WIS KEBACUT MLEBU

Wis Kebacut Mlebu

Beti Ria Sari

 

 

“Kangmas, ayo mantuk, Kangmas……… Kanjeng ratu sampun dhawuh marang kula. Mangga sareng-sareng mantuk, Kang-mas,”mangkono pangucapku nalika arep ngisi acara pungkasa-ning Lomba Karya Siswa ana ing pawiyatan SMKN 2 Depok Sle-man. Wektu kuwi aku lagi wae rampung dipaesi nganggo kebaya kuning emas lan sampur werna oranye, corak Ngayogyakarta.

 

Aku pancen seneng nari Gabyong, apa maneh Gambyong Pareanom kang swara gamelane laras lan luwes kaya lakune tangan lan pendhaking sikil uga obahing awak.

 

“Ndhuk, kowe ki kena apa? Ayo, Ndhuk crita karo Kang Nur, Istigfar……!”

 

Mangkono kandhane Kang Nur karo nampani tibaning awak-ku sing wis ora eling ing tangane. Ing kelompok tari lan karawitan iki, Kang Nur kalebu senior. Dheweke alumni PAKS utawa Per-sepsi Apresiasi Kreasi Seni. Aku kalebu anggota Organisasi PAKS sing dadi indhuk saka teter lan karawitan ing sekolahan. Ing sa-wijining acara ing sekolahan, PAKS dijaluki tulung sekolahan men-tasake tari lan karawitan kanggo ngisi acara penutupan LKS se-Kabupaten Sleman.

 

Sajake Kang Nur kabotan nampani awakky. Dheweke gage njaluk tulung wong papat kanggo nyangga awakku nanging isih ora kuwat. Aku dhewe ora ngerti kenapa aku tansah kentir ing jagading lelembut. Kancaku dhewe kang dadi gerong uga bi-ngung apa maneh yen dheweke lagi ajar bawa lagu putra neswantara, aku mesthi nangis gero-gero tanpa sebab, kaya-kaya tembang kuwi ngelingake arang uripe kembang mlathi sing tansah tak ang-go kalung nalika aku njoget.

 

Gamelan wis ditabuh, swarane saya banter, nglagokake gen-dhing Roning Tawang. Sarampunge gendhing Roning Tawang kudune tari Gambyong Pareanom. Sing mbeksa kudune aku, na-nging aku isih ngglethak lemes. Ing angen-angenku, rasane kaya lagi mlayu-mlayu kaya babi edan. Aku ora krungu swara liyane kajaba swara gamelan kang lagi ditabuh lan swara gerongane Ibnul. Aku mung bisa omong karo dheweke, sajake sukmane kem-bang melathi wis nguwasane ragaku. Banjur, lambeku ngucap, “Kangmas, Kangmas…ayo mantuk…..”

 

Ora let suwe, Kang Nur ngerti menawa Ibnul uga arep melu-melu kangslupan bojone kembang Mlathi. Kanthi rada bingung amarga weruh kahanan kuwi, Kang Nur mbengok, “Nul….Ibnu…. aja…. aja…….aja nganti kebacut mlebu. Wah, parah kowe ki, Nul.”

 

Ibnul isih sadhar. Banjur, Kang Nur ngambali maneh, “Heh… takandhani, ya Le. Nek wis kebacut mlebu ki angel le ngetokke!” swarane Kang Nur kanthi ngos-ngosan.

 

Wektune aku mbeksa, nanging aku ora gage-gage manggung amarga awakku krasa abot banget kanggo ngglawat. Wusanane Mas Ibnul ngandhani kembang melathi sing manjing ing ragaku. Sanajan Mas Ibnul ya lagi nahan supaya dheweke ora klebon suk-mane kembang melathi, nanging dikuwat-kuwatke ngadhek lan omong, “Marang Gusti aku bali. Milih endi antarane mati lan urip ing donyamu mlathi? Saderengipun, kula nyuwun panga-punten, Nyai. Raga menika lan raga sanesipun nembe dipun ang-ge mbeksa Gambyong. Pramila, kula nyuwun tulung panjene-ngan medal rumiyin. Kula nyuwun saestu, Nyai!”

 

Wong-wong ing sakiwa tengene Ibnul padha plonga-plongo kaya kethek ora kumanan gedhang kapok. Lha, piye ora kaget, jebulane Ibnul sing sejatine wong blasteran kuwi bisa basa Jawa kanthi alus, kamangka sadina-dinane isane basa Indonesia. Mbawa wae ya lagi ajar, paribasane kaya bayi wingi sore nanging jebule wis wasis.

