Jagad Wredha

   Jagad Wredha

Dening : Kharisma Ajeng Pratiwi


 

Sawise kebak pageblug nggebug

Kita tansah bika soca

Nora mung saderma janma kang wredha

Jagad uga bisa wredha

Nalika janma tan mikirake

Sanes jagad ingkang sakit

Sabenere janma ingkang sakit

Dhuh janma…

Senenge gawe cilaka

Nepsumu ngluwihi sukurmu

 

Delengen tengen kiwa

Ajur kabeh tanpa rupa

Segara kalen lan wana

Rusuh lan rata

Jagad ora kuwat

Dikuras tanpa diruwat

Janma bener-bener kalap

Delenga…

Jagad wus megap-megap

Hawane dadi pengap


Apa padha lali…

Kabeh kuwi titipane Gusti

Tanpa rasa sukur kabeh dienteki

Dhuh Gusti…

Janma bener-bener lara

Jagad wus ora kuwat

Nanggung sakabehaning akibat

Nora namung janma sing bisa nutup yuswa

Jagad uga bisa nutup yuswa

Nanging kabeh kuwi ngenteni kehendake Gusti

Mugiya janma enggal krasa

Yen jagad sampun wredha 

Tresna Waranggana

 

Tresna Waranggana

Dening : Aulia Rizki Rahmaulidayani

 

Aku Vera Ayu Puspita, kanca-kanca musisi, penyanyi, lan seniman ning daerahku ngundang aku Vera Veronika. Ya, aku iki penyanyi. Saiki umurku 23 taun, nanging aku isih wae wong pada ngenak aku iku Vera Veronika. aku nyanyi wiwit kelas 1 SMP. Susah seneng tak lakoni udan panas tak trabas. Kanggo awakku nyanyi kui wis kaya tememplek karo raga. Cara basa Indonesiane ki ya mendarah daging, kaya-kaya wis ora bisa dipisahake.

Bengi iki, aku karo Mas Aby lagi jagongan ing ngarep umah, dhasare hawane sumuk. Dadi aku ngisis ing latar sinambi jagongan karo Mas Aby. Sak nalika aku kelingan nalika aku lan Mas Aby isih pacaran.

Minggu esuk jam 10 aku budhal menyang desa sebelah, saperlu ngayahi panyuwune tuan rumah kang duwe gawe. Teka papan panggonan aku disuguhi kaya tamu. Banjur langsung munggah ing ndhuwur panggung.

"Mbak, kancaku ameh nusul rene. Ngko ben melu munggah panggung karo aku ya, Mbak" Kandhane Mas Ipa, supir anyarku.

"Kancamu sapa ta, Mas?"

"Wonge Fotografer mbak, tak akon e gawa kamera gawe moto sampeyan."

"Wo.... Ya masuk kui, Mas. Jarang-jarang aku duwe potograper pribadhi" Semaurku kanthi semangat.

Aku wis entuk sak lagu, kancane Mas Ipa lagi teka. Dheweke banjur nyalimi aku. Aku langsung mak tratap, piyayine bagus, gagah, kulite kuning langsat, pipine dekik nambah manise eseme. Atiku deg-degan banter kaya-kaya nyaingi suara deasel sebelah panggung. Apa kaya ngene ta sing jenenge cinta pada pandangan pertama. Ya kui Mas Aby, sing saiki dadi bojoku.

Sawise salaman banjur padha sibuk dhewe-dhewe. Aku nyanyi Mas Aby moto-moto aku lan pisan-pisan moto artis liyane.

"Bro, iki ngko potone kirimno aku wae ya. Aja ganggu Mbak Vera. Wonge sibuk." Kandhane Mas Ipa marang mas Aby sarampunge acara.

"Ya, Bro. Ya wis aku pamit sik. Mengko tak kirimke awakmu nek wis tekan ngomah" Jawabe sinambi nyalami Mas Ipa karo aku.

Wis ana sesasi anggonku ngangen-angen Mas Aby. Yen kelingan eseme gawe aku mesam-mesem dhewe banjur ora bisa turu, blabas tekan subuh.

