Gawe Omah
(Dening: Madu Sudomo)
Awan iku, mulih saka mancing. Agung legog-legog ana ing emperan ngarep lawang, praupane katon melas banget. Weruh solahe anake, Sholeh batin pitakonan: jan-jane apa sing dadi pikirane bocah iku, kog sajak berat sing dipikirake.
“Ngalamun wae ki, ana apa ta Le? Apa sing kok pikirake, apa kowe mikirake kahanan kang kaya mangkene?”
“Iya ki Pak, hawane sumuk lan panas, daleme simbah iki empyake andhap banget nganti nyundhul sirah.”
“Owalah Le Le, yen krasa sumuk lha kuwi kari njethetake kipas angin.”
“Sampun Pak, nanging isih panas niku pak.”
“Ya merga empyake endhek banget dadi panase ra umum, sing sabar ya Le.”
“Ana maneh sing dakpikirake Pak, jane aku iki kepengin sekolah maneh, nanging ya ngerti dhewe kahanan sing lagi diadhepi.”
“Ngapurane bapak Le, prekara kuwi bapak ora isa nuruti kekarepanmu, tak kira ya kowe wis isa ngerteni kahanan kang kaya mangkene. Adhimu Nur ya wis kelas telu SMP, wayahe lulusan banjur dhaptar sekolah mesthine butuh ragad kang ora sethithik.”
“Leres Pak, Nur luwih prelu digatekake, aku ngono wis lulus STM wis isa kanggo nglamar gaweyan. Apa isa ya Pak aku sukses lan ngedegake omah dhewe ben ora nunut maneh ana daleme Simbah.”
“Isa wae ta, senajan awake dhewe kayata cebol nggayuh lintang, ananging sapa wonge sing gelem rekasa lan usaha ing tembe mburine bakal nemu kabegjan. Lha kowe ora nyoba nglamar kerja ning toko utawa rumah makan Le?”
“Ora Pak, iki sinambi golek lowongan sing sekirane jumbuh karo keahlianku seprene aku sinau ana ing STM, aku ngewangi Lik Parmin ana ing sawah, nggrajangi brambang, milihi brambang, mbako, ya kala-kala ana turahan brambang utawa mbako sing ora kanggo isa tak dol ana ing pasar lumayan kanggo urip sajroning golek gaweyan.”
Agung anggone ngresula ora mung celathu wae, wis ora arep dirasakke maneh, sing penting dilakoni sik kanthi sabar, saben wayah awan Agung sinambi golek lowongan gaweyan ngewangi Lik Parmin ana Sawah.
“Nuwun sewu Paklik, Pundi brambang lan mbako ingkang saged kula pilihi lan kula rajangi?”
“Owalah wis teka kowe Gung, kuwi brambang lan mbakone ana ing tenggok, menawa arep ngrajangi ana ing eyupan kae wae ben ora kepanasen, mengko nk wis rampung gawa mrene.”
“Paklik, kula sampun bar milihi, ngrajangi brambang lan mbakonipun, menika kula caosaken pundi nggih?”
“kuwi delehna wae ning wadhah sing wis cumawis ana ing sisih kiwamu, iki upahmu, aja lali brambang lan mbako sing ora kanggo iku isa mbok gawa bali Gung”.
“Maturnuwun nggih Paklik, kula nyuwun pamit rumiyin” “Iya Gung, sing ati-ati”.
Wayah wengi ana ing omah. Agung mikir kepriye carane dheweke isa entuk gaweyan kanggo ngangkat derajate wong tuwa, dheweke esuke usaha dhaptar gaweyan lan coba takon-takon lowongan gaweyan menyang TU Sekolahane lan takon kakang mbakyune utawa Alumni sekolahane sing wis lulus.
Ancase Agung kang kepengin sekolah maneh iku kanggo ngangkat derajate wong tuwa. Sebabe, seprene iki Agung ngrasakake nasib kaluwarga sing ora tau malih amarga sekolah sing mung mentok rampung STM. Bapake amung buruh kuli bangunan. Ibune dadi TKW ana ing Singapura, wis suwe ora kondur ing Jawa lan namung komunikasi lewat HP.
Agung Sadhar, menawa arep ngerek derajat kaluwargane iku lumantar pendidikan. Senajan butuhake pengorbanan kanggo nglewati dalan iku mau. Sehingga, senajan kahanan ekonomi kaluwarga sing pas-pasan, dheweke sakuat tenaga usaha kanggo isa sekolah maneh. Maem sega lawuh uyah ya dilakoni.
Semangat kanggo sekolah maneh malah buyar, amarga dheweke mikir dadi TKI ana ing Jepang supaya cepet sugih. "Aku mikir dadi TKI, mantuk ing kene kurang luwih setaun wis isa tumbas lemah, sawah, lan wis isa kanggo mbangun omah sing tak impekake."
Ora mung saderma pangarep-arep. Agung wis dhaptar dadi TKI ana Ing Nagara Jepang iku. Dheweke malah wis kursus basa Jepang. Ananging nasib ora kaya sing dikarepake. Ngrasa ora duwe ragad, dheweke akhire nglamar kerja. Malah ketampa ana ing perusahaan batu bara ana ing Kalimantan kang jenenge wis misuwur. "Muga wae iki dadi dalanku supaya isa sukses." celathune Agung.
Sawijining dina ana ing plataran sisih kulon kang katandur wit-witan, ing pinggir daleme simbah kathah ingon-ingon kayata pitik, bebek, peksi, lan kucing. Simbah remen anggone ngingon-ingon lan tlaten.
