KLERU NANGING BEGJA

                    Kleru Nanging Begja

Heredita Wedharingtyas Laksita Utami

 



Sore kuwi, pinuju dina jumat tanggal 13 Maret 2009, aku ana jadwal latiyan tari ana ing Sanggar Pamulangan Beksa Sas-mintamardawa ing nDalem Pujokusuman. Kaya padatan, wanci jam 15.30 aku wiwit latiyan tari. Wektu iku aku latiyan tari Srikan-di Suradewati kang dina iku meneri wiraga utawi gerak tari sing pungkasan.

 

Nalika wayah ngaso, Bu Itut kang ngesuhi tari wektu iku nimbali aku karo mbak Galih.

 

“Mbak Dita karo Mbak Galih, menawa sesuk dina Minggu pentas tari Srikandi Suradewati ing Bangsal Sri Manganti gelem apa ora?” pandangune Bu Itut.

“Inggih, Bu,” wangsulanku bareng karo mbak Galih. “Sesuk setu jam 15.30 latiyan tarine diterusake tekan pung-

kasan ing daleme Bu Itut, nggih?” “Inggih, Bu!”

 

Wose, aku karo Mbak Galih nyendikani dhawuhe Bu Itut. Nanging, dina Setu esuke aku karo mbak Galih didhawuhi Bu Itut sowan ing daleme saperlu latiyan. Latiyan ing daleme Bu Itut kang-go mantepake tarian, amarga aku karo Mbak Galih durung apal.

“Bu, menawi benjing badhe minggah pendapa kandos pundi caranipun amargi wekdal latiyan langsung minggah pendapa?” “Sawise kapang-kapang tekan undhak-undhakan ndhodhok dhisik terus nyembah tumuli lungguh ing pendhapa. Diteruske lampah dhodhok udakara limang langkah nembe sila panggung,” mengkono wangsulane Bu Itut karo nyontoni.

 

Dina Minggu tanggal 15 Maret 2009 jam 08.30 aku karo Mbak Galih kudu wis tekan papan kanggo rias ing Bangsal Sri Manganti. Rong jam sak wise iku, aku karo Mbak Galih wis rampung didan-dani. Gandeng acara pagelaran wis diwiwiti, aku wis siap beksa. Atiku dheg-dhegan sadurunge munggah pendhapa amarga wek-tu iku pengalamanku kang wiwitan beksa ing wewengkon kraton, Bangsal Sri Manganti kang meneh ora sadengah wong kang bisa beksa ing papan mau.

 

Saka wiwitan nganti pungkasan beksa aku karo Mbak Galih rumangsa “pede” lan nganggep jogedanku wis bener. Nanging, wektu “kapang-kapang” kok ana rasa sing ora kepenak nganti tu-meka “sembah”. Nganti rasa kerasa yen digeguyu para pangrawit sakwise rampung tari. Nganti rampung anggonku nari, aku du-rung mudheng apa kang kedaden nalika aku nari.

 

“Mbak, kok ana sing ngganjel wektu aweke dewe nari?” pitakonku marang mbak Galih.

 

“ Iya, pa Dit?”

 

“Wah.... iya, Dit. Aku lagi kelingan mau ki nek ra keleru gendhinge ra pas, je!”

 

“ Paling, Mbak.”

 

“Mbak, mau ki kepriye kok bisa ora pas beksa ne karo gen-dhinge?” Pak Toro ngendika karo aku lan Mbak Galih.

 

“Menapa inggih, Pak?” pitakonku marang Pak Toro sing nge-prak.

 

“Iya, mau ki anggone nyarungke keris telat rong etungan da-dine tekan pungkasaning gendhing ora pas karo jogedane.”

 

“Oh...Inggih Pak, kula kaliyan Dita nyuwun pangapunten saderengipun!”

 

“Ya, ora dadi apa. Sesuk menawa beksa maneh kudu luwih ngati-ati anggone ngepasake wiramane.”

 

“Matur nuwun, inggih, Pak.”

 

Aku karo Mbak Galih dadine rada isin, mula banjur nyuwun pangapura karo Bu Itut amarga anggonku ngayahi jejibahan ora sampura.

 

“Nuwun sewu Bu. Kala wau dalem kekaleh angenipun nga-yahi beksa taksih wonten ingkang lepat,” aturku marang Bu Itut.

Ngendikane Bu Itut, “Ya wis ora papa amarga lagi pisanan pentas. Nanging, kesalahan anggone mbeksa mau menawa kang mersani para turis domestik lan luar negeri ora bakal ngerti amar-ga kesalahan mau kang bisa mangerteni ya paraga kang ngerti bab beksa lan gendhing. Malah aku ngaturake panuwun amarga nadyan salah anggone beksa tetep lancar dadi ora katon menawa anggone beksa ana sing salah. Mula sesuk menawa didhawuhi beksa maneh, Mbak Dita lan Mbak Galih kudu luwih ngatekake bab gendhing, dadi ora mung apal anggone mbeksa nanging kudu ngerti wirama.”

 

Jebulane sing kleru orang mung tariane wae, nanging po-capan uga bisa salah. Paraga-paraga senior uga ana sing salah po-capane. Babagan mau ing ruang rias sakwise beksa biasane pada kanggo gojegan antaranae penari karo pangawit.

 

“Kepriye mau pocapane. Ora ditakoni asmane kok ngaku dhewe. Lha, wayang cara ngendi mau?” ngendikane Mas Papang karo mesem.

 

“Lha aku ora apal amarga dakdakan. Ya wis sak ketemune anggonku omong ketimbang meneng wae kaya wayang bisu,” wangsulane Mas Anto karo nyengingis.

 

Gandheng anggone tata kostum tari wis rampung, para para-ga enggal arep padha bali. Ngendikane Bu Itut pancen bener me-nawa aku luwih nggatekake ngendikane, aku bakal antuk kalo-dhangan beksa maneh ana ing Bangsal Sri Manganti kanyata dina Minggu tanggal 18 April 2010. Aku, Rista, Mbak Ima, karo Mbak Galih dipercaya mbeksa Srimpi Pandelori maneh ana ing Bangsal Sri Manganti. Sabanjure, nalika dina Minggu tanggal 13 Juni 2010, aku, Rista, Mbak Ima didhawuhi mbeksa Golek Asmarandana Bawaraga maneh ana ing papan kang padha.

 

Saliyane seneng amarga didhawuhi mbeksa ing kraton, bu-bar mbeksa nadyan kesel aku uga seneng pranyata akeh turis kang padha ngajak foto bareng-bareng. Kadhang kala lucu uga amarga menawa ana turis kang ngajak rembugan nganggo Basa Inggris kadhang aku ora mudeng sing dikarepake para turis kuwi, na-nging kanthi “pede” mangsuli wae. Rumangsaku, turis-turis kuwi mudheng critaku amarga padha ngguyu, manthuk-manthuk, lan ngajak salaman. Sanajan rada kangelan kumunikasi nganggo basa asing, nanging atiku seneng banget amarga para turis wis gelem ngajeni kabudayan Jawa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Nyerat

  Nyerat dening Risywan Taufiq   Kala wengi srengenge pati Angen-angen pujangga tansah ngulandara Madosi tembung tembung gegurit b...