Kleru Nanging Begja
Heredita Wedharingtyas Laksita Utami
Sore kuwi, pinuju dina jumat tanggal 13
Maret 2009, aku ana jadwal latiyan
tari ana ing Sanggar Pamulangan Beksa Sas-mintamardawa ing nDalem Pujokusuman.
Kaya padatan, wanci jam 15.30 aku wiwit latiyan tari. Wektu iku aku latiyan
tari Srikan-di Suradewati kang dina iku meneri wiraga utawi gerak tari sing
pungkasan.
Nalika wayah ngaso, Bu Itut kang ngesuhi tari wektu iku nimbali
aku karo mbak Galih.
“Mbak
Dita karo Mbak Galih, menawa sesuk dina Minggu pentas tari Srikandi Suradewati
ing Bangsal Sri Manganti gelem apa ora?” pandangune Bu Itut.
“Inggih,
Bu,” wangsulanku bareng karo mbak Galih. “Sesuk setu jam 15.30 latiyan tarine
diterusake tekan pung-
kasan
ing daleme Bu Itut, nggih?” “Inggih, Bu!”
Wose,
aku karo Mbak Galih nyendikani dhawuhe Bu Itut. Nanging, dina Setu esuke aku
karo mbak Galih didhawuhi Bu Itut sowan ing daleme saperlu latiyan. Latiyan ing
daleme Bu Itut kang-go mantepake tarian, amarga aku karo Mbak Galih durung
apal.
“Bu, menawi benjing badhe minggah pendapa kandos pundi caranipun amargi wekdal latiyan langsung minggah pendapa?” “Sawise kapang-kapang tekan undhak-undhakan ndhodhok dhisik terus nyembah tumuli lungguh ing pendhapa. Diteruske lampah dhodhok udakara limang langkah nembe sila panggung,” mengkono wangsulane Bu Itut karo nyontoni.
Dina
Minggu tanggal 15 Maret 2009 jam 08.30 aku karo Mbak Galih kudu wis tekan papan
kanggo rias ing Bangsal Sri Manganti. Rong jam sak wise iku, aku karo Mbak
Galih wis rampung didan-dani. Gandeng acara pagelaran wis diwiwiti, aku wis
siap beksa. Atiku dheg-dhegan sadurunge munggah pendhapa amarga wek-tu iku
pengalamanku kang wiwitan beksa ing wewengkon kraton, Bangsal Sri Manganti kang
meneh ora sadengah wong kang bisa beksa ing papan mau.
Saka wiwitan nganti pungkasan beksa aku karo Mbak Galih
rumangsa “pede” lan nganggep jogedanku wis bener. Nanging, wektu “kapang-kapang”
kok ana rasa sing ora kepenak nganti tu-meka “sembah”. Nganti rasa kerasa yen
digeguyu para pangrawit sakwise rampung tari. Nganti rampung anggonku nari, aku
du-rung mudheng apa kang kedaden nalika aku nari.
“Mbak,
kok ana sing ngganjel wektu aweke dewe nari?” pitakonku marang mbak Galih.
“ Iya, pa Dit?”
“Wah.... iya, Dit. Aku lagi kelingan mau ki nek ra keleru gendhinge ra pas, je!”
“ Paling, Mbak.”
“Mbak,
mau ki kepriye kok bisa ora pas beksa ne karo gen-dhinge?” Pak Toro ngendika
karo aku lan Mbak Galih.
“Menapa
inggih, Pak?” pitakonku marang Pak Toro sing nge-prak.
“Iya,
mau ki anggone nyarungke keris telat rong etungan da-dine tekan pungkasaning
gendhing ora pas karo jogedane.”
“Oh...Inggih
Pak, kula kaliyan Dita nyuwun pangapunten saderengipun!”
“Ya,
ora dadi apa. Sesuk menawa beksa maneh kudu luwih ngati-ati anggone ngepasake
wiramane.”
“Matur nuwun, inggih, Pak.”
Aku karo Mbak Galih dadine rada isin, mula banjur nyuwun pangapura karo Bu Itut amarga anggonku ngayahi jejibahan ora sampura.
“Nuwun sewu Bu. Kala wau dalem kekaleh angenipun nga-yahi beksa
taksih wonten ingkang lepat,” aturku marang Bu Itut.
Ngendikane
Bu Itut, “Ya wis ora papa amarga lagi pisanan pentas. Nanging, kesalahan
anggone mbeksa mau menawa kang mersani para turis domestik lan luar negeri ora
bakal ngerti amar-ga kesalahan mau kang bisa mangerteni ya paraga kang ngerti
bab beksa lan gendhing. Malah aku ngaturake panuwun amarga nadyan salah anggone
beksa tetep lancar dadi ora katon menawa anggone beksa ana sing salah. Mula
sesuk menawa didhawuhi beksa maneh, Mbak Dita lan Mbak Galih kudu luwih
ngatekake bab gendhing, dadi ora mung apal anggone mbeksa nanging kudu ngerti
wirama.”
Jebulane
sing kleru orang mung tariane wae, nanging po-capan uga bisa salah.
Paraga-paraga senior uga ana sing salah po-capane. Babagan mau ing ruang rias
sakwise beksa biasane pada kanggo gojegan antaranae penari karo pangawit.
“Kepriye
mau pocapane. Ora ditakoni asmane kok ngaku dhewe. Lha, wayang cara ngendi mau?”
ngendikane Mas Papang karo mesem.
“Lha
aku ora apal amarga dakdakan. Ya wis sak ketemune anggonku omong ketimbang
meneng wae kaya wayang bisu,” wangsulane Mas Anto karo nyengingis.
Gandheng anggone tata kostum tari wis rampung, para para-ga
enggal arep padha bali. Ngendikane Bu Itut pancen bener me-nawa aku luwih
nggatekake ngendikane, aku bakal antuk kalo-dhangan beksa maneh ana ing Bangsal
Sri Manganti kanyata dina Minggu tanggal 18 April 2010. Aku, Rista, Mbak Ima,
karo Mbak Galih dipercaya mbeksa Srimpi Pandelori maneh ana ing Bangsal Sri
Manganti. Sabanjure, nalika dina Minggu tanggal 13 Juni 2010, aku, Rista, Mbak
Ima didhawuhi mbeksa Golek Asmarandana Bawaraga maneh ana ing papan kang padha.
Saliyane seneng amarga didhawuhi mbeksa ing kraton, bu-bar mbeksa nadyan kesel aku uga seneng pranyata akeh turis kang padha ngajak foto bareng-bareng. Kadhang kala lucu uga amarga menawa ana turis kang ngajak rembugan nganggo Basa Inggris kadhang aku ora mudeng sing dikarepake para turis kuwi, na-nging kanthi “pede” mangsuli wae. Rumangsaku, turis-turis kuwi mudheng critaku amarga padha ngguyu, manthuk-manthuk, lan ngajak salaman. Sanajan rada kangelan kumunikasi nganggo basa asing, nanging atiku seneng banget amarga para turis wis gelem ngajeni kabudayan Jawa.