KIRIMAN KEMBANG

KIRIMAN KEMBANG
(Dening: Petty Dwi Aprilia)

Senadyan katon cilik, nanging warung kuwi dagangane pepek renek. Sing duwe ya sumeh tur resikan. Pak Turiman karo bu Eti pancen wis suwe anggone mbuka warung cilik kuwi. Manggon ing Dusun Cikalong, cedhak dalan sepur. Ora pati adoh saka umahe sing duwe. Wong-wong sing manggon ing dusun kono, biasane ngarani warung kuwi kanthi sebutan warung pecel sampir. Pancen sakliyane nyanding dagangan kaya dene sembako lan sabun, warung kuwi nalika awan ya nyanding pecel. Yen awan nang kono pancen rame wong, apa meneh yen sore akeh nom-noman padha jagongan ing dalan sepur. Warunge pak Turiman pancen ora tau sepi sing tuku, mesthi saben dina dagangane laris manis. Apa meneh pecel gaweane bojone sing wis misuwur enak tur akeh. Regane ya murah lan panggonane sing silir marai wong padha nyedhak.
Warung sampir duweke pak Turiman buka saben dina wiwit jam 5 esuk. Dene bojone nggoreng aneka werna gorengan, kaya dene mendowan, bakwan, gedhang goreng, lan akeh liyane. Merga warunge pisah karo umahe mula pak Turiman karo bojone mangkat gasik banget yaiku jam 3 esuk. Karepben anggone tata-tata ora pati grusak-grusuk. Pancen duweke pak Turiman mung sepedhah montor merek Honda Astrea kuwi ya metuan taun lawas. Nanging merga dirumat kanthi permati dening bendarane, mula senadyan motor lawas nanging taksih keling-keling. Sisih lor warung yaiku sawah lan dalan sepur. Tangga cedhak warung ya sakjane akeh, nanging yen wayah esih jam 3 esuk ya taksih padha angler turu. Mula sing wadon senadyan wis taunan esih wae ana rasa wedi. Pak Turiman ya sakjane wong lanang sing mandan wedian, nanging eling yen kuwi wis dadi sumber pangane.
Saben esuk bu Eti lunga tuku blanjan ing pasar. Pasare ya ora pati adoh. Esuk kuwi bu Eti arep lunga menyang pasar. Nalika ngetokake pit saka njero omah, bu Eti waruh nom-noman padha bonceng-boncengan numpak motor. Kira-kira ana 3 montor sing ditumpaki bocah lanang sing mboncengake bocah wadon. Nanging iku ora pati digagas dening bu Eti. Merga ban pite rada gembes, banjur dheweke nyilih pompa nang tangga sisih omahe. “Yu tak nyilih pompane sedela ya”, pocape bu Eti karo njupuk pompa sing wis biasa dadi silihane saben ban pite gembes. Sing duwe ya wis maklumi, banjur pompane didelah ana sing ngarep omah wae. Karepben ora ndadak njupuk ning njero omah nalika ana sing arep nyilih.
Nalika wis rampung mompa, banjur enggal gage dibalekake dening sing duwe meneh. bu Eti mandan krasa aneh, dene anake wadon sing duwe pompa ora tau keton ing omah. Jane iku ora patia digagas, nanging kok prawan arang ning omah iku mandan dadi pitakonan ning atine dhewe. Jenenge bu Endar, wis dadi pegawe ning kantor kecamatan. Anake mung 1 tok, esih prawan. Dene sing lanang dadi pegawe ing kantor KAI, mula sibuke wong tuwane ndadekake anake wadon kurang perhatian. Asila jeneng anake bu Endar, prawan sing umurane kira-kira 18 taun. Dheweke wis suwe arang ning omah, alesane sepi tur wedi nang umah dhewe. Bu Eti mandang eling yen nom-noman sing mau lewat omahe kuwi salah sijine sakklerapan kaya Asila. Nanging iku nembe pandugane, merga mau ya anggone numpak montor rada banter lan ora pati didelengake sing cetha.
Bali saka pasar, banjur bu Eti langsung menyang warunge. “Wis Pak nganah mbok arep bali dhisik, aku tak nyiapake kanggo gawe pecel”, jare bu Eti karo nyawang bojone sing sajak wis rada ngantuk kuwi.
“Oh ya Bu, deneng mbak Asila siki ora tau keton nang umah yah?” pitakone pak Turiman karo tata-tata arep bali. Bu Eti nalika mangsuli ya karo mbatin dene padha karo sing dipikirake mau esuk.
“Mbuh ya Pak, wong prawan kok arang nang umah”, wangsulane bu Eti karo rada ngegas.
 “Wis ya Bu, aku tak bali dhisik”, pocape pak Turiman.
“Iya pak ati-ati”, wangsulane bu Eti karo nyawang bojone nalika ngesla montor. Wengine warunge pak Turiman rame banget ora kaya sing biasane, malah sing wadon nganti katon sayah banget anggone ngeladeni sing tuku. Pak Turiman banget sukure nganti atine ora mandeg ngucap maturnuwun marang Gusti.