Agung celathu:" Terakhir dina iki aku ana ing tanah Jawa, ana ing daleme simbah kang
lingkungane asri lan ayem, ya senajan dudu omahku dhewe nanging aku seneng isa digedhekke ana ing daleme simbah."
"Mbok, kung. Agung arep budhal Kalimantan", Ngendikane Bapak marang Simbah.
"Kula pamit riyin nggih Mbah, pamit nggih Pak, Adhik. Sinau sing sregep, manut marang bapak lan simbah ya Dhik.
Praupane Nur katon pucet, brebes mili eluhe dipamiti kakange, Simbah nyarehke Nur.
"kajenge Mbah, Nur niku taksih bocah ", panglipurku sinambi ngusap Rambute Nur.
"Mas kapan kondure ? Dangu boten mas?" celathune Nur.
"Aku iki karyawan ana ing perusahaan tambang wilayah Kutai Timur. Papan anggonku makarya duweni sistem cuti 3 wulan pisan, ya prakiraanku 3 wulan maneh aku wis isa mantuk cuti, Dhik."
"Wektu sing lumayan lan nyiksa amarga awake dhewe kudu pisah utawa jarak adoh." Ngendikane bapak.
"Cutiku 3 wulan maneh. Sabar nggih Pak. Mengko yen wis padha-padha kangen kan saged video call lumantar WA."
"Iya Le, sing ngati-ati, sluman slumun slamet."
Modal nekad lan dhuwit saka asil nyambi minangka buruh, dheweke gawa dhuwit Rp 300 ewu kanggo cekelan urip ana ing Kalimantan. Dheweke langsung budhal menyang Kalimantan lan manggon ana ing asrama minangka fasilitas saka perusahaan. Dheweke sadhar menawa tekade kerja mung gawa dhuwit kang pas-pasan krasa sawetara traning 2 minggu ana ing kana, kepriye carane dhuwit cekelan iku mau kudu di awet-awet sinambi nunggu gajian.
Agung anggone makarya ora sambat, modal semangat lan cekelan dhuwit saka asil kerja serabutan ana ing sawah, Agung nerapake gaweyan kanthi temen lan pengalaman sing wis di sinaoni sajroning dheweke di training pimpinane. Kurang luwih 2 wulan anggone makarya, jebul tabunganne wis dikira cukup kanggo tuku lemah. Dheweke banjur telpon bapakke kepengin kirim dhuwit supaya bisa diagem bapak mundhut lemah.
"Assalamu'alaikum Pak, kepriye kabare kaluwarga ing Jawa?
"Walaikumsalam. Owalah Agung ta iki, kabare apik sehat Le, lha kowe ing kana ya bagas waaras ta le? gaweyanmu lancar ta?"
"Alhamdulillah sehat Pak. Lancar, gaweyanku kurang luwih 2 wulan iki wis lumayan isa ngumpulake tabungan kanggo tumbas lemah Pak, rencana tabunganku iki arep tak kirimke Bapak supaya bisa dipundhutake bapak lemah sepethak supaya duwe celengan."
"Alhamdulillah Le, Bapak melu seneng. Ya mengko nek dhuwite wis ng Bapak, tak golek lemah sing murah."
"Iya Pak, mbesuk yen tabunganku wis kumpul akeh maneh, tak nggo tumbas omah Pak."
"Rausah tuku omah, mengko dhewe gawe omah wae, sing sekirane miturut karo kekarepane dhewe. Saiki dhewe kudu nabung maneh sethithik mbaka sethithik mengko rak ya akeh."
"Siyap, nggihmpun Pak ngono wae aturku. Bapak lan kaluwarga sehat-sehat nggih. Assalamualaikum."
"Iya Le. Kowe ing kana ya muga lancar gaweyane, bagas waras, sukses. Amiin. Walaikumsalam."
Dhuwit tabungan wis dak kirim, alhamdulillah bapak isa mundhut lemah sepethak. Lemah sing ora patio jembar ananging bisa kanggo bangun omah sedherhana, amarga lokasine ana ing pinggir sawah dadi senajan ora jembar nanging yen disawang katon amba.
"Yen pengen luwih, dadi kowe kudu usaha sing luwih uga.” Ukara iku sing dadi prinsip uripe Agung babagan sembarang kalir lan uga babagan mbangun omah.
Amarga pengen sing luwih, Agung kudu usaha luwih, donga marang Gusti Allah lan ora sethithik sing di korban ke kanggo ancas pangarep-arepe mbangun omah. Dudu prekara gampang menawa kerja ana ing tambang. Mental, adoh saka kaluwarga, lan nyawa dadi totohane.
Ngancik taun 2020, omah kang dadi pangarep-arepe Agung lan kulawarga wiwit lekasan dibangun. Amarga Agung ana ing Kalimantan, Dheweke ora isa gotong-royong nyengkuyung mbangun omah. "Sing paling penting wis isa kelakon duwe omah dhewe, kaya ngapa bentuke ora dadi ngapa." Ature Agung
Alhamdulillah
kurang luwih sewulan punjul, omah sing wis di impikake awit jaman isih rekasa
rampung dibangun senajan durung 100% rampung( Garasi, pager, lan lawang pager
durung siyap) ananging wis isa dadi eyup-eyup menawa udan Utawa panas.
Amanat : - "Urip iku terus mlaku, bebarengan karowektu,sing bisa gawa lakumu, supaya apik nasibmu." Artinya : Hidup itu terusberjalan,bersamaan dengan waktu,yang bisa membawa tingkah lakumu biar baik nasibmu.
- "Sabar iku ingaran mustikaning laku." Artinya : Bertingkah laku dengan mengedepankan kesabaran itu ibaratkan sebuah hal yg sangat indah dalam sebuah kehidupan"