Tuma Kathok

Tuma Kathok

Dening: Annisa Cahyanti

 

 

Adhiku lanang sing paling cilik dhewe lagi rewel-rewele. Umure isih rong taun, nanging wis bisa ngecipris. Esuk kuwi, ibuku lagi repot ngumbahi dadi ora duwe wektu longgar kanggo momong adhiku.

 

“Ndhuk, tulung adhine dineng–nengi. Ibu lagi ewuh, ki. Ga-weyane isih pating klarah,” bengoke ibuku sinambi.

 

Krungu panjaluke ibuku, aku banjur gregah tangi. “Nggih, Bu. Tak neng-nengane,” wangsulanku sinambi nyedhaki adhiku.

 

“Ucup…ucup….ucup diyem adhikku sayaaaang sing paling cantik paling manis.”

 

Mengkono aku bola-bali ngudang adhiku.

 

“Kenapa kok nangis terus mau permen…eh eh .. atau mau kakak bacain cerita Upin Ipin, mau.”

 

Krungu wangsulanku mau tangisane adhiku malah saya banter.

 

“Ndak mau ndak mau…mau entok bob-entok bob,” panja-luke adhiku karo mimbik-mimbik rewel lan manja banget. Dhe-leg–dheleg aku, bingung nuruti apa pepinginane adhiku. Ru-mangsaku adhiku njaluk dinyanyekake menthok-menthok. Ban-jur gage aku nyanyi, “Menthok–menthok tak kandani mung laku-mu anggg….”

 

Durung rampung anggonku nyanyi, tangisane adhiku tam-bah sero. Atiku rasane buneg tenan, mangkel nanging ora tega weruh dheweke nangis.

“Untung mung ndhuwe adhi siji. Nek genep papat walah dadi ra waras aku,” batinku nang jero ati. Saya suwe tangisane samsaya kaya gludhug mecahake sepine omah.

 

“Sreeekkk….srekkkk….sreekkkkk,” swara sandale ibuku.

 

Ibuku banjur marani lan takon, “Iseh nangis terus nopo Nduk.”

 

“Injih, Bu. Lha adhik niku jaluk entoook-bob entokkk-bob sampun kulo tambangke menthok-menthok ning tangisane tam-bah sero,” wangsulanku karo rada jengkel.

 

“Owalahhh, Ndhuk. Adhimu kuwi jaluk ndhelok Sponge Bob ora njaluk dinyanyekke menthok-menthok,” wangsulane ibuku karo nguyu.

 

Aku saiki lagi mudheng kenapa adhiku nangis. Nalika cilik kesenenganku karo adhiku iki beda. Aku mesthi nangis njaluk ditukokake buku crita. Wektu kuwi sing paling tak senengi crita Sincan. Menawa ditukokake buku crita Sincan senengku ora ja-mak. Kon milih dolanan apa buku crita mesti milih buku crita, beda karo bocah jaman saiki sing senenge mung nonton TV.

 

Saben-saben ditukokake buku crita, aku bungah lan buku ku-wi tak waca bola-bali, tak gawa nang ngendi wae aku lunga. Wek-tu kuwi aku duwe sedulur kang jail banget jenenge Panjul. Bocahe manja. Apa-apa panjaluke kudu dituruti karo wong tuwane. Se-dulurku kuwi senengane dolan ning omahku. Sing paling njeng-kelake, dheweke mesthi ngrusak barang apa wae kang mentas dicekel lan dianggo dolanan. Mula aku bingung kepriye ngaman-ake barang-barang dolananku menawa bocah kuwi teka. Do-lananku sok tak seleh neng kamar mandi, nanging tetep ora aman, tak seleh neng kamar saya gampang dikonangi. Judheg banget lan bingung menawa bocah kuwi dolan neng omahku.

 

Durung rampung anggonku ngangen-angen, eh…keprungu swara wong nothok lawang.

 

“Thokkk…thokkkk….thookkk….thokkk.”

 

Jebule budheku lan putrane, Panjul. Sakal pikiranku dari bi-ngung. Sing ana pengangenku piye carane aku nyelametake buku critaku sing anyar iki saka pangganggune Panjul. Bingung le ndhe-likake bukuku, banjur tak lebokake ning njero kathokku banjur lingguh anteng lan nguya-nguyu mesam-mesem manggakake bu-dheku. “Koyo wong ra genep,” batinku. Ibuku, budheku, Panjul kabeh padha lungguh ana ing meja mangan lan geguyon. Lha, aku mung isa ndelengake wae saka kadohan ora wani nyedhak amarga wedi keconangan dening Panjul menawa aku ndhelikake buku crita ing njero kathokku. Aku mung isa dhelengake karo ke-thap-kethip. Rasane keju temenan lingguh terus tur ya piye me-nawa aku ngadhek. Bukune mesthi mbrojol tiba terus konangan Panjul lan dirusak. Tak tahan–tahan sinambi ngampet ngelih lan ngampet pipis. Ibuku nimbali aku supaya melu ngumpul sameja makan, nanging aku tetep ora obah saka palungguhanku. Wah, pancen cilaka tenan iki.

 

Lagi nengahi padha dharar ing meja makan, dumadakan ke-prungu swara suuuuurrrrr……suuuuuurrrrrrr…..surrrrrrrrrrrrrr

 

banjur kabeh do teles. Aku njenggirat. Jebul aku ngompol. “Wa-dhuh, Biyung,” batinku karo kisinan banget. Jebule anggonku ngampet nguyuh mau wis ora bisa tak tahan maneh. Iki gara-gara aku mung pingin ngamanake bukuku sapa Panjul si bocah nakal kuwi.

 

Ngongangi aku ngompol, sanalika Panjul mbengok alok,

 

“ W e z z z z z z . . . . w e y y y y y y … . . w e y y y y . . . .

 

dedepol…dedepolll……dedepol cah gedhe ngompol haaaa ngom-pol ngompol dedepol.”

 

“Aaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaa……….,” aku mbengok saken-cengku. Isin, isin, isin tenan aku dikonangi wong akeh. Aku banjur nangis ngguguk. Wis isin ditambah buku crita sing tak dhelikake dadi teles kebes tur pueeeeesing ambune.

 

Sawise ibuku lan budheku mangerteni dhodhok selehe per-kara kenapa aku wiwit mau meneng wae ora gelem nyedhak, ban-jur maklum lan mesem sajake ngrasa geli. Aku dicedhaki ibu lan arep dituntun menyang WC. Nanging aku mung mbegegeg ora gelem menyat seko panggonanku. Wusanane aku rada digeret dening ibuku. Walah kathokku wis ora rupa kathok lan buku ceritaku wes kebes lan ambune puesing ora karuwan. Mula wiwit kedadeyan kuwi tekan saiki parabanku “tuma kathok”. Menawa kelingan pengalaman kuwi saiki, aku mung ngguyu lan isin.

Apese Wong Plesiran

Apese Wong Plesiran

Dening: Pandji Saputro

 


Wayah esuk umun-umun mbarengi jumbedhule bagaskara mbuka lembaran-lembaran citra anyar. Sumiliring angin rumasuk ing sela-selaning kulit. Tetesing bun wayah esuk mblasah ana pu-cuk-pucuking gegodhongan. Kaya biyasane, Wilton miwiti dina kanthi asung donga marang Gusti Kang Murbeng Dumadi.

 

“Alhamdulillah, Gusti Pangeran taksih maringi kalodhangan kanggo aku ngicipi pait getir rasaning donya,”dongane Wilton ing pungkasaning ukara.

 

Sawise asung bakti marang Gusti, Wilton tata-tata kanggo mulang ing salah sawijining sekolah pinggiran kutha.

 

“Mami . . . Mamiku sayang sing tak tresnani,” swarane Wilton sing renyah ngundang Jeng Alfi

 

“Nggih, Papi,” wangsulane Jeng Alfi karo nggawa kopi lan gorengan saka pawon.

 

“Mi,. . . aku arep omong karo sliramu.” “Oh. . . nggih, Mas. Wonten menapa?”

 

“Sesuk kuwi aku prei anggonku mulang. Lha, piye yen awake dhewe plesiran?”

 

“Hmmm. . . mmm,” Jeng Alfi ora semaur, mung mesem liring mripat ditempuke karo mripate garwane sajak seneng campur ma-rem diajak plesir karo garwane.

 

“Ya refreshing sithik lak ora apa-apa ta, Mi?” ujare Wilton katon mesem.

 

“Emang plesire ten pundi, ta, Pi?” pitakone Jeng Alfi.

