(Cerkak dening: Kurniawan)
“Kim! Tangi Kim! Selak imsak,” mangkono swara sing tansah bengak-bengok ngebakki kupingku, ya ora liya, swarane emakku saka pawon, gugah bocah sing turune angler kaya kebo. Mesthine wae ora bakal tangi, yen durung ana pecut sing nyampluk awakke.
“Kim! Tangi Kim! Selak imsak,” mangkono swara sing tansah bengak-bengok ngebakki kupingku, ya ora liya, swarane emakku saka pawon, gugah bocah sing turune angler kaya kebo. Mesthine wae ora bakal tangi, yen durung ana pecut sing nyampluk awakke.
“Ndang tangi! Raup! Ndang saur kene,
bocah digugah angele rakaruan” Mata sing esih ngantuk, riyip-riyip, takpeksa
awakku iki supaya tangi, karo molet-molet nyawang jam sing tememplek nang pager
kamarku, wis nuduhke jam setengah papat esuk. Tanpa semaur, aku budhal nang
buri, mesthi nguyuh, ora lali ya raup sisan, supayane nyawaku genep.
Merga esuke ya ethok-ethok melu
nindhakake pasa, dadi ya kudu melu saur. Sanajan sok kadhang budhal nyang
warung sing ketutup korden. Sega, lawuh,
wedang, kabeh wis cumepak. Kari njupuk, banjur enggal-enggal dipangan. Lagi wae
ngemplok sega telung cendhok, dumadakan hapeku muni, ohhh.. jebul ana telepon
saka Nisa, wong wadon sing ws suwi dadi gegantilaning atiku.
Aku lan Nisa kenal wis suwi, wiwit
kelas telu MTs, nalika nang pondhok pesantren Kyai Ageng Giri jaman semono.
Nisa iku asline wong Kudus, ya tangga
kuthaku dhewe. Dheweke wis ra nduwe ibu, merga meninggal nalikane
nglairake Nisa. Merga kuwi bapakne dadi ora seneng marang dheweke, nganggep yen
Nisa kuwi bocah kurang ajar, lagi lair wae wis gawe tumekaninng pati dening
ibune. Mangka wiwit iku, Nisa dirumat dening simbahe. Sanajan wis sepuh,
nanging esih ngrumat bayi sing ditinggal seda ibune. Aku lan dheweke bebarengan
wis suwi, wong tuwaku ya ngerti, seneng pisan. Tangga teparo ya wis adha ngerti
uga. Dheweke asring ngabari aku lewat telepon.
“Hallo, mlekum.. Aku wis tangi, Dhik. Awakmu
telat nuk, anggone gugah aku. Hahaha..”
Karang biasane Nisa ya nelpon aku nalikane wayah-wayah saur ngene.
“Waalaikumsalam, Mas..” swarane karo
sajak mesesegen.
“Lohh, kena ngapa, kog sajake sedhih
mangkono? Halah-halah! aja nangis ta,
mung telat anggone gugah aku kog nangis!”
“Dudu prekara kuwi Mas..”
“Lha apa ta Dhik? Sajak wigatine ki
lhooo..” aku pancen ora ngerti karepe Nisa iku ngapa, kog esuk-esuk durung
subuh wae wis tetangisan. Wong saben dinane wiwit karo aku, dheweke ya ora tau
sedhih. Malah kepara bungah-bungah wae.
“Sewengi aku rabisa turu Mas..” ya
esih wae, kandha karo nangis.
“lhah dalaaaaahh.. amung prekara
rabisa turu wae dadak nangis, huuuu.. wagune ki lho” Wiss.. bubar saur mengko
subuhan terus turu pollll.. sore ya! Pancen semaurku ceplas-ceplos mangkono,
kaya adat saben dinane. Nanging arepa kaya ngapa Nisa ora tau serik, pancen,
dheweke iku kenya sing sabar, alus, tur ya ayu. Krana iku, akih sing pengin
nggarwa dheweke.
“Dudu
Mas, dudu kuwi.. mau bubar trawih, Huda
sowan rene sakulawargane..”
“Hayo mbok ben wae ngapa ta? Dolan
kog ora olih. Wong ya arep silaturahmi marang simbah..” Huda iku kakang
kelasku, nalika nang pondhok pesantren
biyen, dene wong tuwane pancen ya wis kenal suwi karo simbahe Nisa,
malah wis kaya sedulur dhewe. Dadi, lumrah wae yen Huda sakulawarga iku sowan
nang simbahe Nisa.
“Huda nglamar aku, Mas!.. mulane dheweke iku ngajak sakulawargane.”
