Waspa

Dening: Winarsih

Sumunar cahya kuning ing sisih kulon

Kang nate dadi pepujanku

Sesawangan ing pucuking wengi

Kang mung sakedheping netra

 

Muspra...

Pangrasa kang wus keladuk

Awujud pepindhan ing reroncen carita

Kang ora ana paedahe maneh

 

Sumeleh...

Wus rampung kadupak mendhung

Cekap anggone dadi pangripta carita

sandiwara tanpa swara kang gawe lelara

 

Tumetesing waspa,

Apa merga udan nggrejih sore iki?

Apa merga petenge langit wengi iki?

Apa merga pangrasa ing sajroning manah iki?

 

Waspa iki,

Mili nut iline reroncening carita

Sineksenan langit tanpa lintang rembulan

Sawetara, jarna dadi irah-irahan guritku

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Nyerat

  Nyerat dening Risywan Taufiq   Kala wengi srengenge pati Angen-angen pujangga tansah ngulandara Madosi tembung tembung gegurit b...