“Pokoke plesir. Sing penting sesuk cepakna apa sing kudu digawa!” ujare Wilton disambi ngombe kopi.

 

Wilton, sawise ngenteke kopi lan gorengan banjur mangkat menyang kantore. Sakiwa tengening dalan mung ketok gumuk pa-sir sing katon endah disawang. Dheweke tetep nrima apa sing wis diwenehake Gusti, senajan panggonane adoh saka kutha. Wil-ton tetep seneng mulang ing sekolah sing papane adoh kuwi.

 

“Menawa dinikmati, rak ya dadi kepenak,” batine Wilton sa-ben dinane.

 

Ora let suwe, Wilton tekan sekolahane.

 

“Assalamu’alaikum.” ujar Wilton

 

“Wa’alaikum salam, pak guru!” wangsulane para siswa

 

Guten Morgen,” salame Wilton nganggo basa Jerman

 

Guten Morgen.

 

Wie geht es ihnen.

 

Gut danke.”

 

Danke gut.”

 

“Bocah-bocah besuk iki awake dhewe prei,” kandhane Wil-ton marang para siswa.

 

“Hore. . . hore. . . prikitiew. . .”

 

“Nah, kanggo tugas ning omah gaweya die Kurzgeschichte utawa cerpen lan ditumpuk minggu ngarep!”

“Huuuuuu. . Huuuuuu. . .Huuuuuuu. . .,” sauté para siswa katon kuciwa.

 

“Teng. . . teng. . . teng. . .”

 

Bel bali wis muni. Para siswa katon seneng krungu bel kuwi mau. Kabeh mulih ning omahe dhewe-dhewe. Wilton sing wis duwe rancangan anggone arep lunga karo garwane banjur mulih menyang omah.

 

Sawise tekan omah lan nyelehake pit montore ing mburi pa-won, Wilton mlebu omah.

 

“Eh, Papi sampun kondur?”

 

“Iya, Mami.”

 

“Pripun wau ten sekolahan?” pitakone Jeng Alfi.


“Alhamdulillah apik.”

 

“Wah, manteb nggih!” saure Jeng Alfi marang garwane. “Mi. . . sing arep digawa sesuk wis dicepakake, ta? pitakone Wilton.

 

“Sampun papiku sing tak tresnani!” “Sip.”

 

Wayah esuk Wilton lan garwane tumuli tata-tata plesir. Bu-ngah rasaning ati Jeng Alfi diajak plesir dening Wilton. Tekan ing papan plesiran hawae adhem rumasuk ing badan. Papan kuwi sawi-jining pegunungan sing pancen endah banget sesawangane lan seger hawane. Wong loro banjur padha dolanan kaya bocah cilik sing lagi seneng tamasya. Wektune nggremet ora krasa wayah san-saya sore. Wilton lan Jeng Alfi tumuli bali numpak sepeda motore.

 

Ing tengah-tengahing laku, dumadakan wong loro dikageta-ke dening swara ban motor mbledhos, ”dhuarrrrrr..” wong loro padha kaget sakal.

 

“Sastropilloh. . . mandheg-mandheg, Pi!” ujare Jeng Alfi karo cekelan gegere Wilton kenceng.

 

“Astaghfirullah, Mi!”

 

“Haduh-haduh. . . .”

 

Sepeda motore isi tetep mlaku banter. Wilton durung bisa ngu-wasani motore, banjur….

 

“Nyit. . . Nyit. . .ngeng. . . gubrak. . .”

 

“Adhuh. . . adhuh manukku nyangkut!” ujare Wilton nye-ngir kelaran.

 

“Papi. . . adhuh kok apes, ta!”

 

“Ambuh. . . montor rosok! Trembelan gadhung! Kampret!” ujare Wilton katon muni-muni mangkel.

 

Nelangsa tenan nasibe Wilton lan Jeng Alfi nalika ban mburi motore bocor lan nabrak buk ning tengah desa kluthuk sing ketoke nyenyet. Disawang wong loro ing sakiwa tengene akeh watu-wa-tu sing tinata rapi jentrek-jentrek. Basan ditamatake temenan, jebule maejan. Langit wis katon peteng. Swara manuk guwek sing asale saka tengahing kuburan nggawe wulu githoke ngadeg kabeh.

