes.
            “Kim! Subuhan! Aja malah ngalamun wae,” swarane emakku karo nyedhaki. “kowe ki ngapa? Subuh-subuh kog nangis, kenthirmu lho, Lee.. wis kana ndang subuhan sik!”
            “Iya Mak, iyaa.. aku wis krungu. Rausah dibulan-bleni ngono.. dadekake aku tambah mumet.”
            “Mumet ki mumet ngapa lahh?! Wong ya prei suwi, gaweyane amung tura-turu kaya gombal amoh kog ya bisa mumet.”
            “Iya Mak,  sakarepmu lahh..” karo mlaku menyang buri kaya dene manungsa sing wis ora duwe daya.
            Aku ora wani crita marang emakku, ngenai Nisa sing dilamar Huda, malah ditampa mbahe pisan. Amarga emakku ya ngerti yen aku wis suwi karo dheweke, luwih-luwih emak ya setuju banget, amarga kelakuane sing apik,  wonge ya apik uga.
            Mengko yen wis padhang takniyati, aku arep sowan menyang mbahe Nisa, konfirmasi kena ngapa panjenengane tega banget marang aku. Padhahal ya wis janjeni, bakal menehake si Nisa supayane mbesuk yen aku lulus bisa langsung tak lamar. Saben aku sowan ngomahe, mbahe ya katon bungah banget, sajak ndhukung aku temenanan, nang ngarepanku pancen mangkono, tapi aku rangerti kepiye karepe saiki. Ana unen-unen, kedhung jero bisa dijajakki, nannging atine manungsa, sapa sing ngerti?
            Padhang jingglang, srengenge sumorot saka wetan, peksi-peksi tansah padha cecaturan, angin sumilir alon kang gawe swasana adem tenan. Nanging atiku esih padha wae, kebak rasa pitakonan. Sawise adus lan tata-tata, mangka aku enggal-enggal budhal menyang mbahe Nisa.
            “Assalamualaikum, Kula nuwun..”
            “Kula nuwun...  Mbah..”
            “Assalamualaikuuuuum....!”
            Nganti ping telu anggonku uluk salam,  nanging durung ana sing semaur. Dasare pancen wis sepuh, manawa ra patya krungu. Hadeeehh..
            “Assalamualaikum,  Mbaaaahh.. kula putumu Mbahh..!”
            “Waalaikumsalam, mangga Nang, manggga, kene mlebu..”
Mbahe Nisa semaur sajake rada kaget, merga saka pawonan mburi karo mlayu-mlayu metu.
            “Piye, Nang? Ana apa ta, kog esuk-esuk dengaren wis tekan kene, sajak wigati temen.”
            “Piya-piye ndasmuii! (nanging cukup ana batin wae).  Wong wis cetha-cetha ngono esih takon piye. “hehehe, mbahe sehat nggih Mbah?”
            “Iya Nang, alhamdulillah sehat.. ya mung kagetan ngene, karang wis tuwa, kadhang sembahyang ya wis ra kuat ngadeg.”
            “Nggih Mbah, alhamdulillah menawi sehat, Lha Nisa ra inggih sampun budhal makarya Mbah? ” Ora two the point, aku ora langsung takon ngenai topik sing dakmaksud.
            “Iya iki mau dheweke rada kawanan, sewengi ora gelem turu, malah nangis wae, Nang-nang..”
            “Lohhh... lha wonten menapa?”
            “Anu iki mau...” durung tutug olehe ngendika mbahe wis mbrebes mili.. aku delok sajak ora karuwan batinku, melu trenyuh pisan.
            “Kados pundi, Mbah? Wonten menapa?” karo esih ethok-ethok ora ngerti.
             “Pangapuramu sing gedhe ya putuku, Cah Bagus.. mau bengi ana priyantun sing sowan mrene, duweni karep yaiku nglamar adhimu, Nisa, cah ayu. Mbah pancen wis janji karo awakmu, dene Nisa mbesuk kowe sing bakal ngrabi. Nanging wektu iki mbah sarwa ora kepenak, arep tak tulak, wong iku ya wis kasep cedhak rakete karo Mbah. Priyantun kala mau mojokake mbah, nganti ora bisa apa-apa, mung bisa nampa, kanthi rasa sing ora bisa legawa Nang..”
            Mbahe ngendika karo tetangisan, sansaya ora kuwat aku ngempet eluh sing tumiba,  batinku wis ambyar ra karuan, mung bisa semaur karo mesesegen.”
            “Kog saged makaten, menika kados pundi Mbah? Menapa mbah  boten ngendika yen si Nisa mpun kaliyan kula.”
            “Sepisan maneh pangapuramu singg gedhe Cah Bagus. Mbahe ki wis tuwa, yen kudu ngenteni awakmu mbah ya mesakke marang adhimu.. Mengko iki sasi Sawal, adhimu bakal resmi dirabi karo Huda.. tak jaluk awakmu sing iklas, Nang.. najan wis kaya mangkene Nisa kudu mbok lalikke, iya lalikke alon-alon..”
            Krungu tembung iki, aku sajak dadi mikir. Masa ya mbahe ngece aku mangkene.. utawa panjenengane wis krasa. Aku ra mangsuli apa-apa, mung bisa nangis wae. Mangka aku enggal-enggal pamit.
            “Mbah, kula pamit riyin Mbah..”
            Mbahe ya ora wangsulan, esih wae nangis, ngrumangsani yen panjengane luput.
            Bener kandhane, tanggal 14 sasi Sawal Nisa sida dirabi karo Huda, aku ya mung bisa teka nyang undangane wong sing banget tak kasihi, ta tresnani, nyawang kekarone lunggguh jejer, batinku ajurrr! Najan tak sawang Nisa ora bisa bungah kaya pengantin adhate.
            Let sedina sawise Nisa lan Huda resmi dadi bojo sing sah, aku entuk kabar,  dene mbahe Nisa seda..
            Manawa iki sing dikarepake mbahe kala wingi, yen ngenteni aku lulus, kabeh bakal rekasa.  Wong wadon sing ayu budine, uga sarirane, sing ditinggal seda ibune wiwit lair, sing ditinggal bapakne, ora duwe sapa-sapa maneh kejaba mbahe. Lumrah wae yen mbahe nampa lamaran wong lanang liya. Najan ta kaya mangkene.. atiku ra karuan, aku coba nglalikake Nisa, kabeh kontak sing berhubungan karo dheweke tak blokir. Nanging arepa kaya ngapa pancen aku ora bisa lali.. persis sing ana tembang kae. Lali lali datan bisa lali, lawas saya katon, upamakna wit-witan kang gedhe..
            Najan ta wis duwe dalan dhewe-dhewe, Nisa lan aku, nanging tresnaku ora bisa ilang, malah kepara sansaya mundhak olehku nresnani dheweke kaanthi meneng-meneng, nganti saiki ,nganti seprene, nganti aku nulis crita iki.
Nuwun.