“Hehh, nek ngomong aja ngawur
ngono.. goroh! Ra lucu lahh! Mengko yen dilamar temenan kapok lho ya.. hahaha,
benera Huda kuwi bagus, ya rada pinter, nanging apa kowe ki gelem?”
“Aku gak goroh Mas, estu, Demi
Allah..”
“Ya nek pancen kowe seneng tampanen,
hahaha..” niyatku pancen guyoni Nisa, supayane dheweke ora nangis wae. Aku wani
nyeplos mangkono merga Mbahe Nisa wis kenal aku suwi, kepara malah aku dianggep
anake dhewe, dianggep tunggale Nisa. Luwih-luwih wis dijanjeni, dene sesuk wis
siap rabi aku kon nikah karo Nisa.
“Ora Mas, ora. Ra ana wong lanang
liya saliyane sampean, nang atiku iki, arepa nganti tumekaning pati, rasa iki
suci, tulus, hamung gawe sampean. Disekseni arwah ibuku sing ana kana, hamung sampean Mas!” swarane Nisa malah
sansaya ora negelke, sansaya mesesegen anggone nangis.
“Arepa Huda nglamar awakmu, nanging
simbah kan wis menehi janji marang aku ta Dhik, dene aku sing bakal karo
awakmu.”
“Ora ngertiya, Mas.. ora tak nyana,
simbah malah nampa lamarane Huda marang aku.”
Saknalika swaraku kandheg, kaya dene
ngerem ndadak. Ora ngira, ora tak nyana, yen simbahe Nisa tegel marang wong sing dianggep anake dhewe, wong
sing dijanjeni bakal dijodhohke marang putune. Telepon sih nyambung marang
Nisa, nanging aku wis ora kuwat semaur, dhadhaku sesek, pungkasane eluhku sing
tumetes nyauri swarane Nisa sing omong lewat telepon.
Adan subuh wis keprungu, nganti komat pisan,
nanging aku ora bisa ngerem anggone
ngendheg eluh sing tumetes.
“Kim! Subuhan! Aja malah ngalamun
wae,” swarane emakku karo nyedhaki. “kowe ki ngapa? Subuh-subuh kog nangis,
kenthirmu lho, Lee.. wis kana ndang subuhan sik!”
“Iya Mak, iyaa.. aku wis krungu.
Rausah dibulan-bleni ngono.. dadekake aku tambah mumet.”
“Mumet ki mumet ngapa lahh?! Wong ya
prei suwi, gaweyane amung tura-turu kaya gombal amoh kog ya bisa mumet.”
“Iya Mak, sakarepmu lahh..” karo mlaku menyang buri
kaya dene manungsa sing wis ora duwe daya.
Aku ora wani crita marang emakku,
ngenai Nisa sing dilamar Huda, malah ditampa mbahe pisan. Amarga emakku ya
ngerti yen aku wis suwi karo dheweke, luwih-luwih emak ya setuju banget, amarga
kelakuane sing apik, wonge ya apik uga.
Mengko yen wis padhang takniyati,
aku arep sowan menyang mbahe Nisa, konfirmasi kena ngapa panjenengane tega
banget marang aku. Padhahal ya wis janjeni, bakal menehake si Nisa supayane
mbesuk yen aku lulus bisa langsung tak lamar. Saben aku sowan ngomahe, mbahe ya
katon bungah banget, sajak ndhukung aku temenanan, nang ngarepanku pancen
mangkono, tapi aku rangerti kepiye karepe saiki. Ana unen-unen, kedhung jero
bisa dijajakki, nannging atine manungsa, sapa sing ngerti?
Padhang jingglang, srengenge sumorot
saka wetan, peksi-peksi tansah padha cecaturan, angin sumilir alon kang gawe
swasana adem tenan. Nanging atiku esih padha wae, kebak rasa pitakonan. Sawise
adus lan tata-tata, mangka aku enggal-enggal budhal menyang mbahe Nisa.
“Assalamualaikum, Kula nuwun..”
“Kula nuwun... Mbah..”
“Assalamualaikuuuuum....!”
Nganti ping telu anggonku uluk
salam, nanging durung ana sing semaur.
Dasare pancen wis sepuh, manawa ra patya krungu. Hadeeehh..
“Assalamualaikum, Mbaaaahh.. kula putumu Mbahh..!”
“Waalaikumsalam, mangga Nang,
manggga, kene mlebu..”
Mbahe
Nisa semaur sajake rada kaget, merga saka pawonan mburi karo mlayu-mlayu metu.