"Mbak, Mbak Vera... Mbak!!" Pupuku di keplak Mas Ipa.

"Aduh!!! Napa ta, Mas. Loro e, pedes pupuku."

"Kae lho sampenya di undang MC ne, jatahe sampean nyanyi"

"Astaghfirullah, sorry-sorry ora krungu aku. Yawis tak nyanyi sik." Kandhaku sinambi ngadek.

"Jane sampean ki ngapa ta mbak? Tak sawang-sawang wiwit mau mung ndomblong, klecam-klecem raine abang koyo kepiting rebus. Isih esuk kok di celuki MC wis ora fokus."

*Kluntingggg....!

Durung semaur hapeku muni, ana notifikasi pesan saka Instagram. Tak buka isine fotoku.

"Iki akune sapa ta, Mas?" Takonku marang Mas Ipa.

"Woh, iku Aby, Mbak. Ngapa ta bocahe, wis tak kandhani aja ganggu sampean kok."

"Iki ngirim fotoku, Mas. Tapi kok ngene rupaku."

"Walalalah, kok elek ngono rupane sampeyan Mbak"

*Plakkkkkk! Mas Ipa tak keplak gegere. Dheweke pringisan.

***

Wiwit saka pesan iku aku karo mas Aby dadi sering komunikasi, banjur dadi kulina akhire pacaran.

"Dek, Mas arep lanjut S2 ning Semarang."

"Lho Bagus mas, malah seneng aku awake dhewe padha kuliah Semarang." Jawabku seneng amarga wektu kui aku ugo lagi kuliah S1 ing Semarang.

"Nanging Mas meh ngekos, Dek. La awak mu iki daring ning omah, terus jobmu lagi rame, nek di tinggal ya piye, ora isoh kan? Jogja-Semarang adoh, Dek"

"Ya pancen bener ngendikane Mas Aby. Terus masalahe napa, Mas? Adek mboten napa-napa kok ditinggal Mas Aby teng Semarang. La pripun meleh kahanane ngeten. Job e nggih eman-eman yen ditinggal. Kuliah e Mas napa nggih mboten daring? Mboten saget teng mriki?"

"Mas mboten saget LDR, Mas mboten kuat, Dek. Nanging mas nggih pengen fokus kuliahe, pengen sukses. Merga tuntutane Bapak, Mas stress Dek yen kuliah ning omah."

"Mas, Adek janji adek support mas terus saking mriki, adek janji sering telpon lan kabar-kabaran kaleh, Mas. Awake dhewe nggih saget ketemuan saben minggu. Nggih? Adek yakin, Adek percaya kaleh mas Aby. Mas mesthi saget jaga hubungan niki."

"Nanging, Dek...."

"Vera percaya mas Aby saget. Semangat!!!" kandhaku sinambi nyawang raine mas aby lan nggenggem tangane.

***

"Mas, sesuk dolan Semarang ya. Ning kos e mas Aby. Mumpung prei iki." Ajakkku marang mas Ipa. Merga dhasare wis janji yen arep ketemu saben minggu. Nanging wis arep sesasi aku durung ketemu maneh merga job ku padet. Mulane sak iki aku menyang kos-kosan e mas Aby langsung. Biasane mung ketemuan ning tempat wisata utawa kafe sisan refreshing. 

Aku menyang esuk-esuk karo Mas Ipa. Sepanjang perjalanan aku turu, awakku rasane kesel. Balunganku rasane kaya diremuk-remuk.

*Brukkkkk!!!

"Wah wis ajur... ajur...."

"Ana apa, Mas Ipa?" Aku tangi merga kaget

"Kae mbak e metu saka gang ora delok-delok mbak. Kedudul mobile awake dhewe." Aku lan Mas Ipa langsung metu mobil.

"Mbak pripun nyebrang ora delok-delok. Untunge mung kedudul. Untunge aku pas alon-alon. Yen banter mau dadi kepiye mbak...mbak..." Mas Ipa malah muring-muring dhewe.

