KLERU NANGING BEGJA

                    Kleru Nanging Begja

Heredita Wedharingtyas Laksita Utami

 



Sore kuwi, pinuju dina jumat tanggal 13 Maret 2009, aku ana jadwal latiyan tari ana ing Sanggar Pamulangan Beksa Sas-mintamardawa ing nDalem Pujokusuman. Kaya padatan, wanci jam 15.30 aku wiwit latiyan tari. Wektu iku aku latiyan tari Srikan-di Suradewati kang dina iku meneri wiraga utawi gerak tari sing pungkasan.

 

Nalika wayah ngaso, Bu Itut kang ngesuhi tari wektu iku nimbali aku karo mbak Galih.

 

“Mbak Dita karo Mbak Galih, menawa sesuk dina Minggu pentas tari Srikandi Suradewati ing Bangsal Sri Manganti gelem apa ora?” pandangune Bu Itut.

“Inggih, Bu,” wangsulanku bareng karo mbak Galih. “Sesuk setu jam 15.30 latiyan tarine diterusake tekan pung-

kasan ing daleme Bu Itut, nggih?” “Inggih, Bu!”

 

Wose, aku karo Mbak Galih nyendikani dhawuhe Bu Itut. Nanging, dina Setu esuke aku karo mbak Galih didhawuhi Bu Itut sowan ing daleme saperlu latiyan. Latiyan ing daleme Bu Itut kang-go mantepake tarian, amarga aku karo Mbak Galih durung apal.

“Bu, menawi benjing badhe minggah pendapa kandos pundi caranipun amargi wekdal latiyan langsung minggah pendapa?” “Sawise kapang-kapang tekan undhak-undhakan ndhodhok dhisik terus nyembah tumuli lungguh ing pendhapa. Diteruske lampah dhodhok udakara limang langkah nembe sila panggung,” mengkono wangsulane Bu Itut karo nyontoni.

 

Dina Minggu tanggal 15 Maret 2009 jam 08.30 aku karo Mbak Galih kudu wis tekan papan kanggo rias ing Bangsal Sri Manganti. Rong jam sak wise iku, aku karo Mbak Galih wis rampung didan-dani. Gandeng acara pagelaran wis diwiwiti, aku wis siap beksa. Atiku dheg-dhegan sadurunge munggah pendhapa amarga wek-tu iku pengalamanku kang wiwitan beksa ing wewengkon kraton, Bangsal Sri Manganti kang meneh ora sadengah wong kang bisa beksa ing papan mau.

 

Saka wiwitan nganti pungkasan beksa aku karo Mbak Galih rumangsa “pede” lan nganggep jogedanku wis bener. Nanging, wektu “kapang-kapang” kok ana rasa sing ora kepenak nganti tu-meka “sembah”. Nganti rasa kerasa yen digeguyu para pangrawit sakwise rampung tari. Nganti rampung anggonku nari, aku du-rung mudheng apa kang kedaden nalika aku nari.

 

“Mbak, kok ana sing ngganjel wektu aweke dewe nari?” pitakonku marang mbak Galih.

 

“ Iya, pa Dit?”

 

“Wah.... iya, Dit. Aku lagi kelingan mau ki nek ra keleru gendhinge ra pas, je!”

 

“ Paling, Mbak.”

 

“Mbak, mau ki kepriye kok bisa ora pas beksa ne karo gen-dhinge?” Pak Toro ngendika karo aku lan Mbak Galih.

 

“Menapa inggih, Pak?” pitakonku marang Pak Toro sing nge-prak.

 

“Iya, mau ki anggone nyarungke keris telat rong etungan da-dine tekan pungkasaning gendhing ora pas karo jogedane.”

 

“Oh...Inggih Pak, kula kaliyan Dita nyuwun pangapunten saderengipun!”

 

“Ya, ora dadi apa. Sesuk menawa beksa maneh kudu luwih ngati-ati anggone ngepasake wiramane.”

 

“Matur nuwun, inggih, Pak.”

 

Aku karo Mbak Galih dadine rada isin, mula banjur nyuwun pangapura karo Bu Itut amarga anggonku ngayahi jejibahan ora sampura.