 

“Pi, kok apes banget awake dhewe?” ujare Jeng Alfi marang Wilton.

 

“Ha-a, Mi. Wis ban bocor, lewat tengah kuburan meneh.”

 

“Pi, aku mrinding.”

 

“Sing kuwat wae, Mi.”

 

Ora let suwe kabut wiwit ngemuli wewengkon kono. Wilton lan Jeng Alfi gage-gage golek omah kanggo leren lan nginep.

 

“Pi, kuburan kok ra entek-entek?” kandhane Jeng Alfi ma-rang Wilton.

 

“Mbuh, aku ya saktemene wedi.” “Papi, ketoke kae ana angkringan.” “Eh, iya! Mandheg rana ndhisik ya, Mi!” “Ya. Aku yo wis krasa ngelih!”

 

Wilton lan garwane tumuju angkringan sing ana ing pojok gang cedhak kuburan.

 

“Ngersakke menapa, Mas?” pitakone bakul angkringan. “Jahe anget kalih gendhise sekedhik kemawon,” wangsulane Wilton.

 

“Sekedhap, njih, Mas!”

 

“Mas, wonten celak mriki menapa wonten tambal ban?” pita-kone Wilton katon lugu.

 

“Waduh, mboten wonten, Mas!”

 

“Cilaka iki, Pi!” bisike Jeng Alfi marang Wilton.

 

“Wah, terus piye nasib awake dhewe ya, Mi?” ujare Wilton kanthi memelas.

 

“Oh, nginep mawon, Mas!” ujare salah sijining wong sing melu mangan.

 

“Lha, wonten pundi?” piakone Wilton karo nyruput wedhang jahe.

 

“Panggenanipun Mbah Srontol mawon. Menika sesepuhing dusun mriki.”

 

“Dalemipun pundi?” pitakone Jeng Alfi.

 

“Mangke kula dherekke,” wangsulane bocah sing jenenge Kuncung.

 

“Matur nuwun sanget.” kandhane Wilton.

 

Sawise wareg anggone mangan ning angkringan, Wilton lan garwane tumuju omahe Mbah Srontol. Sadawaning dalan mung tansah nemoni wit-witan sing ledhung-ledhung. Ganda kembang semboja nyegrak tumusuk ing sela-selaning irung gawe saya meng-kirik wulu githoke.

 

“Kula nuwun, Mbah!” ujare kuncung ing ngarepe omahe Mbah Srontol.

 

“Ya, sapa, ya?”

 

“Kuncung, Mbah.”

 

“Woalah dalah, kene mlebu.”

 

“Matur nuwun, Mbah.”

 

Kuncung lan Wilton sarta garwane mlebu daleme Mbah Sron-tol. Wangine menyan rega limang gelo lan kembang telon ngebaki panggonan kuwi.

 

“Mbah, niki wonten tiyang saking kitha badhe nyipeng ing mriki!” ujare Kuncung.

 

“Lha, kok arep nginep nang kene ki ngapa?”

 

“Ban pit motor kula mbledhos. Badhe pados tambal ban na-nging tebih.”

 

“Nggih, sakderengipun ndherek nepangaken, kula Wilton lan menika semah kula. Asmane Alfi.”

 

“Banjur?”

 

“Kula lan semah kula menawi dipun keparengaken nyipeng mriki, mbah!”

 

“Iyo, misake lho! sauté Kuncung saka njaba lawang. “Oke. . .kae kamar mburi ana sing kosong.”

 

“Matur nuwun, Mbah!” wangsulane Wilton katon bungah. Bubar kuwi dheweke tumuju ing kamar mburi. Yen disawang panggonan kuwi kaya ana sing aneh. Ananging Wilton lan garwa-ne wis kebacut kesel lan ora nggagas kahanan ing sakiwa tengening panggonan kuwi.

 

“Pi, aku takut!” ujare Jeng Alfi karo nggoceki pundhake Wilton.

 

“Wis ta, mung tekan sesuk kok!” “Tapi. . .?”

 

“Wis, saiki turu wae!”

 

“Yah lah, Pi.”

 

Saking kesele, wong loro padha keturon angler banget nganti wayah esuk. Srengenge mlethek ing gegering gunung sisih wetan. Swara pitik jago kluruk mratandhani wayah esuk. Nanging Jeng Alfi isih katon turu angler. Dumadakan dheweke kaget nalika kra-sa tumetesing embun nelesi pucuking mripate. Banjur, dheweke ucek-ucek mripat lan lingak-linguk nggoleki Wilton.