"Wah mas, piye ta malah muring-muring. Iki ditulungi disik mbak e. Ayo mbak mlebu mobil disik tak obati iku tangane karo dengkule lecet. Mas Ipa motore mbak e pinggirna disik! Aja grundelan wae!" Kandhaku sinambi nuntun mbak e mlebu mobil.

Batin atiku kandha yen kaya tau weruh mbak e iki tapi lali ning ngendi. Ning njero mobil mbak e mung nangis sesegan. Aku bingung, padahal lukane mung lecet. Sawise tak obati mbak e banjur pamit lan njaluk ngapura.

"Mbak Vera, Mbak e ora asing ya, kaya penyanyi sing winginane sepanggung karo sampean." Kandhane Mas Ipa.

"Owalah iya mas, kayane memang bocah kui. Sing mbok lirik i terus kae ta merga jaremu manis. Isih bocah kae mas. Ya kuliah ning Semarang jarene, isih semester loro."

"Wah yo isih kinyis-kinyis, mantab iki mbak. Jodohno karo aku."

Kupingku sanalika gatel ngrungokake panjaluke mas Ipa. Dhasare wonge rodok cluthak yen weruh gadhis.

"Yawis ayo lanjut, mas!"

Durung nganti ucul kopling teka-teka ana motor maneh liwat tanpa unggah-ungguh. Mas Ipa sanalika kaget.

"Wooo la diamput! Randue adat! Apa wong kene ora pada bisa numpak montor ta!"

"Sabar, Mas. Sabar....! Aja misuh-misuh." Kandha ku.

"Lho sik sik sik... Kae Aby e Mbak Vera. Ngapa wonge numpak montor bedigasan ngono iku."

"Wah iya mas, nganti ora ngematke mobilku ki. Jajali di tut i mas. Ayo cepet selak ketinggalan!"

Mobil banjur puter walik ngetuti mas Aby. Dheweke numpak motor banteran kae koyo di oyak depkolektor. Tak buntuti kok nganti teka Tembalang banjur ngilang ning cedak kampus.

"Lho Mbak ilang ning ngendi bocahe. Ngapa sih tekan kene. Wong kampuse ning Sekaran kok ya."

"Iya lho napa ya, Mas Aby teka kene. Alon-alon wae, Mas. Ndak keliwatan."

"Iya, Mbak"

Rodok sue anggonku ngubengi kampus sinambi clingak-clinguk. Hapene ora bisa dihubungi, pikiranku wis macem-macem merga mas Aby ketok panik.

"Mbak...Mbak! Kae motore Aby. Tapi ora ketok wonge."

"Iya kae, Mas. Mandeg! Tak medun ning kene. Goleka parkiran."

Aku langsung medun, nggoleki mas Aby. Rodok sak untara aku mandek sedela merga ngerti montor e mbak e sing mau kedudul mobilku, aku ngerti merga apal nomer plate. Embuh ana apa kok perasaanku ora kepenak. Aku mbacutake mlaku ku, entuk rong langkah aku wis mandeg maneh, saiki aku malah weruh pemandangan sing sadurunge ora tau tak bayangke. Aku dewe weruh wong sing paling tak tresnani ngelus-elus lan ngekep awak e wong wedok liya sak liyane aku. Saknalika atiku rasane remuk, panas ora karuan. Nanging aku isih nekat nyedak, awakku lemes. Niatku teka kene arep ngagetke dheweke, malah aku sing dikageti dhisik. Tak undang Mas Aby, suaraku serak, kaya-kaya wis ora metu suarane.

"Mas....! Mas Aby..."

Sing diundang mripate mecicil, langsung mlayoni aku.

*Buggggg!!!

Saka mburiku Mas Ipa mlayu banjur njotos Mas Aby. Sing wedok njerit, aku mung ndlosor ning lemah, eluhku dleweran.

"Ra ndue adab koe, Le!" Mas Ipa bengok-bengok. Aku banjur menyat lan mlebu mobil. Mas Aby diseret Mas Ipa saperlu njaluk ngapura karo aku. Nanging aku wis wegah weruh raine.