 

“Nuwun sewu Bu. Kala wau dalem kekaleh angenipun nga-yahi beksa taksih wonten ingkang lepat,” aturku marang Bu Itut.

Ngendikane Bu Itut, “Ya wis ora papa amarga lagi pisanan pentas. Nanging, kesalahan anggone mbeksa mau menawa kang mersani para turis domestik lan luar negeri ora bakal ngerti amar-ga kesalahan mau kang bisa mangerteni ya paraga kang ngerti bab beksa lan gendhing. Malah aku ngaturake panuwun amarga nadyan salah anggone beksa tetep lancar dadi ora katon menawa anggone beksa ana sing salah. Mula sesuk menawa didhawuhi beksa maneh, Mbak Dita lan Mbak Galih kudu luwih ngatekake bab gendhing, dadi ora mung apal anggone mbeksa nanging kudu ngerti wirama.”

 

Jebulane sing kleru orang mung tariane wae, nanging po-capan uga bisa salah. Paraga-paraga senior uga ana sing salah po-capane. Babagan mau ing ruang rias sakwise beksa biasane pada kanggo gojegan antaranae penari karo pangawit.

 

“Kepriye mau pocapane. Ora ditakoni asmane kok ngaku dhewe. Lha, wayang cara ngendi mau?” ngendikane Mas Papang karo mesem.

 

“Lha aku ora apal amarga dakdakan. Ya wis sak ketemune anggonku omong ketimbang meneng wae kaya wayang bisu,” wangsulane Mas Anto karo nyengingis.

 

Gandheng anggone tata kostum tari wis rampung, para para-ga enggal arep padha bali. Ngendikane Bu Itut pancen bener me-nawa aku luwih nggatekake ngendikane, aku bakal antuk kalo-dhangan beksa maneh ana ing Bangsal Sri Manganti kanyata dina Minggu tanggal 18 April 2010. Aku, Rista, Mbak Ima, karo Mbak Galih dipercaya mbeksa Srimpi Pandelori maneh ana ing Bangsal Sri Manganti. Sabanjure, nalika dina Minggu tanggal 13 Juni 2010, aku, Rista, Mbak Ima didhawuhi mbeksa Golek Asmarandana Bawaraga maneh ana ing papan kang padha.

 

Saliyane seneng amarga didhawuhi mbeksa ing kraton, bu-bar mbeksa nadyan kesel aku uga seneng pranyata akeh turis kang padha ngajak foto bareng-bareng. Kadhang kala lucu uga amarga menawa ana turis kang ngajak rembugan nganggo Basa Inggris kadhang aku ora mudeng sing dikarepake para turis kuwi, na-nging kanthi “pede” mangsuli wae. Rumangsaku, turis-turis kuwi mudheng critaku amarga padha ngguyu, manthuk-manthuk, lan ngajak salaman. Sanajan rada kangelan kumunikasi nganggo basa asing, nanging atiku seneng banget amarga para turis wis gelem ngajeni kabudayan Jawa.

Ndhen...Sindhen

Ndhen…Sindhen

Herlin Safana

 


“Ndhen…aku njaluk spidol!” swara iku keprungu penere saka mburine Jinah. Jinah kang rumangsa duwe spidol banjur nuju sumber swara iku. Eko kang lingguhe ana mburine Jinah banjur nyaut spidol kang ana ing tangane Jinah.

“Lho, kowe, ta, sing njaluk spidol mau. Lha ya kowe sing salah. ngapa ora nyeluk jenengku wae?” wangsulane Jinah rada jengkel.

 

“Halah, lha yo yen kowe mau krungu diceluk Jinah, ngapoa aku nganti nyeluk dhewekmu kanthi tembung sindhen,” saure Eko.

 

“Lha, ya maap ya. Aku mau ra krungu mbok celuk.” “Memper yen kowe suda rungon, amarga saben dina mung keprungu swara sero kaya yen lagi nyindhen. Bener, ta?” kandha-ne Eko karo mbalekke spidol ing dasgripe Jinah.

