Perkara Celengan Suwek
-Syalawise
Ngiras ngenteni panganan sing dipesen saka aplikasi online, aku turonan karo nonton drama Korea. Ibuku sing duwe warungan kang adoh papan e saka omah anggawe aku males tumindak kanggo awakku dewe senajan weteng wis krucak-krucuk. Ora anane bahan kanggo aku mangan mula ngulinakake aku kudu pesen utawa tuku menyang warung makan sing ana ing cedhak omah. Bapakku dewe wis tilar donya pitung taun kepungkur, mula yen dietung tekan gedheku saiki jangkep 10 tahun aku lan ibuku urip mung wong loro.
Panganan sing tak pesen yaiku sega goreng babat karo fried chicken, total regane Rp47.000,00. Ora suwe hpku muni makklunting, lampu putih cilik kedap-kedip, sakbaris tulisan banjur anggawe aku kekubukan nggolek dhuwit sing kanggo aku bayar. Nanging, makdep maktarap nalika weruh dompetku kosong melompong. Rasane ora karuan bingung e. Ojek panganan wes tekan nanging dhuwit nyatane ora ana ning dompetku.
'Sekedhap Bapak. Kula nembe mundhut arta ingkang pas.' Aturku marang bapak ojek panganan sing ora sabar amarga aku ora age nemoni.
Saknalika aku kelingan, ibuku duwe celengan saka wadah beras. Enggal-enggal aku nggoleki, lemari tak bukak, pakaian tak singkirna. Delalah banget celengan iku marang bapak ojek panganan sing ora sabar amarga aku ora age nemoni.
Saknalika aku kelingan, ibuku duwe celengan saka wadah beras. Enggal-enggal aku nggoleki, lemari tak bukak, pakaian tak singkirna. Delalah banget celengan iku taktemokake. Bolongan sing ambane setengah senti iku tak intip. Kabeh nominal dhuwit ketok cetha, abang, biru, ijo, abang enom tekan ricik satusan.
Celengan enggal takjungkirake, driji loro takpeksa melbu ing bolongan celengan. Krek. Bolongan suwek dadi limang senti ambane.
"Dhus Gusti. Iki nek Ibune aku ngerti mesti aku diseneni! Kok ya ndadak ngene ta ya. Gusti..."
Amarga suwek e iku aku bisa nggayuh lembaran dhuwit saya gampang. Dhuwit wis kasil kejupuk. Ora kurang ora luwih, pas kanggo bayar pesenan pangananku. Aku metu lan nemoni bapak ojek e.
"Punten kesuwen, Pak. Artane radi ageng wau pramila kedah golek sing pas," aturku karo barter dhuwit lan pangananku.
"Ya. Suwun, Mba. Kula pamit." Bapak ojek sing katon ora sumeh iku enggal lunga. Saka pasuryane bapak mau aku bisa ngerti yen panjenengane iku wong sing ora sabaran.
*
"Alhamdulilah warung e rame, nok. Ibuk isa nyinggahake radha akeh." Ibune aku buka lawang kamar, aku sing lagi rebahan karo isih nonton drakor makgregah kaget.
"M-mm. Nggih, Buk."
Aku saknalika mlongo, atiku ora karuan, deg-degan amarga Ibuku tumuju lemari, dakkira arep ngelebokna dhuwit nang celengan. Aku
"Lho! Kok bolongan celengan isa suwek sakmene ambane. Wingi aku ngisi urung suwek lho." Ibuku noleh, tanpa swara aku ngerti yen ibune aku takon.
"Mosok, Bu? Kok isa? Aku we rak ngerti nek Ibu deleh celengan nk kono kok," wangsulan iku teka metu ngono wae saka lambeku. Aku ora wani ngaku.
Ibuku mulai mureng. Lan aku terus ora ngaku bab apa sing wis tak lakoni kanggo awan mau. Lambeku wis kadung ngucap sing ora sakbenere pramila angel kanggoku ngomong sing sakbenere.
"Njur sapa ya sing ngemek celengan. Ki kalong ki dhuwit e. Wong wingi kae wis meh setengah e kok. Ki delok a nok ngurang. Jan jan, sapa ta ya sing jupuk. Tangan e sukan men. Ben ya sok tangan e thikher. Ben tangan e___"
Deg. Ibuku katon kuciwane amarga celengan e dibobol. Ibuku sambat lan marabi aku. Saka iku aku mung bisa meneng. Rasane atiku kaya-kaya diiris-iri, krungu atur e ibu sing tekan ngendi-endi. Kekarepanku kanggo ngaku saya angles amarga atur e ibu sing kaya-kaya ora bisa ngampuni bab tumindak alaku.
Sore iku aku mung bisa meneng. Nganti ibuku takon kenangapa aku meneng wae.
"Buk. Aku Buk. Aku sing marai celengan e suwek. Aku Buk!" Getunku ora bisa ngaku sakawit mau. Luhku tumetes, atiku rasane ora kaya-kaya leh ngerasakake. Aku wis kadung disepatani. Aku mung bisa nangis ing ngarepe Ibuku.
"Ya Allah ta nok. Kok ya ora ngomong ket mau. Ngerti ngono Ibu lak ya ora tekan ngendi-ngendi. Ya Allah. Ora papa, ora papa nek dhuwit celengan e mbo jipuk ki, tenan ibuk rakpapa. Pisan wae ya nok, pisan iki kowe ngapusi kaya ngono. Yen butuh dhuwit ngomong a nok, tak kei nok. Ibuk ana dhuwit gilo. Ning aja tumindak kaya ngono. Wis ya nok pisan iki wae tumundakmu kaya ngene."
Saya deres luhku brebes mili. Nyatane ibuku malah ngendika kaya mangkana. Lambeku wes kaku ora bisa matur apa-apa. Mung isa nangis nalika ibuku tetep ngomong ora papa nganti ping bola-bali karo ngusap eluhku. Dina iki bakal dadi dina sing paling ora isa taklalekake. Nalika aku dadi anak sing sakgedhene semene anggawe ibune kelara-lara amarga tumindak e. Aku durung bisa tanggung jawab karo tumindakku lan malah anggawe kuciwaning ibuku.
Bab iku ngelingake aku marang tetembungan sing asring ibuku aturke, yen gedhene tresna wing tuwa marang anak ora ana wates e, ning anak sok kadang tresnane sewates wit klapa wae durung mesthi jangkep tekan pucuk. Aku gela nganggo banget.