Nyalawadi
Hasna Candra Winahyu
Manuk-manuk padha mulih
neng susuhe, mabur renteng-renteng neng langit sing wiwit mbrabak abang
ndadekake sesa-wangan katon endah. Nanging kahanan SMK I kaya alas gung
liwangliwung, kahanane nyenyet. Ora ana sapa-sapa, kejaba Ret-na sing lagi
ngrasakake swasana sepi. Angin kang sembribit sajak ngajak Retna supaya ndhang
lunga saka papan mangkono.
Sinambi thethenguk, Retna kelingan omongane Resti kan-canse
sekelas menawa biyen ana siswa sekolah SMK I kang mati nglalu ing jero pakiwan
sekolah. Sajake Retna pengen suwe-suwe ana ing papan mau amarga dheweke arep
golek inspirasi koreo-grafi tari kanggo ngenepi tugas akhire. Nanging amarga
dheweke saya suwe saya mrinding, kebeh angen-angene buyar sirna. Ora let suwe
Retna banjur ngadhek lan mlayu.
Nalika
lakune wus nyedhaki ngarep gerbang sekolahe, Retna kaget kaya ana sing nyeluk
dheweke.
“Na. . . . .Retna!”
Swara
kuwi keprungu dening Retna bola-bali. Basan ditoleh ora ana sapa-sapa sakiwa
tengene.
“Na. . . . . Retna!”
Swara iku sajak keprungu terus dening Retna. Dheweke ban-jur noleh, sorot mripate tumuju ana ing ruang lobi sekolahe. Saka pandelengane kaya-kaya ketok saka menawa ana blegere wong bagus kang mau nyeluk dheweke. Ora ngagas kuwi bener wong bagus apa wewujudan liyane, Retna gage mlayu ngedoh saka wong pandelengane wong mau. Sakwentara Retna mlayu bocah lanang mau terus wae ngetutke lakune. Sajak nom-noman mau nyalawa-dhi marang dheweke.
“Sapa kowe. . . .?” pitakone Retna marang bacah lanang mau. Nanging nom-noman mau meneng wae sajak ora gelem semaur.
“Aa. . . aa. .
.ja-aja kowe penculik kang arep nyulik aku ya?” pitakone Retna maneh.
Bocah lanang mau tetep wae ora mangsuli pitakone Ratna. “Aku, ki, wong ora nduwe yen mbok jaluki tebusan wes mes-ti wong tuaku ora bisa menei. Apa maneh aku mung urip karo mbokku,” kandane Retna pasrah.
Omongane Retna ora digubris karo nom-noman mau. Atine tabah ora
karuwan, banjur Retna nggeblas mlayu. Amarga ora nge-matke dalan dheweke
kesandung tiba krungkep. Ora dinyana, wong lanang mau ngetotake lan nulungi.
“Aku
Arif. Kowe Retna, ta? Aja wedi karo aku. Niyatku apik mung arep methuk kowe,”
kandhane wong lanang mau sinambi nulungi Retna.
Nanging
atine Retna tetep durung bisa percaya ngono wae marang wong mau kang ngaku
jenenge Arif. Nanging, Retna ora bisa mlaku. Kepeksa dheweke gelem ditulungi
karo wong kang lagi ditemoni mau.
Wektu
kuwi langit wus katon peteng, adzan magrip uga wus keprungu. Arif banjur
ngranggeh tangane Retna katon yen dhe-weke arep ngendhong.
“Omahmu mburi perumahan kana, ta? Ayo tak terke bali,” kandhane
Arif marang Retna.
“Bocah iki kok ngerti omahku. Ben wae dheweke ngarasake mengko
nek nganti ketemu karo mbokku men dimamah entek,” guneme Retna kanti
mesam-mesem sajak seneng yen Arif cilaka.
Tekan ngarep omahe Retna banjur wong kuwi ndhodhok la-wang. Saka mburi lawang wes katon bayangane mbokne. Rasa dheg-dhegane saya ndhadi. Alon-alon lawang mau mbukak. Retna kaget amarga mbokne ora nesu-nesu marang wong lanang kuwi. Sawise kedadeyan mau, Retna tansah mikir saben dinane, ana apa antarane mbokne lan wong lanang mau.
Dina-dina
candhake, saben mulih sekolah, Retna gumun amar-ga ana ing ngarep gerbang
sekolah mesthi dienteni karo Arif. Ke-para Arif ngajak Retna lunga ana ing
pinggir segara. Kapeksa Retna manut pangajake Arif.