Isin


Isin
(Dening: Kurniawan)

Isin sing takrasa
Jan-jane aku iki suku apa?
Lair lan digedhekake nang Jawa
Wong tuwaku cetha wong Jawa, dudu saka Cina
Nanging tekan seprene gedhene, aku ora ngerti apa-apa
Sanajan Jawa iku pener kaya
Duwe dhewe sing jenenge angka lan aksara
Nanging ora ana sing takngerteni saksijia     
Malah kepara aku luwih ngerti aksara saka manca
Durung maneh sing arane budaya Jawa
Blass!! Babar pisan, kaya mangkono. Ngertiya
Merga aku luwih seneng budaya saka njaba
Nganti ora ngerti sing arane unggah-ungguh tatakrama
Marang sepadha-padha lan wong tuwa
Nglakoni apa wae mung nuruti ati rena
Suwe-suwe amung isin sing takrasa

Usum Lara

Usum Lara
(Dening: Kurniawan)

Ing warsa menika, lagi usum lelara
Lelara tan kasat mata
Esuk esih waras, la kog awane lara
Sore sansaya cetha, wengine seda
Lahh!! Aku malah sih nang kutha
Adoh saka kulawarga
Kudu kepiye iki, Nca? Kanca?!
Ana lara kog gawe gegere donya
Apa aku kudu bali, mring desa sing taktresnani
Sanajan kahanan banget gegirisi
Apa cukup ana kene wae, tan kena ngendi-endi
Supaya ora ketular lelara kuwi
            Sing penting ayo padha nyawiji
            Reresik jiwa lan sanubari
            Ora lali dedonga marang Gusti
            Mugya lelara iki enggal kabasmi

KIRIMAN KEMBANG

KIRIMAN KEMBANG
(Dening: Petty Dwi Aprilia)