“Piye, Nang? Ana apa ta, kog
esuk-esuk dengaren wis tekan kene, sajak wigati temen.”
“Piya-piye ndasmuii! (nanging cukup
ana batin wae). Wong wis cetha-cetha
ngono esih takon piye. “hehehe, mbahe sehat nggih Mbah?”
“Iya Nang, alhamdulillah sehat.. ya
mung kagetan ngene, karang wis tuwa, kadhang sembahyang ya wis ra kuat ngadeg.”
“Nggih Mbah, alhamdulillah menawi
sehat, Lha Nisa ra inggih sampun budhal makarya Mbah? ” Ora two the point, aku ora langsung takon ngenai topik sing dakmaksud.
“Iya iki mau dheweke rada kawanan,
sewengi ora gelem turu, malah nangis wae, Nang-nang..”
“Lohhh... lha wonten menapa?”
“Anu iki mau...” durung tutug olehe
ngendika mbahe wis mbrebes mili.. aku delok sajak ora karuwan batinku, melu
trenyuh pisan.
“Kados pundi, Mbah? Wonten menapa?”
karo esih ethok-ethok ora ngerti.
“Pangapuramu sing gedhe ya putuku, Cah Bagus..
mau bengi ana priyantun sing sowan mrene, duweni karep yaiku nglamar adhimu,
Nisa, cah ayu. Mbah pancen wis janji karo awakmu, dene Nisa mbesuk kowe sing
bakal ngrabi. Nanging wektu iki mbah sarwa ora kepenak, arep tak tulak, wong
iku ya wis kasep cedhak rakete karo Mbah. Priyantun kala mau mojokake mbah,
nganti ora bisa apa-apa, mung bisa nampa, kanthi rasa sing ora bisa legawa
Nang..”
Mbahe ngendika karo tetangisan,
sansaya ora kuwat aku ngempet eluh sing tumiba,
batinku wis ambyar ra karuan, mung bisa semaur karo mesesegen.”
“Kog saged makaten, menika kados
pundi Mbah? Menapa mbah boten ngendika
yen si Nisa mpun kaliyan kula.”
“Sepisan maneh pangapuramu singg
gedhe Cah Bagus. Mbahe ki wis tuwa, yen kudu ngenteni awakmu mbah ya mesakke
marang adhimu.. Mengko iki sasi Sawal, adhimu bakal resmi dirabi karo Huda..
tak jaluk awakmu sing iklas, Nang.. najan wis kaya mangkene Nisa kudu mbok
lalikke, iya lalikke alon-alon..”
Krungu tembung iki, aku sajak dadi
mikir. Masa ya mbahe ngece aku mangkene.. utawa panjenengane wis krasa. Aku ra
mangsuli apa-apa, mung bisa nangis wae. Mangka aku enggal-enggal pamit.
“Mbah, kula pamit riyin Mbah..”
Mbahe ya ora wangsulan, esih wae
nangis, ngrumangsani yen panjengane luput.
Bener kandhane, tanggal 14 sasi
Sawal Nisa sida dirabi karo Huda, aku ya mung bisa teka nyang undangane wong
sing banget tak kasihi, ta tresnani, nyawang kekarone lunggguh jejer, batinku
ajurrr! Najan tak sawang Nisa ora bisa bungah kaya pengantin adhate.
Let sedina sawise Nisa lan Huda
resmi dadi bojo sing sah, aku entuk kabar,
dene mbahe Nisa seda..
Manawa iki sing dikarepake mbahe
kala wingi, yen ngenteni aku lulus, kabeh bakal rekasa. Wong wadon sing ayu budine, uga sarirane,
sing ditinggal seda ibune wiwit lair, sing ditinggal bapakne, ora duwe
sapa-sapa maneh kejaba mbahe. Lumrah wae yen mbahe nampa lamaran wong lanang
liya. Najan ta kaya mangkene.. atiku ra karuan, aku coba nglalikake Nisa, kabeh
kontak sing berhubungan karo dheweke tak blokir. Nanging arepa kaya ngapa
pancen aku ora bisa lali.. persis sing ana tembang kae. Lali lali datan bisa
lali, lawas saya katon, upamakna wit-witan kang gedhe..
Najan ta wis duwe dalan dhewe-dhewe,
Nisa lan aku, nanging tresnaku ora bisa ilang, malah kepara sansaya mundhak
olehku nresnani dheweke kaanthi meneng-meneng, nganti saiki ,nganti seprene,
nganti aku nulis crita iki.
Nuwun.
Welokkkkk
BalasHapus