 

Lagi wae pacelathone bocah loro mau lagi gayeng-gayenge, dumadakkan ana wong nyedhaki. Wonge dhuwur kanthi brengos kandel nggedibel, nyedhaki Jinah.

 

“Saiki kowe maju. Ayo kae digarap sing nomer 7 ora malah rame wae…!”

 

Jebul Pak Jarwa, guru matematika sing kondhang galak, ndhawuhi Jinah nggarap tugas ing papan tulis. Atine Eko rada ayem, amarga dudu dhewekke sing didhawuhi maju nggarap ing papan tulis. Banjur, kanthi deg-degan Jinah maju lan nggarap soal matematika sing angele nggudubilah.

Lagi entuk telung baris, Jinah mandheg anggone nulis. Ban-jur spidole kanggo kukur-kukur sirahe. Sajake ana tuma sing lagi liwat galengan rambute, alias unyeng-unyenge. Bola-bali Jinah mengo marang Pak Guru, sajake dheweke kepingin omong yen Jinah pancen ora bisa nggarap soal iku. Wus nganti 5 menit, Jinah durung owah saka papan tulis. Pak Guru kang ngrasa welas ma-rang Jinah, banjur ndhawuhi dhewekke supaya lungguh.

 

“Jinah, anggonmu sinau dimempengi maneh, ya. Aja nganti ketinggal kaya mangkene. Ora mung nyindhen wae sing kokmem-pengke. Nyindhen kena, anaging aja nganti lali anggone sinau!” Pituture Pak Jarwa marang Jinah sing isih pucet amarga ora bisa nggarap soal.

 

“Nggih Pak, kula nyuwun pangapunten, nggih Pak,” wang-sulane Jinah kanthi rasa kang luwih ayem amarga Pak Jarwa ora nyeneni dhewekke.

 

“Thett….theeett….theeett….thett…”

 

Swara bel iku langsung gawe bungahe para siswa, amarga wektune padha budhal sekolah. Kaya dene meri kang diumbar ing mblumbang. Murid-murid banjur menyang parkiran njupuk montor lan cepet-cepetan bablas bali.

 

“Nah, Jinah… enteni…aku arep takon marang dhewekmu!” Eko mlayu-mlayu ngoyak Jinah karo mbenakake tas sing nglem-breh-nglembreh.

 

“Takon apa maneh, Ko?” pitakone Jinah karo njegadul. “Aku njaluk ngapura, ya. Mau yen aku ora ngajak dhewekmu pacelathon mesthi ora didhawuhi nggarap soal ing papan tu-lis,” kandhane Eko kanthi melas.

 

“Halah uwis, aku yo ora kenapa-napa, kok,” wangsulane Ji-nah sinambi njikuk helm ing jok montore.

 

“Eh jarene kowe bakal pentas ing bale desa sesuk malem Re-bo, opo bener kuwi?”pitakone Eko gawe Jinah ora sida nyetater montore.

 

“Oh, ya pancen bener. Lha kowe ngerti saka ngendi?” Jinah takon kanthi rasa penasaran.


“Yo ngerti lah…Ah wis wae anggone omong-omong. Meng-ko bengi diteruske wae nganggo SMS, ya,” panjaluke Eko marang Jinah.

 

Jinah ora wangsulan, mung mesem karo nyetater montor Varione.

 

***

 

Kaya gula ing njero lodhong kang lagi dirubung semut. Iku mau gambarane bale desa sing wis kebak segara manungsa nganti ora kena dibiyak. Swasana wengi iku wus ora nggumunake. Pan-cen bener wong-wong mau lagi ngrubung panggung sing dianggo wayangan. Penere malem rebo, acara syukuran amarga menang lomba kebersihan desa diramekake nganggo nanggap wayang. Sapa maneh sindhene yen dudu Jinah. Sindhen cilik sing melu ngramekake wayangan iku. Wanita kang pepacakane dhamis, gelungan mental-mentul endah, busana kang kerlap-kerlip mlebu ing panggonan prasmanan bale desa.