Banget ramene nganti ana sing ngomong, yen pak Turiman anggone dodolan nganggo jampi-jampi. Apa meneh yen ibu-ibu sing krungu, warta iku malah saya ditambah-tambahi. Malah ana sing ngomong yen pak Turiman mbuka warung kuwi nganggo tumbal, karepben warunge laris terus. Nanging iku ora pati digugu dening pak Turiman lan kulawargane, dhewe yakin anggone dodolan kuwi kanthi cara sing bener. Mula ora wedi lan ora krasa salah yen  dheweke diarani sing ora-ora. Bu Eti ya mengkono, dheweke malah ora ngerungokake nalika ana sing ngomong yen dodolane nganggo ilmu gaib. “Wis Bu, ora usah dirungokake lah nyatane dhewe ora ngelakokake ikih”, jere pak Turiman sinambi nenangake sing wadon.
Sakdurunge pak Turiman karo bu Eti mangkat meng warunge. Biasane jam set 3 esuk, pak Hadi lunga menyang balong cedak sampir kuwi. Pak Hadi kuwi wong sing kerja nang peternakan pitik nang dusun Cikalong. Bendarane jenenge bu Rini, misuwur jurangan pitik sing kagolong sukses. Ning peternakan pitik duweke bu Rini uga dodolan pitik sing wis disembeleh. Mula wulu pitike timbang numpuk banjur dibuwang ning balong. Pak Hadi sing maune wedi, nanging merga wis kulina banjur saiki biasa wae. Dina iku esuk njeput pak Hadi wis mangkat marang umahe bu Rini, perlu mbuwang bulu pitik. Tanpa rasa wedi banjur pak Hadi tumindak marang sampir, tujune balong sing pancen wis reget kebak uwuh. Banget sepine nganti anggone mlaku kaya seru banget. Sawise mbuwang wulu pitik sakkresek banjur pak Hadi arep muleh. Nanging dheweke kaget banget nalika weruh ana wong sing gumlethak ning sisih dalan sepur. Pangirane langsung tujune paling wong tiba saka sepur, nanging nalika dicedhaki tatune ora kaya dene wong sing tiba kang sepur. Getih ning sisihe uga ora pati kumlecer.
Pak Hadi langsung laporan marang RT nang kono. Pak Turiman lan bojone sing arep mangkat meng warung, dumadakan krungu wong-wong padha omong-omongan. Bu Eti wedi banjur ngomong marang bojone “ana apa ya Pak? deneng rame temen”. Banjur pak Turiman mangsuli “Paling wong arep mangkat mancing Bu” anggone mangsuli sing wadon karo disambi natani keperluwan warunge. Banjur wong loro mau mangkat kaya biasane numpaak Honda Astrea. Nalika wis tekan ngarep warunge, nang kono wis rada akeh wong padha ngadeg. Sinambi omong-omongan nanging rada risik-risik merga esih jam 3 esuk, ora kepenak yen kudu bengok-bengok. Nang kono pak Hadi ya lagi ngadeg, banjur pak Turiman takon marang pak Hadi “ana apa sih kang?”. Pak Hadi sing sajak tasih gumeter karo mangsuli “kaaaae kae anuuuu wong mati mbuh kepriwe”. Pak Turiman sing wis penasaran banget banjur marani wong sing padha ngadeg ing sisih dalan sepur. Dheweke kaget banget nalika weruh jisim sing wis gumlethak kuwi.
Awane banjur akeh wong sing padha pengin nonton. Malah banget ramene nganti pak Turiman ora sida mbuka warunge. “Dina iki prei sik Bu” pocape pak Turiman.Nanging sing wadon ora mangsuli, merga atine tasih kaget ora percaya. Jebul sawise diselidiki dening polisi, jisim kuwi mati dudu merga tiba saka sepur nanging kurban pembunuhan. Mula bukane merga nandhang masalah bab asmara. Jebul sing dipateni kuwi, Ronal nom-noman sing sering lunga karo Asila. Miturut polisi, Ronal dipateni merga rebutan trasnane Asila karo kancane. Wong-wong nang kono padha ora nyangka dene Asila, anake pegawe bakal melu ana ing masalah kuwi.
Wiwit saka kedadeyan kuwi, saben wengi warunge pak Turiman mesti kebak kembang. Kaya-kaya ana sing ngirim, kembang-kembang kuwi arum gandane. Yen arep miwiti dodolan, pak Turiman karo bojone kudu ngresiki kembang-kembang nang njero warunge. Pak Turiman heran banget, warunge kuwi dikancing rapet kok isa kembange nang njero. “Owalah mas-mas sing gawe perkara njenengan, sing nandang susah aku karo bojoku” pocape pak Turiman nalika ngresiki kembang-kembang kuwi. Warta bab warunge pak Turiman sering dikirimi kembang kasebar ing dusun kuwi, mula ndadakake wong-wong padha tambah ngrasani pak Turiman karo bojone. Ora ngerti wiwit bukane kembang kuwi saka ngendi. Nanging sing paling digumuni, kembang kuwi mesti kaya ana sing ngganti saben wengine. Banget wedine banjur sing wadon njaluk yen warunge dibongkar wae. Saiki pak Turiman dodolan ning omahe dhewe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Nyerat

  Nyerat dening Risywan Taufiq   Kala wengi srengenge pati Angen-angen pujangga tansah ngulandara Madosi tembung tembung gegurit b...