Nyerat

 

Nyerat

dening Risywan Taufiq

 

Kala wengi srengenge pati

Angen-angen pujangga tansah ngulandara

Madosi tembung tembung gegurit blaka

Gatra sagatra

Pada sapada

Gurit sagurit

Trenyuh ati nyerat kasengsaran urip kang pait

Tansah kesensem nyawang kauripan ayem

 

Duh gusti

Kula  pujangga nom

Mung birawa nyerat gurit rung pada

Sapada dados panglipur

Sapada dados parlambangipun atur

 

Mugi mari lair batinku

 

 

 

Aja Aku

 Aja Aku

dening : Safila Oktaviani


Aja dipaksa!

Aku durung bisa

Aku isih kuciwa


Aja meneh tresna awakmu

Wong aku wae

Durung bisa tresna awakku dhewe


Aja...

Aja padakna aku karo wong liya

Aja...

Aja karo aku


Ora..

Ora merga aku mati rasa

Nanging...

Atiku iki wis remuk


Menawa aku ora nastiti milih

Atiku bakal ambyar luwih-luwih?

Diwesiyasat Kapang

 Diwesiyasat Kapang

dening: Katarina Aprilia


Samun ing wayah ratri

Nyendhal ati kang nandhang wuyung,

karana sliramu tan bisa kajangkah laku,

Kapang iki,

tan bisa kaucap ing ujar

Kagawa ngimpi saben mereme netra,

rumasuk ing raga bareng sumilire angin wengi


Apa kowe krasa?

Ora...

pangrasaku, iki amung aku sing krasa

Mendhem banjur kependhem jero

Lintang ing awang-awang

Tak titipake rasa kapang iki

kanggo slirane kang tan bisa tak sanding

Muga bisa ngreksa rasa lan ngreksa tresna

ing kana.

Nyerat

  Nyerat dening Risywan Taufiq   Kala wengi srengenge pati Angen-angen pujangga tansah ngulandara Madosi tembung tembung gegurit b...