Senadyan katon cilik, nanging warung kuwi dagangane pepek renek. Sing duwe ya sumeh tur resikan. Pak Turiman karo bu Eti pancen wis suwe anggone mbuka warung cilik kuwi. Manggon ing Dusun Cikalong, cedhak dalan sepur. Ora pati adoh saka umahe sing duwe. Wong-wong sing manggon ing dusun kono, biasane ngarani warung kuwi kanthi sebutan warung pecel sampir. Pancen sakliyane nyanding dagangan kaya dene sembako lan sabun, warung kuwi nalika awan ya nyanding pecel. Yen awan nang kono pancen rame wong, apa meneh yen sore akeh nom-noman padha jagongan ing dalan sepur. Warunge pak Turiman pancen ora tau sepi sing tuku, mesthi saben dina dagangane laris manis. Apa meneh pecel gaweane bojone sing wis misuwur enak tur akeh. Regane ya murah lan panggonane sing silir marai wong padha nyedhak.
Warung sampir duweke pak Turiman buka saben dina wiwit jam 5 esuk. Dene bojone nggoreng aneka werna gorengan, kaya dene mendowan, bakwan, gedhang goreng, lan akeh liyane. Merga warunge pisah karo umahe mula pak Turiman karo bojone mangkat gasik banget yaiku jam 3 esuk. Karepben anggone tata-tata ora pati grusak-grusuk. Pancen duweke pak Turiman mung sepedhah montor merek Honda Astrea kuwi ya metuan taun lawas. Nanging merga dirumat kanthi permati dening bendarane, mula senadyan motor lawas nanging taksih keling-keling. Sisih lor warung yaiku sawah lan dalan sepur. Tangga cedhak warung ya sakjane akeh, nanging yen wayah esih jam 3 esuk ya taksih padha angler turu. Mula sing wadon senadyan wis taunan esih wae ana rasa wedi. Pak Turiman ya sakjane wong lanang sing mandan wedian, nanging eling yen kuwi wis dadi sumber pangane.
Saben esuk bu Eti lunga tuku blanjan ing pasar. Pasare ya ora pati adoh. Esuk kuwi bu Eti arep lunga menyang pasar. Nalika ngetokake pit saka njero omah, bu Eti waruh nom-noman padha bonceng-boncengan numpak motor. Kira-kira ana 3 montor sing ditumpaki bocah lanang sing mboncengake bocah wadon. Nanging iku ora pati digagas dening bu Eti. Merga ban pite rada gembes, banjur dheweke nyilih pompa nang tangga sisih omahe. “Yu tak nyilih pompane sedela ya”, pocape bu Eti karo njupuk pompa sing wis biasa dadi silihane saben ban pite gembes. Sing duwe ya wis maklumi, banjur pompane didelah ana sing ngarep omah wae. Karepben ora ndadak njupuk ning njero omah nalika ana sing arep nyilih.
Nalika wis rampung mompa, banjur enggal gage dibalekake dening sing duwe meneh. bu Eti mandan krasa aneh, dene anake wadon sing duwe pompa ora tau keton ing omah. Jane iku ora patia digagas, nanging kok prawan arang ning omah iku mandan dadi pitakonan ning atine dhewe. Jenenge bu Endar, wis dadi pegawe ning kantor kecamatan. Anake mung 1 tok, esih prawan. Dene sing lanang dadi pegawe ing kantor KAI, mula sibuke wong tuwane ndadekake anake wadon kurang perhatian. Asila jeneng anake bu Endar, prawan sing umurane kira-kira 18 taun. Dheweke wis suwe arang ning omah, alesane sepi tur wedi nang umah dhewe. Bu Eti mandang eling yen nom-noman sing mau lewat omahe kuwi salah sijine sakklerapan kaya Asila. Nanging iku nembe pandugane, merga mau ya anggone numpak montor rada banter lan ora pati didelengake sing cetha.
Bali saka pasar, banjur bu Eti langsung menyang warunge. “Wis Pak nganah mbok arep bali dhisik, aku tak nyiapake kanggo gawe pecel”, jare bu Eti karo nyawang bojone sing sajak wis rada ngantuk kuwi.
“Oh ya Bu, deneng mbak Asila siki ora tau keton nang umah yah?” pitakone pak Turiman karo tata-tata arep bali. Bu Eti nalika mangsuli ya karo mbatin dene padha karo sing dipikirake mau esuk.
“Mbuh ya Pak, wong prawan kok arang nang umah”, wangsulane bu Eti karo rada ngegas.
 “Wis ya Bu, aku tak bali dhisik”, pocape pak Turiman.
“Iya pak ati-ati”, wangsulane bu Eti karo nyawang bojone nalika ngesla montor. Wengine warunge pak Turiman rame banget ora kaya sing biasane, malah sing wadon nganti katon sayah banget anggone ngeladeni sing tuku. Pak Turiman banget sukure nganti atine ora mandeg ngucap maturnuwun marang Gusti.
