Wulan Lintang lan Salib


Wulan Lintang lan Salib
(Dening: Wiwit Ariana Tarisa)

Pethukan, kenalan, WA nan, seneng, pacaran, ngantenan. Kayane kok syahdhu banget ya nek di bayangake. Jane nak bisa ngenyang ya pingine padha. nanging kabeh wong rak ya ngerti nalika tresna kuwi bisa nglahake sekabehan. Nalika tresna bisa ndadekake siji kang beda saka umur, drajat, nganti hal sing paling angel, iyo, agama. Rak ya tresna iku bisa mecahke kaca pambeda kabeh kuwi? Bakale tresna iku bisa ngluluhake wates agama apa tetep egois marang apa sing di gocek saka awal?
Esuk iki langite kaya wong sing lagi kasmaran, terang resik lan nyenengake. Manuk-manuk padha dolanan ana ing awang-awang. Ijone wit cemara ing pinggir dalan kaya tentara baris. Rapi rajin lan adhem. Rasaku kaya wit cemara mau arep ngeter aku mangkat tes. Ya, aku calon mahasiswa ing kampus sing awet mbiyen tak karepke. Ing kamiku ngko aku bakal ndue kanca anyar, melu organisasi, kenal kangmas mbakyune, bisa uga aku di senengi cowok hehe.
Teka-teka DUGGG… “adhuh,ana apa Del?” rem ndadak nggaweake aku sadar saka ngayalku marang kampus sing bakal tak tekani dilit maneh. “Mangkane rausah ngalamun ae, lara kan?” Dela nyaut karo nyupir Honda.
Dela iki kanca awit isih cilik. Masio ratau sak sekolahan awit SMP nganti SMA ananging aku karo Dela tetep rindi-rindi bareng. “TIINNNN… TIN TINNN…” ana sing nglakson saka mburi. Jebule Yosi, pacare Dela awit mau meneng-meneng ngetutake nang mburiku lan Dela. Pacare Dela kuwi ya mahasiswa nang kampusku iku, nanging wis mlebu taun wingi.
“Yang yang” pacare Dela njejeri hondaku lan Dela kuwi.
“Tulung mas iki nang ndalan rausa celuk-celuk, pacarane mengko maneh ki Delane lagi nyupir” sauranku sambi ngguyoni mas Yosi.
“Yang mandheg minggir” Yosi marang Dela. Banjur Dela langsung minggirake Honda.
“Karo aku wae yang, Tarisa men nyupir dhewe, sayah to nyupir? Mending mbonceng aku wae” Yosi omong marang Dela
“Yo” nyaurane Dela, lan langsung pindah Honda ninggal aku dhewe.
“Yakin ke aku kon dhewe? Tega tenan wong loeo ki yakin” aku nggerutu
“mangkane ndue pacar neng Tar” langsung jawabi Yosi. Pancen sih aku rung tau pacaran awet mbiyen. Nganti kanca-kancaku moyoki aku jare jomnlo ngoyot hahaha.
“Sesuk lah, niatku kuliah ra meh pacaran-pacaran wleee…” Etoke karo mbela awak dhewe. Jane aku ki ya iri nalika weruh Dela karo Yosi pacaran. Aku yo pengen ndue pacar tapi piye maneh lanang saiki lurune wedok sing ayu. Lha aku? Adoh lah saka kata ayu.
Tekan kampus mepet jam masuk lekas pelajaran. Jam nang tembok pas nang 7 kurang 10. Ndilalah pancen aku karo Dela ora sekelas. Sak jurusan yo sak prodi nanging beda kelas. Nang kelas wi rame bocah. Maklum ta, masuk dina pertama dadine isih padha semangat banget kuliyah. Aku mlebu kelas ora langsung mapan. Aku bingung banget amarga raana sing tak kenal. Rasane canggung, isin, wedih, seneng. Wes lah campur aduk kaya permen nano-nano. Aku meneng ngadeg nang ngarepan, asli bingung banget. Banjur ana bocah nawani lungguh jejer. Rupa-rupane kaya cah Arab.
“Mba, mba, lungguh kene jejer aku. Apa meh ngadeg nang kono wae? Kurang luwih ngomonge ngono kuwi.
“Hah? Aku? Apa durung ana sing lungguh kono?” Langsung tak sauri cepet.
“Ora kok, aku dhewe”
“okesiap..” aku langsung lungguh njejeri bocah mau.
Ahire aku lungguh bangku nomer loro saka ngarep, ora patia ngenes lah, bar aku lungguh banjur kenalan siji lan sijine. Jebule jenenge Indah, bocah sing rupane kaya Arab mau jebule seka Tegal. Dheweke kaya aku, padha-padha ora nduwe kanca sing saka SMA sing padha. nembe sadar jebul awet mau durung ana sing nyapa sak liyane Indah. Jebule kuliyah iku beda karo sing tak bayangake kasa nang pilem-pilem.
Ra krasa jebule aku ws telung sasi kuliyah. Nang kempus iki. Aku wis nduwe kanca akeh, kakak tingkat, dosen lan kanca-kanca saka jurusan liya. Aku melu salah sijine organisasi sing ana ing jurusan. Aku melu Himpunan Mahasiswa utawa biasane di padha ngomong Hima. Ya, meski iku durung pelantikan. Sapa wae sing ngerti aku mesthi padha ngomong yen aku ki bocahe crewet nanging tetep sopan. Pas ngene iki rasane kepingin ndue pacar, mbuh iku sapa sing bakal dadi pacarku mengko.
Dina pelantikan anggota organisasi teka. Fix aku dadi anggota resmi organisasi Hima jurusan. Nduweni kebanggaan dhewe dadi anggota Hima iki. Amarga iki organisasi pertama sing tak peloni awit mbiyen.
Iki kuliahku nang kene wis 5 sasi. Aku rung kenal cowok blas. Kanca-kancaku sing ya bisa di arani biasa wae wis ganti-ganti pacar. Lah aku siji wae durung ana. Akeh sing omong nak aku ki cahe terlalu milihan. Padhahal asline ora, pancen ra ana sing pas wae. Asline aku ki ana sing tak senengi tapi dekne mbuh seneng aku tah ora. Jarene sih seneng nanging dekne minder mergane dekne ora cah kuliyah. Dekne SMK langsung kerja.
Mas-mas dhuwur rada gering rambute gondrong, ya sak organisasi. Siji-siji wong sing bisa nggawe aku nyaman, nggawe aku mesem amben bengi nalika ana chat mlebu sing nang ndhuwure ana tulisan jenenge. Ambok amben wayah anane gelut wae wmbuh langsung apa nang chat mesthi anane gelut. Nanging iku sing  bisa nggawe aku kangen nalika ora ketemu lan padu. Lan iku dadi crita cinta pertamaku *hiyakk*
Dewa jenenge. Mahasiswa semester 6 sing dadi gegandrungane cewe-cewek jurusan ya njaba jurusan. Rasane jan kaya manteb banget aku karo dekne. Amben dina mangkat mulih kuliyah bareng. Merga pancen aku lan dekne milih jadwale sengaja padha ben nang kampus bisa barengan terus.
Nanging ora nganti suwe, aku karo Dewa kudu putus. Dudu merga apa, jebule Dewa nduwe cewek sak liyane aku. Pas ngerti Dewa nduwe simpenan rasane atiku pecah mak kratakk. Kenapa tresna sing didasari nganggo ketulusan iki bakal berakhir ngene. Akeh nang njaba tresna beda agama wae langgeng lah aku sing seagama kok kandase cepet banget ngene. Kenapa Gusti? L
Masio wis putus lan di larani, nanging rasa tresnaku marang Dewa  kaya ora malih. Nganti pas aku dijak kancaku cah teknik mesin ketemu karo pacare. Cah teknik iki wedok, jenenge Lulu. Lulu iki nduwe pacar beda kampus. Pacare cah pelayaran. Aku dijak Lulu nemoni pacare. Nah, pas ketemu pacare Lulu ternyata pacare Lulu ya karo kancane. Akhire aku di kenalke. Pacare Lulu iku jenenge Niko, lan kancane jenenge Elder. Nalika Lulu berduaan karo pacare otomatis aku ya berdua karo Elder. Saling takon seputar kehidupan lsp. Banjur saka dina iku aku chat saben dina, telfon uga. Elder iku wonge humoris lan aku seneng karo cah lanang sing humoris. Akhire adewe mutusake kanggo pacaran. Elder bisa nggawe aku nglaleke Dewa, pacar pertamaku sing jebule padha agama durung mesthi bisa padha atine.
Saya suwe rasa iki saya tambah gedhe. Pacaran! Ya, ironi pancen, nalika putu pak kaji pacaran karo anak Romo. Pas kancaku padha ngerti yen aku pacaran karo Elder pancen akeh sing ra setuju. Ananging piye maneh? Iki masalah ati, rabisa mbok othak-athik. Tresna lah sing bisa nggawe aku lan Elder dadi siji nang antarane pambeda sing gedhe. Agama ra krasa ngganggu, aku lan Elder tetep pacaran. Masio jarang ketemu nanging rasa saling percaya sing bisa nggawe aku yakin karo deweke.  Kanca-kancaku padha ora setuju nalika aku pacaran karo bocah sing beda agama.
Nanging pisan maneh, kekuatan cinta iku sing nggawe aku bertahan. Masio beda agama, beda kampus, adewe tetep padha-padha myemangati. Nganti wektu pasa ramadhan, dekne menghirmati aku, ra tau mangan nalika pas aku lagi pasa.
Dina ganti sasi, sasi ganti yaun. Aku tetep isih pacaran karo dekne. Kabeh wis di lakoni bareng, susah seneng bareng. Nganti ora ana sing di umpet-umpetake maneh saka adewe sepira iku, secilik apa iku.
Sak suwene pacaran ngene iki apa ya yakin bakal dadi siji? Apa ya bisa dadi siji atas nama Tuhan mengkone?
Ora! Tekan kapan kuwi Islam ra bakal dadi siji karo Kristen. Rabakal bisa….

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Nyerat

  Nyerat dening Risywan Taufiq   Kala wengi srengenge pati Angen-angen pujangga tansah ngulandara Madosi tembung tembung gegurit b...