Gajah Kelangan Srati - Agus Basuki

Cariyos Gajah Kelangan Srati anggitanipun Agus Basuki ingkang dipunserat ngagem tigang basa. Inggih menika basa Jawa, basa Indonesia, lan basa Inggris.

Donya

Donya
Dening: Yeni Murdia



Sanes carita, sanes awangan
Tlatah gemah ripah loh jinawi
Kumepyur nggawa pangarep-arep
Madhep mangulon, madhep mangetan
Gumeter ati iki
Nyekseni sesanggan bumi pratiwi
Rinonce endhah
Kaperang mayuta-yuta cacah

Bumi menika mulya raharja
Andum bhineka panjer rahina
Apepayon setunggal cagak
Lumaku nyawiji
Martakake gunging astaning Gusti

Kidung Sesambatan

Kidung Sesambatan
Dening: Yeni Murdia



Adhuh!
Rekasane awakku nyangga kasangsaran
Kebutuhan kang tanpa sraba
Nyigar pangrasa nuli nyepakke lara
Sansaya ngawur sansaya kuwur
Urip pati sarujuk dilakoni kanthi muspra
Amarga kahanan sumebyar
Ala becik dipadha ing sak ngareping mata
Adhuh...
Tumetes eluh ngelus dada sraya dedonga
Pakaryan ingkang ditampa
Dikarepke dening wong liya
Mula kula nggresula
Panci Gusti...
Sesambatan menika dhedhasar kuciwa
Para manungsa nitih manungsa liyane
Adhuh...
Pengapuran e Dhuh Gusti
Kidung sesambatan kanthi lara lapa
Saderma turut prihatin

Nglantur

Nglantur
Dening: Yeni Murdia



Aku saiki wes gedhe
Gedhe awake
Awak kang wes bisa ngrasakke lara
Lara jiwa raga saben dina
Dina-dina kesrakat kang abot
Abot amarga aku terus mikir
Mikirke duit, pangan, gandhengan
Gandhengan urip sing angel digoleki
Digoleki ya sapa sing guwak
Guwak katresnan nyang sapadha ya luwih becik
Becik uga kuliah sing tenanan
Tenanan ngadhepi kasunyatan
Kasunyatan sing pancen ora gampang

Nyerat

  Nyerat dening Risywan Taufiq   Kala wengi srengenge pati Angen-angen pujangga tansah ngulandara Madosi tembung tembung gegurit b...