"Ayo muleh, Mas." Panjalukku karo Mas Ipa.

Tak tinggalke mas Aby ning kono karo wedoke. Ing perjalanan muleh aku meneng, Mas Ipa uga. Mung suara mesin lan kendaraan pada nyalip.

***

"Assalamualaikum, Pak... Buk..! Dek Vera wonten?"

"Ndhukkk!!! Kae pacarmu teka! Ndang metu, ora ngamar wae." Dhawuhe Bapak.

Ora kepingin wong tua kepikiran aku saknalika metu. Amarga bapak ibu ora ngerti yen aku karo mas Aby lagi ana masalah.

"Kula badhe ngajak, Dek Vera medal sekedap, Pak"

"Iya kana ndang mangkat, wis bar maghrib iki. Aja wengi-wengi baline ya, Le!" Dhawuhe Bapak.

"Nggih pak, Maturnuwun."

***

"Dek, Mas nyuwun ngapura mpun nglarani. Mas ngoten merga butuh kanca, Dik. Mas butuh disemangati, butuh disupport. Sedangkan adek mpun sesasi niki sibuk terus. Diajak telpon alesane kesel. Diajak ketemuan alesane kesel. Mas ngrasa Adek mpun bedo. Mboten kaya mbiyen meleh. Adek mpun jarang perhatian kaleh, Mas. Padahal mas lagi butuh adek banget. Bebarengan niku mantane mas nggih teng Semarang. Mas ngrasa mung dheweke sing enten ngge mas, Dek. Mas nyuwun ngapunten saestu." Mas Aby jelasake.

Krungu katerangane atiku dadi ngrasa salah marang Mas Aby.

"Mas mboten pengen awake dhewe bubaran, Dek. Mas pengen lanjut nanging mas pengin Adek dadi wong wedok sing kaya kekarepane mas. Ampun sak penake dhewe, Dek. Mas nggih pengen dihargai."

Sakjeroning atiku tresna tenan marang, Mas Aby. Nanging ya isih lara ati merga diselingkuhi.

Nganti sak iki rasa lara kui isih mbekas, yen ngerti jenenge sing wedok mesthi langsung panas ati.

***

"Dek, nglamunke napa ta! Aku ngomong wiwit mau ora dirungokake ta jebule." Kandhane mas Aby mbuyarake lamunanku.

"Kelingan critane awake dhewe biyen, Mas. Teka sakiki aku teseh mboten ngira yen bakal dadi tekan semene." Jawabku.

"Hmmmm, di eling-eling wae mengko ngerti-ngerti nesu."

"Sak niki mpun mboten, Mas. Alhamdulillah mergo mpun mboten nyanyi aku dadi mboten ketemu wedokan kae. Krungu jenenge mawon mpun ndamel lara ati. Mas ampun nganti ngoten meleh nggih. Masio awake dhewe wis bebojoan nanging bebojoan niku sanes akhir. Mesthi teng ngarep mriko godaane luih gedhe. Adek nggih janji, bakal dadi wong wedok kang luih apik meleh kagem Mas Aby."

"Maturnuwun, Dek. Sakiki weruh awakmu wis gelem berjilbab mas wis seneng. Wis ora klambenan klambi sing kurang bahan maneh."

"Nggih, Mas." Aku rodok mrengut.

"Mas wong wedok e iku to wektu kae ki kedudul mobilku, tak obati merga lecet tangane karo dengkule."

"Wah untung wektu kui awakmu urung ngerti ya, Dek. Yen ngerti mesthi mbok plindhes sisan. Hahahaha!!"

Wong loro banjur cekekekan bareng.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

KLUWUNG

 KLUWUNG

Dening : Arika Nur Alifah

 

Padha nyawiji

Kawedhar kalestari

Mbudidayani

 

Sanajan beda

Kudu junjung sasama

Ayo pra jalma

Nyerat

  Nyerat dening Risywan Taufiq   Kala wengi srengenge pati Angen-angen pujangga tansah ngulandara Madosi tembung tembung gegurit b...