Ngonangi
(Dening: Rudi Satria)
Nalika kae lagi rame usum-usume maling.
Awit para tahanan sing ana penjara padha diculake merga ana virus corona utawa
covid-19. Tahanan kuwi diculake supaya nyegah sumebaring virus corona ana ing
Indonesia. Pamarintah netepake kebijakan sing diarani social distancing, yaiku
larangan supaya wong-wong ora padha ngumpul gerombolan luwih saka wong 5. Saka
kebijakan kuwi sing gawe para tahanan diculake merga ana ing tahanan mesthi
padha kumpul. Ora ngira jebul merga kebijakan kuwi, malah ndadekake swasana tambah
ruwet merga para tahanan sing diculake kuwi mau malah padha aktip operasi
maling maneh. Kahanan sing kaya ngono kuwi rata ana ing ngendi wae, salah
sijine ana ing Boyolali yaiku dhusun lemahireng.
Sawise ana pawarta kaya ngono kuwi, rame
para warga dusun padha ngerondha. Nalika kuwi ngepasi wulan pasa utawa wulan
ramadan. Ngerondhane diwiwiti sawise ngibadah taraweh. Jam 8 sawise taraweh,
para warga padha ngumpul ing pos kampling. Senadyan pamarintah wis netepake
kebijakan social distancing sing kudu ditaati, nanging warga dhusun luwih
kuwatir karo malinge tinimbang karo virus corona.
Warga sing ngerondha padha rembugan ana
ing pos kampling. Bubar rembugan, wargane padha bubar menyang pos-pos sing
dibagi lan wis dijatah mau nalika rembugan. Ana 4 pos. Pos kulon, pos lor, pos
etan lan pos kidul. Ana tambahan pos siji maneh ana ing tengah utawa pusat.
Sing ngerondha wis padha budhal, ana ing kulon, lor, etan lan kidul. Pos sing
tengah uga ana sing jaga senadyan namung gawe patut-patut, gawe melek-melek supaya
ora katon sepi.
Saya wengi saya sepi. Hawane saya adhem
lan agawe ngantuke mripat. Senadyan saben pos wis cumepak wedhang kopi lan
panganan tetep wae ngantuke mripat agawe lena. Pos lor sing pancene panggonane
peteng ndedet cedhak sawah lan kebonan dadi gawe saya tambahe ngantuke mripat
sing padha jatah jaga ana ing kono. Supayane ora ngantuk, mula padha wargane
sweeping utawa keliling ngecek panggonan-panggonan sing rawan gawe ndhelik
maling utawa ngindhik maling.
Para warga padha keliling. Padha genti-gantenan
karo kanca liyane. Nalika kuwi sing kedhapuk jatah pos lor padha keliling.
Sengaja ora nguripake senter nalika sweeping utawa ngecek nyedhak ing sawah
supaya ora dingerteni karo malinge menawane ana malinge temenan. Lah jebul
malah kebenaran. Saka kadohan katon ana abang-abang cilik urup ning pojokan
sawah. Diindhik saya cedhak saya katon yen abang-abang kuwi mau mawa saka udut
sing disumet. Saya nyedhak saya nyedhak saya katon yen kuwi maling sing lagi
ngetem utawa ndhelik. Nanging bodhone dheweke sing nyedhak kuwi mau ora nggawa
gaman utawa gebug gawe cekelan. Dheweke tetep nekat nyedhak. Senadyan dhewekan,
dheweke tetep wani. Awit merga kancane sing telu isih ana ning mburi lan ora
ngerti yen ana maling lagi ning kana. Dheweke tetep ngindhik sarta nyedhak.
Karo grayangan golek watu utawa kerikil, dheweke saya nyedhak. Nanging jebul
malinge saya suwe krasa yen dheweke ana sing ngonangi. Jebul tenan maling mau ngerti yen dheweke
konangan. Ngerti yen dikonangi malinge arep ngadoh alon-alon supaya ora
digeruduk warga. Warga ijenan sing nyedhak mau ya sadhar yen dheweke ya jebul
dikonangi karo malinge. Nalika malinge arep ngadoh, langsung wae warga sing
ngindhik mau bengok banter banget sarta karo mbalangake watu lan krikil sing
ning kono.
Kancane jaga sak pos krungu kancane bengok
banter. Wong telu mau langsung mlayu marani kancane. Dhasare wong telu mau
kadhung lena, mula nalikane mlayu nganti kesandhung-sandhung. Ana sing
kesandhung pring, ana sing jupuk gebug ning pinggiran abot ora isa, jebul sing meh
dijupuk kuwi arep gawe cagak kabel. Wis! dhasare wong telu mau ora niyat jaga
tenan. Saka pos liya uga krungu swarane sing bengok mau banjur padha mlayu
marani. Ning kahanan jenenge wae maling, wis mesthine nduweni ilmu lan
sakpiturute. Malinge mlayu banter banget, ora kecekel.