Banget ramene nganti ana sing ngomong, yen pak Turiman anggone dodolan nganggo jampi-jampi. Apa meneh yen ibu-ibu sing krungu, warta iku malah saya ditambah-tambahi. Malah ana sing ngomong yen pak Turiman mbuka warung kuwi nganggo tumbal, karepben warunge laris terus. Nanging iku ora pati digugu dening pak Turiman lan kulawargane, dhewe yakin anggone dodolan kuwi kanthi cara sing bener. Mula ora wedi lan ora krasa salah yen  dheweke diarani sing ora-ora. Bu Eti ya mengkono, dheweke malah ora ngerungokake nalika ana sing ngomong yen dodolane nganggo ilmu gaib. “Wis Bu, ora usah dirungokake lah nyatane dhewe ora ngelakokake ikih”, jere pak Turiman sinambi nenangake sing wadon.
Sakdurunge pak Turiman karo bu Eti mangkat meng warunge. Biasane jam set 3 esuk, pak Hadi lunga menyang balong cedak sampir kuwi. Pak Hadi kuwi wong sing kerja nang peternakan pitik nang dusun Cikalong. Bendarane jenenge bu Rini, misuwur jurangan pitik sing kagolong sukses. Ning peternakan pitik duweke bu Rini uga dodolan pitik sing wis disembeleh. Mula wulu pitike timbang numpuk banjur dibuwang ning balong. Pak Hadi sing maune wedi, nanging merga wis kulina banjur saiki biasa wae. Dina iku esuk njeput pak Hadi wis mangkat marang umahe bu Rini, perlu mbuwang bulu pitik. Tanpa rasa wedi banjur pak Hadi tumindak marang sampir, tujune balong sing pancen wis reget kebak uwuh. Banget sepine nganti anggone mlaku kaya seru banget. Sawise mbuwang wulu pitik sakkresek banjur pak Hadi arep muleh. Nanging dheweke kaget banget nalika weruh ana wong sing gumlethak ning sisih dalan sepur. Pangirane langsung tujune paling wong tiba saka sepur, nanging nalika dicedhaki tatune ora kaya dene wong sing tiba kang sepur. Getih ning sisihe uga ora pati kumlecer.
Pak Hadi langsung laporan marang RT nang kono. Pak Turiman lan bojone sing arep mangkat meng warung, dumadakan krungu wong-wong padha omong-omongan. Bu Eti wedi banjur ngomong marang bojone “ana apa ya Pak? deneng rame temen”. Banjur pak Turiman mangsuli “Paling wong arep mangkat mancing Bu” anggone mangsuli sing wadon karo disambi natani keperluwan warunge. Banjur wong loro mau mangkat kaya biasane numpaak Honda Astrea. Nalika wis tekan ngarep warunge, nang kono wis rada akeh wong padha ngadeg. Sinambi omong-omongan nanging rada risik-risik merga esih jam 3 esuk, ora kepenak yen kudu bengok-bengok. Nang kono pak Hadi ya lagi ngadeg, banjur pak Turiman takon marang pak Hadi “ana apa sih kang?”. Pak Hadi sing sajak tasih gumeter karo mangsuli “kaaaae kae anuuuu wong mati mbuh kepriwe”. Pak Turiman sing wis penasaran banget banjur marani wong sing padha ngadeg ing sisih dalan sepur. Dheweke kaget banget nalika weruh jisim sing wis gumlethak kuwi.
Awane banjur akeh wong sing padha pengin nonton. Malah banget ramene nganti pak Turiman ora sida mbuka warunge. “Dina iki prei sik Bu” pocape pak Turiman.Nanging sing wadon ora mangsuli, merga atine tasih kaget ora percaya. Jebul sawise diselidiki dening polisi, jisim kuwi mati dudu merga tiba saka sepur nanging kurban pembunuhan. Mula bukane merga nandhang masalah bab asmara. Jebul sing dipateni kuwi, Ronal nom-noman sing sering lunga karo Asila. Miturut polisi, Ronal dipateni merga rebutan trasnane Asila karo kancane. Wong-wong nang kono padha ora nyangka dene Asila, anake pegawe bakal melu ana ing masalah kuwi.
Wiwit saka kedadeyan kuwi, saben wengi warunge pak Turiman mesti kebak kembang. Kaya-kaya ana sing ngirim, kembang-kembang kuwi arum gandane. Yen arep miwiti dodolan, pak Turiman karo bojone kudu ngresiki kembang-kembang nang njero warunge. Pak Turiman heran banget, warunge kuwi dikancing rapet kok isa kembange nang njero. “Owalah mas-mas sing gawe perkara njenengan, sing nandang susah aku karo bojoku” pocape pak Turiman nalika ngresiki kembang-kembang kuwi. Warta bab warunge pak Turiman sering dikirimi kembang kasebar ing dusun kuwi, mula ndadakake wong-wong padha tambah ngrasani pak Turiman karo bojone. Ora ngerti wiwit bukane kembang kuwi saka ngendi. Nanging sing paling digumuni, kembang kuwi mesti kaya ana sing ngganti saben wengine. Banget wedine banjur sing wadon njaluk yen warunge dibongkar wae. Saiki pak Turiman dodolan ning omahe dhewe.

Nyerat

  Nyerat dening Risywan Taufiq   Kala wengi srengenge pati Angen-angen pujangga tansah ngulandara Madosi tembung tembung gegurit b...