 

Krungu panjaluke Ibnul, kembang melathi mau banjur wang-sulan, “Mboten saget. Den Mas Bagus kang wibawane tansah cumlorot ing praenanmu yen angsal kula tumut mbeksa kaliyan raga niki kemawon. Kula naming kepingin tumut mbeksa………”

 

Sawise krungu swarane kembang mlathi mau, kanca-kanca banjur rembugan kepriye apike supaya acarane ora bubrah. Ban-jur, kanthi alon-alon aku dituntun menyang panggung. Lagi wae krungu kendhang ditabuh wae awakku wis obah dhewe manut wiramaning kendhang. Ora let suwe, gamelan ditabuh, kabeh padha jingak nonton obahing jogedanku sing luwes gandhes lan preananku katon cumlorot kaya ratu. Bubar mbeksa, aku banjur ngambruk maneh ora eling sinambi ngucap, “Kangmas saged nye-karaken bawa Sekar Putra Neswantara?” Mangkono panjaluke kembang mlathi marang Mas Ibnul.

 

Gage Mas Ibnul mangsuli, “Mboten. Kula ajrih, Nyai. Kula mboten saget.”

 

“Wedi karo apa, Le?” pitakone kembang mlathi. “Ampun, Nyai. Kula ajrih kaliyan garwa panjenengan.”

 

***

 

Anggonku klebon wis genep rong dina. Kanca-kanca banjur ngundang dhukun saka desa sebelah. Ngakune dhukun kuwi dhukun kondhang. Dina kuwi aku njaluk dipaesi nganggo kebaya corak Solo. Lan isa-isane dhukun kuwi mbedhek menawa kem-bang mlathi kuwi asale saka kraton Solo, kamangka sejatine saka gunung Sari.

 

“Njenengan saking kraton Solo, nggih Nyai?” dhukun kuwi takon karo lambene komat-kamit. Nanging aku ora mangsuli si-nambi tak tinggal njoget terus ora ngrewes pitakone dhukun kuwi.

 

“Mit…..mit…. dhedhemit lungoa saka kene..pang numpang-numpang anak putu Adham numpang ngentut….mit amit amit lunga dhemit ana ndulat-ndulit…Brrrrr…Brrrrrrr….Brrrrr…..”


Dhasar dhukun edan. Wis suwi aku mung dinengke wae njo-get ora ana rampunge lan ora gage ditulungi supaya sukmane kem-bang mlathi oncat saka ragaku. Jebulane dhukun kuwi ngenteni sarat dhuwit telung lembaran satus ewu. Kanca-kancaku wis rada cubriya karo tumindake dhukun kuwi.

 

Mas Ibnul gage marani aku lan mbawa Sekar Putra Neswan-tara karo nangekake awakku.

 

“Anakku sing bagus dhewe, besuk pinter sekolahe. Yen bisa nyambut gawe kudu laku sak mesthine.”

 

Dheweke bawa karo nyekeli tanganku sinambi ngucap, “Mangga Nyai kula dherekaken kondur sareng-sareng kaliyan garwa panjenengan ngangge iringan Sekar Putra Neswantara lan nitih andhong kencana.”

 

Bubar ngucap kaya mankini, aku banjur melu nyekar. “Cup, menenga anakku. Aja pijer nangis wae anakku sing bagus dhewe besuk pinter sekolahe.”

 

Mas Ibnul lan aku tanpa kendhat nyekarake lelagon kuwi nganti tekan lagon “adhil makmur”.

 

Sawise kuwi aku lan Mas Ibnul mlaku gandhengan tangan mengidul nyandhak janur kuning ing tangane Kang Nur. Ora let suwe aku sakloron ambruk ora eling. Age-age Kang Nur njupuk wedang putih kanggo ngraupi raiku lan Mas Ibnul sing banjur eling lan kilang-kilong ora mudheng apa sing nembe wae kedade-yan.


 

NGGEGE MANGSA

 Nggege Mangsa

(Herry Abdi Gusti)


Yekti yen durung titiwancine

rikala tuwuh tekad amiwiti tetandhingan

rasa kemrungsung sumadya nutugake laku

nganti kasembadan gegayuhan kang tinuju

nanging, ah...

kadaya cupete rasa lan wirama

cabar satengahe ndalan

ajur-mumur, lebur tanpa pepindhan

njethung amarikelu

kadya Petruk ilang gapite!


                                # Bojonegoro, 2015

Nyerat

  Nyerat dening Risywan Taufiq   Kala wengi srengenge pati Angen-angen pujangga tansah ngulandara Madosi tembung tembung gegurit b...