 

“Ya ampun Gusti. Aku ning endi iki? Kok akeh watu jlentrek-jlentrek?”bengoke Jeng Alfi.

 

Lagi tekan semono anggone gumun dumadakan dheweke krungu swara glodhagan sing asale saka tengahing kuburan. Kru-ngu swara kuwi mau, garwane Wilton banjur nekani wangunan sing ana ing tengahing kuburan.

 

“Papi, ngapa kowe turu ning kana?”

 

“Auh. . . ah. . .” swarane Wilton sing lagi angop.

 

“Pi, wungu, Pi!”

 

“Hah. . .!”

 

Let sedhilit Wilton tangi banjur kaget mangerteni menawa dheweke wis ana ning njero bandhosa. Sakal, Wilton gregah lan gage lunga karo garwane ngadoh saka panggonan sing wingit iku karo nggenjrit. Pit montor sing mau ban mburine mbledhos ngerti-ngerti wis kempling meneh. Pikirane wis ora sempat maneh ngagas kepriye dheweke lan bojone bisa nemoni lelakon kaya mangkono. Mung siji pepinginane, yaiku cepet-cepet tekan ngo-mah. Panggonan sing kalebu wingit kuwi jebulane alas sing jaman landa biyen kanggo mateni wong-wong pribumi.

Japa Tundhung Ketiga

Japa Tundhung Ketiga

Dening: Safandi Mardinata


Thong-thong mukiji...

 

Kiji-kiji kiro...

 

Kiro-kiro kilu..

 

Kilu-kilu kipat...

 

Ji ro lu pat

 

Bocah-bocah banjur padha mlumpat

 

Saka lincak menyang jogan

 

Gagenan nganggo sandhal

 

Kang pating blethat

 

Nututi wiramaning udan

 

Hoooeeeee....

 

Udana sing deres

 

Takopahi sega lemes

 

Sapa sing kok opahi?

 

Sing ngudaniiiiii

 

Hahahahaha...

 

Sumringah bocah banjur padha bubrah

 

That-thit nyamber

 

Ning ati njalari geter

 

Wooeeii...gandrikkk!!! aku iki putune Ki Ageng Sela !

 

Bocah-bocah banjur lumayu Kesingsal-singsal suwale kang padha udhar


Angin mung gumuyu, banjur nerusake laku

 

Ning nong ning gung pak bayan

 

Sega jagung ora doyan

 

Iwak pitik enakeee

 

Ketiban dhingklik adhuh mbokeee..

 

Glegherrrrrrr.....

 

Grimis banjur mesem

 

Banget manis.

 

Bojonegoro, mapag tekane rendheng, 17 Desember 2015



Wayah Surup

Wayah Surup

Dening: Sri Wijayati


 

Dalan alus ing wayah surup

Akeh kendharaan pating sliwer banter-banter

 

Ing langit sisih kulon katon cahya abang sumamburat Sang bagaskara wus angslup ing wates cakrawala

 

Sumilir angin tumiyup

Ngobahake pang-pang lan gegodhongan

Katon kelap-kelipe lampu ing padesan

Gunung Merapi lan Merbabu katon gagah biru

 

Sinawang endah saka kadohan

 

Manuk-manuk padha mabur mulih menyang susuhe Wis katon polahe wong siji-sijine

Katon saka watake nalika numpak montore

Dalan kuwi kanggo sapa wae wong kang padha liwat

 

Kudu kebak ing pangati-ati

Ndedonga ora kena lali

Nyenyuwun marang Gusti Illahi Robbi

Dimen slamet jiwa raga bisa tentrem ing ati

 

Bantul, 15 Juni 2019

Mijil Sagatra

Mijil Sagatra
Dening: Herry Abdi Gusti



Gusti Allah mahawelas-asih
yekti kula ngilo
nggrayangi lampah ingkang dereng sae
sesarengan ndandosi pakarti
kanthi gurit niki
nedya nyecep ngelmu

                        # 20/03/2017

Nyerat

  Nyerat dening Risywan Taufiq   Kala wengi srengenge pati Angen-angen pujangga tansah ngulandara Madosi tembung tembung gegurit b...