Malinge mlayu ngulon. Wargane sing
ngonangi maling mau ngabari warga dhusun liya sing sisih kulon supayane waspada
lan nyegat maling sing mlayu mau ning kana. Sawise kuwi para warga mbacutake
sing padha ngerondha ning ngepose dhewe-dhewe nganti tekan wektu sahur. Awit
wis dirasa cukup aman nalika sahur merga wargane sing ning omah ya wis padha
tangi kabeh.
Wayah
awan dhusun aman. Awit merga ora mungkin malinge mlebu nalika padhang awan-awan
kaya ngono kuwi. Nanging, sinau saka kedadeyan wingi. Awit dina kuwi kabeh
wong-wong sing udu asli warga kono utawa ora kenal lan udu warga kelurahan kono
mesthi diawasi lan dipantau.
Ganti dina, ganti sing jaga, ganti sing
ngerondha. Padatane padha sing wingi. Sing kedaphuk jatah rondha kumpul dhisik
menyang pos kampling tengah utawa pusat. Sawise kumpul kabeh komplit lagek
dibagi sapa wae sing entuk jatah jaga pos-pos ana ingin kulon, lor, etan lan
kidul.
Jatah jaga pos uwis didum rata, saben pos
ana wong 4. Kajaba pos tengah. Pos tengah paling rame merga kerep gawe
melek-melek wong ana dhusun kono. Para warga padha budhal menyang pos sing wis
dadi jatahe dhewe-dhewe mau.
Patang dina sawise kedadeyan maling arep
isa mlebu dhusun wingi, ora ana tandha-tandha ana maling arep mlebu dhusun maneh.
Ora ana katon maling arep mlebu rono maneh, para warga akhire ngrasa ayem
tentrem maneh. Nanging jebul rasa ayem tentreme warga ora suwe.
Ana maling wis isa mlebu ana ing dhusun
kuwi, para warga kecolongan. Ora ngira ora nyana. Nalika kuwi mlebu wayah salat
isya terus lanjut teraweh, kaya padatane. Nanging jebul malinge malah operasi
wayah jam semono, wayah salat teraweh. Saiki sing dadi sasaran utawa dalan
mlebune maling ana sisih etan pojok kidul. Malinge mlebu saka kidul, saka
ngalas.
Nalika kuwi wayah salat teraweh. Para
warga lagi padha teraweh neng mushola utawa masjid. Malinge mlebu saka arah
alas sisih kidul etan, pojok. Kaya dene maling umume, dheweke ya ngerti wae yen
omah neng kono kuwi lagi sepi merga padha menyang teraweh kabeh. Awit omah sing
dileboni maling kuwi mau cedhak masjid, sisih-sisihan.
Malinge sirahe wis mlebu niliki jero omah
kuwi kosong apa ora, awit lawange ora dikancing karo wing nduwe. Lagi sirahe
sing mlebu karo clingak-clinguk, ana bocah-bocah cilik weruh. Dhasare bocah-bocah,
menyango teraweh kudu salat jebul malah dolanan ning jaba. Nanging malah dadi
kebenaran nalikane bocah mau ora melu salat teraweh malah dolanan, bocah-bocah
mau malah padha ngerteni maling sing arep mlebu omah nyolong kuwi. Langsung
wae, bocah-bocah kuwi kabeh mau padha bengok banter ana maling. Malinge mlayu.
Ngerti konangan, malinge langsung njranthal mlayu ngalor, menyang buri omah
sing isih rengket karo wit-witan lang etane ana kalen. Malinge mlayu banter
banget. Tibake jam semono kuwi durung ana sing padha jaga merga isih padha
salat teraweh neng mushola utawa masjid.
Langsung wae wong sing ana mushola cedhak
omah mau menthong-menthong yen ana maling, karo liyane ngabari dhusun liya yen
ana maling mlayu ngalor cedhak kalenan. Sakwise kuwi langsung wae bar salat
langsung padha metu jaga ana ing pos-pos tanpa kudu kumpul neng pos tengah
dhisik. Malahan langsung padha keliling goleki maling sing mlayu mau ana ing
kebon, mbokmenawa kebenaran ketemu malinge mau. Nganti tekane sahur, tekan esuk
byar. Malinge ora kecekel. Ora ketemu. Malinge lolos.
Sawise kedadeyan kaya ngono kuwi mau, ngerondhane sansaya diketati lan luwih tertib
supaya ora kedadeyan maneh maling isa kecolongan arep mlebu dhusun. Semono uga
karo warga liyane sing ora ngerondha, mligine ibuk-ibuk sing ana ngomah supaya
luwih telaten meneh. Yen arep lungo menyang ngendi wae wayah bengi, omahe
supaya ditutup karo dikunci masio kuwi cedhak lan sedela. Tetep omahe kudu
dikunci yen ora ana wong babar blas neng omah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar