Nyerat

 

Nyerat

dening Risywan Taufiq

 

Kala wengi srengenge pati

Angen-angen pujangga tansah ngulandara

Madosi tembung tembung gegurit blaka

Gatra sagatra

Pada sapada

Gurit sagurit

Trenyuh ati nyerat kasengsaran urip kang pait

Tansah kesensem nyawang kauripan ayem

 

Duh gusti

Kula  pujangga nom

Mung birawa nyerat gurit rung pada

Sapada dados panglipur

Sapada dados parlambangipun atur

 

Mugi mari lair batinku

 

 

 

Aja Aku

 Aja Aku

dening : Safila Oktaviani


Aja dipaksa!

Aku durung bisa

Aku isih kuciwa


Aja meneh tresna awakmu

Wong aku wae

Durung bisa tresna awakku dhewe


Aja...

Aja padakna aku karo wong liya

Aja...

Aja karo aku


Ora..

Ora merga aku mati rasa

Nanging...

Atiku iki wis remuk


Menawa aku ora nastiti milih

Atiku bakal ambyar luwih-luwih?

Diwesiyasat Kapang

 Diwesiyasat Kapang

dening: Katarina Aprilia


Samun ing wayah ratri

Nyendhal ati kang nandhang wuyung,

karana sliramu tan bisa kajangkah laku,

Kapang iki,

tan bisa kaucap ing ujar

Kagawa ngimpi saben mereme netra,

rumasuk ing raga bareng sumilire angin wengi


Apa kowe krasa?

Ora...

pangrasaku, iki amung aku sing krasa

Mendhem banjur kependhem jero

Lintang ing awang-awang

Tak titipake rasa kapang iki

kanggo slirane kang tan bisa tak sanding

Muga bisa ngreksa rasa lan ngreksa tresna

ing kana.

Tema geguritan : Satire

Laku Tresna

Dening : Endang Winasih


Tresna dadi bab sepele

Namung dadi lamise lambe

Kang ora padha kaya kasunyatane

Ninggalake tatu akih cacahe


Lara lapa bebarengan dirasa

Tekane ngumbar nafsu marang liya

Lamun wis mangkana

Jarene banjur marem ing sukma


Urip kuwi pancen rekasa

Apa maneh babagan tresna

Kebak coba lan panggodha

Nasib dadi karanta-ranta


Yeng yeng ora gayeng

Ndeng ndeng dadi gendheng

Bit bit mobat-mabit

Kaya wit pring keterak angin jurit


Kahanan kang nyawiji

Dumadi saka nafsune hapsara hapsari

Ati-ati marang laku utami

Tresna ya tresna nanging aja mblenjani

Kancaku

Kancaku

Dening : Anita Istiana


Kancaku....

Pie kabarmu?

Kok saiki mlepuk yen ketemu

Nek endi tangan sing biasane genggem tanganku

Nek endi pundak sing biasane kanggo nangisku

Nek endi kuping sing biasane krungu ceritaku


Kancaku...

Apa wis lali karo aku?

Aku iki kancamu dudu sainganmu

Aku pengen berbarengan maneh karo awakmu

Berbarengan lan sesandhingan karo guya guyu

Sinambi njagong lan ngombe es kopi susu


Kancaku...

Kapan kene bisa ketemu?

Aku kangen guyumu sing gawe tentrem atiku

Aku kangen suaramu sing mbudeki kupingku

Ayo dolan ngalor ngidul maneh bareng aku

 

 Aku

Dening: Messi Nurzanah

 

Aku iki sapa

jagad wis padhang ko ya ora ngerti

ndeleng sesuk ora nyemaur, ndeleng wengi bali kedher

duhh Gusti, apa sejatine kelairanku iki namung dadi reruntahe pratiwi

 

Wiwite jaman wis ora kepetung

ngetung jagad tambah menthung

mikir molak-malik ora ana pangundang

mung nyemauri kidung kang ngumandhang

duh Gusti aku iki sapa?

 

Nanging nalikane swara asih wis ngukir ing pitakonan

wis wancine aku kudu percaya marang asih-Mu

wis wancine aku kudu pasrah marang panguwasa-Mu

aku percaya kelairanku iki wis dadi janji-Mu marang pratiwi

 

Waspa

Dening: Winarsih

Sumunar cahya kuning ing sisih kulon

Kang nate dadi pepujanku

Sesawangan ing pucuking wengi

Kang mung sakedheping netra

 

Muspra...

Pangrasa kang wus keladuk

Awujud pepindhan ing reroncen carita

Kang ora ana paedahe maneh

 

Sumeleh...

Wus rampung kadupak mendhung

Cekap anggone dadi pangripta carita

sandiwara tanpa swara kang gawe lelara

 

Tumetesing waspa,

Apa merga udan nggrejih sore iki?

Apa merga petenge langit wengi iki?

Apa merga pangrasa ing sajroning manah iki?

 

Waspa iki,

Mili nut iline reroncening carita

Sineksenan langit tanpa lintang rembulan

Sawetara, jarna dadi irah-irahan guritku

Nyerat

  Nyerat dening Risywan Taufiq   Kala wengi srengenge pati Angen-angen pujangga tansah ngulandara Madosi tembung tembung gegurit b...