 

“Adhuh, sindhene kenes temenan. Kene-kene dhahar sikik, sadurunge pentas,” ujare Bu Lurah kanthi nyalami Jinah lan para niyaga liyane.

 

Jinah kecipuhan. Nanging, dheweke banjur cepet-cepet nata ati ora merga dialem nanging merga ora bisa nahan rasa seneng anggone weruh sakehing suguhan ing meja prasmanan sangarepe. Ana abang kaya wajik, ana ijo kaya lemper lan putu ayu, uga ana kuning kaya masakane wong padhang. Cacahe ora mung sak wer-na, akeh banget. Yen dipangan sak RT mesthi cukup. Nanging iki mung kanggo nyuguh sak grup wayang sing mung ana dhalang, sindhen lan niyagane. Meh wae ilere Jinah ndlewer amarga ngen-teni ora dimanggakke mangan panganan iku.

 

“Wah uenak tenan kuwi. Lha yo rugi yen ora dicicipi kabeh. Mung sepisan, ora bakal bakal bola-bali iki. Aduh…,” grundele Jinah ing njero ati karo bola bali nyerot ilere sing meh ndlewer.

 

“Ayo Bapak-bapak enggal dhahar…mangga-mangga….,” swarane Bu Lurah mratandhani yen wayahe prasmanan wis di-wiwiti. Lha, iki sing ditunggu-tunggu Jinah. Njupuk piring, sendhok porok, banjur nuju papan panganan, piringe dikebaki pa-nganan nganti kaya tumpeng robyong. Jinah terus lungguh jejer Pakdhe Sugeng penabuh gender.

 

“Walah-walah Jinah, apa ya entek. Walah memper yen je-nengmu Jinah. Yen ora genep sejinah anggone mangan mesthi durung marem,”ujare pak Sugeng karo mesem.

 

Jinah ora wangsulan, malah methekut ngrampungke anggone mangan.

 

“Oooeg…ik…ik…,” anggone glegeken Jinah kaya buta cilik sing lagi rampung mangan mangsane.

 

“Ik…ik…ik…aduh Pakdhe aku malah jeguken, piye iki?” pitakonane Jinah marang Pakdhe Sugeng.

 

“Kene-kene diombeni wedang anget, mengko rak mari!” wangsulane Pakdhe Sugeng karo nyekel gelas kang isine wedang anget. Diombeni wedang anget nganti 4 gelas, anggone jeguken ora mari-mari, kepara saya kerep.

 

“Lha iki piye, Pak Dhalang, sindhene malah jeguken, iki,” kandhane Pakdhe Sugeng marang Pak Dhalang.

 

“Wadhuh, iki piye, to iki, durung nganti pentas malah wis nyindhen, piye to iki,” grundelane Pak Dhalang karo gedheg-ge-dheg, sajakke mumet mikir anggone pentas.

 

“Lha iki mau jalarane piye, ta, kok bisa kadadeyan kaya mang-kene?”pitakone pak Dhalang marang Jinah.

 

“Ik…ik…kula wau namung maem sakedhik, lajeng ceguk-ken kados ngeten pak, ik…ik…,”wangsulane Jinah karo cegukken bola-bali.

 

“Sakedhik kepriye, ta Nduk, lha anggonmu njukuk panganan nganti sapiring ra kobet kok diarani sethithik,” kandhane Pakdhe Sugeng karo nata piring lan plastik panganan ing ngarepe Jinah.

 

Wong-wong ing papan prasmanan ribut nggolekake sindhen kanggo ngganti Jinah sing wiwit mau le “nyindhen” ora meneng-meneng. Nanging, apa ya cukup wektu. Lan apa ya kanthi para pamiarsane sing kudu ngenteni anggone golek gantine Jinah. Apa ya sindhen iku mung butuh wektu sak detik kanggo dandan, lan gelungan? Wangsulane mung dumunung ana ing swarane Jinah sing anggone “nyindhen” isih durung rampung. Dhuh ndhen, sinden…!

 

Nyerat

  Nyerat dening Risywan Taufiq   Kala wengi srengenge pati Angen-angen pujangga tansah ngulandara Madosi tembung tembung gegurit b...