Diwesiyasat Kapang

 Diwesiyasat Kapang

dening: Katarina Aprilia


Samun ing wayah ratri

Nyendhal ati kang nandhang wuyung,

karana sliramu tan bisa kajangkah laku,

Kapang iki,

tan bisa kaucap ing ujar

Kagawa ngimpi saben mereme netra,

rumasuk ing raga bareng sumilire angin wengi


Apa kowe krasa?

Ora...

pangrasaku, iki amung aku sing krasa

Mendhem banjur kependhem jero

Lintang ing awang-awang

Tak titipake rasa kapang iki

kanggo slirane kang tan bisa tak sanding

Muga bisa ngreksa rasa lan ngreksa tresna

ing kana.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Nyerat

  Nyerat dening Risywan Taufiq   Kala wengi srengenge pati Angen-angen pujangga tansah ngulandara Madosi tembung tembung gegurit b...