“Ret, coba delengen ana ing sisih kulon kae,” kandhane Arif
marang Retna sinambi nudingi srengenge sing arep angslup.
“Bocah
iki kok ngerti ya yen aku wis suwe ora tau dolan ing pinggir segara,” batine
Retna sajak kaget. Apa kang ditindhakake Arif wektu kuwi padha karo sing
ditindake almarhum bapakne marang dheweke.
Wis
ping pira anggone Retna nyoba gawe koreografi tari kanggo ganepi tugas akhire,
nanging nganti saiki durung ana kang dadi. Paling banter mung oleh pirang gerakan. Apa maneh sawise ketemu Arif,
banjur blas lali karo tugase dheweke amarga saben dina mung mikirke rasa penasarane
marang Arif, wong sing dhi-sike baget nyalawadi.
Ba’da isya’ Retna wus teturon ing kamare. Mripate ndeleng
wit-witan kang ketok saka cendela kamare. Sire, kedadeyan ana ing njaba kamare
kuwi bisa ggawe klangenan ing atine. Nanging ora, Retna isih ketok mendhem
masalah sing marai pikirane mu-met. Mripate kethap-kethip nyawang plenthong
limang watt sing madhangi kamar. Ngglethek ing kasur kumel. Ketok yen kasur
kuwi wis suwe dienggo utawa wis tuwa umure. Tangane loro dianggo nyangga
janggute. Ora ana swara ing mlebu menyang kupinge kejaba swara-swara jangkrik
karo kewan kang nagancani sepine wengi. Wengi samsaya ndhedhet nambah
nelangsane ati amarga tugase durung genep nganti seprene, kamangka mung ku-rang
seminggu wis arep dibijekake. Lawang kamare muni amarga ana sing mbukak.
Mripate pindah ndeleng lawang sing mbukak. Engsele wis karaten dadi isa nyuwara
yen dibukak. Jebul mbokne sing mbukak lawang.
“Durung turu, to Ndhuk?” pitakone simbok marang Retna. “Dereng, Mbok. Niki lho kula bingung benjing seminggu malih niku sampun penilaian tugas akhir kamangka dereng dados blas, Mbok,” tegese Retna marang mbokne.
“Oo. . .alah yo gek ndang digawe, Ndhuk . . wes mepet ta
wektune?” kandhane simbok maneh.
“Lha niku lho, Mbok. Kala wingi dumugi samenika lanangan sing
ngeterke kula bali isane mung gawe gara-gara wae. Ora kenal neng sok kenal, gitu deh Mbok,” grundelane Retna marang
mbok-ne nganti kesrimpet-srimpet anggone ngomong.
Wektu
iku uga simbok ngomong marang Retna yen Arif ku-wi asring dolan ana ngomahe
nangging ya mung nglimpekake Ret-na. Sawise mbokne ngomong mangkono Retna
banjur ngerti yen Arif iku anake kancane mbokne kang kerep pesen jajanan pasar
nggone mbokne.
“Ooalah,
Mbok. Mbok ngendhika ket wingi-wingi, dadine rak mboten kados ngaten,” kandhane
Retna sajak isin campur mangkel karo mbokne.
Dina
candhake Retna age-age nggarap tugase. Malem ming-gu wancine Retna penilaian
kanthi rasa “pedhene” dheweke mung-gah panggung. Sajake neng kana uga ana Arif
kang delok pemen-tasane.
Budal
acara pementasan, Arif nyedhaki Retna. Arif nyritak-ake kabeh kedadeyan sing
njalari dheweke bisa ketarik marang Retna.
“Aku wingi udu aku sing saiki, seka deary-mu aku bisa dadi kaya mangkene,” kandhane Arif marang Retna.
Retna
bingung apa karepe Arif ngomong mangkono. Maune Arif bocah kang nakal, dheweke
pecandu narkoba, nanging saiki wis insyaf amarga nemu buku deary-ne Retna.
“Aku
salut marang kowe, Ret. Saka pengalamanmu sing tok tulis neng buku iki aku
sinau bisa ngluruske dalan uripku kang maune mlenceng,” kandhane Arif maneh.
“Oow. . .dadi bocah iki ngejak aku neng pinggir segara kae
amarga ngerti yen bapakku tau ngejak aku menyang papan mau saka deary-ku, ta,” batine Retna sajak ora
percaya saka diary-ne dhe-weke bisa
ketemu Arif, wong sing praupane bagus.