Tuma Kathok
Dening: Annisa Cahyanti
Adhiku lanang sing paling cilik dhewe lagi rewel-rewele. Umure isih rong taun, nanging wis bisa ngecipris. Esuk kuwi, ibuku lagi repot ngumbahi dadi ora duwe wektu longgar kanggo momong adhiku.
“Ndhuk, tulung adhine dineng–nengi. Ibu lagi ewuh, ki. Ga-weyane isih pating klarah,” bengoke ibuku sinambi.
Krungu panjaluke ibuku, aku banjur gregah tangi. “Nggih, Bu. Tak neng-nengane,” wangsulanku sinambi nyedhaki adhiku.
“Ucup…ucup….ucup diyem adhikku sayaaaang sing paling cantik paling manis.”
Mengkono aku bola-bali ngudang adhiku.
“Kenapa kok nangis terus mau permen…eh eh .. atau mau kakak bacain cerita Upin Ipin, mau.”
Krungu wangsulanku mau tangisane adhiku malah saya banter.
“Ndak mau ndak mau…mau entok bob-entok bob,” panja-luke adhiku karo mimbik-mimbik rewel lan manja banget. Dhe-leg–dheleg aku, bingung nuruti apa pepinginane adhiku. Ru-mangsaku adhiku njaluk dinyanyekake menthok-menthok. Ban-jur gage aku nyanyi, “Menthok–menthok tak kandani mung laku-mu anggg….”
Durung
rampung anggonku nyanyi, tangisane adhiku tam-bah sero. Atiku rasane buneg
tenan, mangkel nanging ora tega weruh dheweke nangis.
“Untung mung ndhuwe adhi siji. Nek genep papat walah dadi ra waras aku,” batinku nang jero ati. Saya suwe tangisane samsaya kaya gludhug mecahake sepine omah.
“Sreeekkk….srekkkk….sreekkkkk,” swara sandale ibuku.
Ibuku banjur marani lan takon, “Iseh nangis terus nopo Nduk.”
“Injih, Bu. Lha adhik niku jaluk entoook-bob entokkk-bob sampun kulo tambangke menthok-menthok ning tangisane tam-bah sero,” wangsulanku karo rada jengkel.
“Owalahhh, Ndhuk. Adhimu kuwi jaluk ndhelok Sponge Bob ora njaluk dinyanyekke menthok-menthok,” wangsulane ibuku karo nguyu.
Aku saiki lagi mudheng kenapa adhiku nangis. Nalika cilik kesenenganku karo adhiku iki beda. Aku mesthi nangis njaluk ditukokake buku crita. Wektu kuwi sing paling tak senengi crita Sincan. Menawa ditukokake buku crita Sincan senengku ora ja-mak. Kon milih dolanan apa buku crita mesti milih buku crita, beda karo bocah jaman saiki sing senenge mung nonton TV.
Saben-saben ditukokake buku crita, aku bungah lan buku ku-wi tak waca bola-bali, tak gawa nang ngendi wae aku lunga. Wek-tu kuwi aku duwe sedulur kang jail banget jenenge Panjul. Bocahe manja. Apa-apa panjaluke kudu dituruti karo wong tuwane. Se-dulurku kuwi senengane dolan ning omahku. Sing paling njeng-kelake, dheweke mesthi ngrusak barang apa wae kang mentas dicekel lan dianggo dolanan. Mula aku bingung kepriye ngaman-ake barang-barang dolananku menawa bocah kuwi teka. Do-lananku sok tak seleh neng kamar mandi, nanging tetep ora aman, tak seleh neng kamar saya gampang dikonangi. Judheg banget lan bingung menawa bocah kuwi dolan neng omahku.
Durung rampung anggonku ngangen-angen, eh…keprungu swara wong nothok lawang.
“Thokkk…thokkkk….thookkk….thokkk.”
Jebule budheku lan putrane, Panjul. Sakal pikiranku dari bi-ngung. Sing ana pengangenku piye carane aku nyelametake buku critaku sing anyar iki saka pangganggune Panjul. Bingung le ndhe-likake bukuku, banjur tak lebokake ning njero kathokku banjur lingguh anteng lan nguya-nguyu mesam-mesem manggakake bu-dheku. “Koyo wong ra genep,” batinku. Ibuku, budheku, Panjul kabeh padha lungguh ana ing meja mangan lan geguyon. Lha, aku mung isa ndelengake wae saka kadohan ora wani nyedhak amarga wedi keconangan dening Panjul menawa aku ndhelikake buku crita ing njero kathokku. Aku mung isa dhelengake karo ke-thap-kethip. Rasane keju temenan lingguh terus tur ya piye me-nawa aku ngadhek. Bukune mesthi mbrojol tiba terus konangan Panjul lan dirusak. Tak tahan–tahan sinambi ngampet ngelih lan ngampet pipis. Ibuku nimbali aku supaya melu ngumpul sameja makan, nanging aku tetep ora obah saka palungguhanku. Wah, pancen cilaka tenan iki.
Lagi nengahi padha dharar ing meja makan, dumadakan ke-prungu swara suuuuurrrrr……suuuuuurrrrrrr…..surrrrrrrrrrrrrr
banjur kabeh do teles. Aku njenggirat. Jebul aku ngompol. “Wa-dhuh, Biyung,” batinku karo kisinan banget. Jebule anggonku ngampet nguyuh mau wis ora bisa tak tahan maneh. Iki gara-gara aku mung pingin ngamanake bukuku sapa Panjul si bocah nakal kuwi.
Ngongangi aku ngompol, sanalika Panjul mbengok alok,
“ W e z z z z z z . . . . w e y y y y y y … . . w e y y y y . . . .
dedepol…dedepolll……dedepol cah gedhe ngompol haaaa ngom-pol ngompol dedepol.”
“Aaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaa……….,” aku mbengok saken-cengku. Isin, isin, isin tenan aku dikonangi wong akeh. Aku banjur nangis ngguguk. Wis isin ditambah buku crita sing tak dhelikake dadi teles kebes tur pueeeeesing ambune.
Sawise ibuku lan budheku mangerteni dhodhok selehe per-kara
kenapa aku wiwit mau meneng wae ora gelem nyedhak, ban-jur maklum lan mesem
sajake ngrasa geli. Aku dicedhaki ibu lan arep dituntun menyang WC. Nanging aku
mung mbegegeg ora gelem menyat seko panggonanku. Wusanane aku rada digeret dening
ibuku. Walah kathokku wis ora rupa kathok lan buku ceritaku wes kebes lan
ambune puesing ora karuwan. Mula wiwit kedadeyan kuwi tekan saiki parabanku “tuma
kathok”. Menawa kelingan pengalaman kuwi saiki, aku mung ngguyu lan isin.