Wis Kebacut Mlebu
Beti Ria Sari
“Kangmas, ayo mantuk, Kangmas……… Kanjeng ratu sampun dhawuh marang kula. Mangga sareng-sareng mantuk, Kang-mas,”mangkono pangucapku nalika arep ngisi acara pungkasa-ning Lomba Karya Siswa ana ing pawiyatan SMKN 2 Depok Sle-man. Wektu kuwi aku lagi wae rampung dipaesi nganggo kebaya kuning emas lan sampur werna oranye, corak Ngayogyakarta.
Aku
pancen seneng nari Gabyong, apa maneh Gambyong Pareanom kang swara gamelane
laras lan luwes kaya lakune tangan lan pendhaking sikil uga obahing awak.
“Ndhuk,
kowe ki kena apa? Ayo, Ndhuk crita karo Kang Nur, Istigfar……!”
Mangkono
kandhane Kang Nur karo nampani tibaning awak-ku sing wis ora eling ing tangane.
Ing kelompok tari lan karawitan iki, Kang Nur kalebu senior. Dheweke alumni
PAKS utawa Per-sepsi Apresiasi Kreasi Seni. Aku kalebu anggota Organisasi PAKS
sing dadi indhuk saka teter lan karawitan ing sekolahan. Ing sa-wijining acara
ing sekolahan, PAKS dijaluki tulung sekolahan men-tasake tari lan karawitan kanggo
ngisi acara penutupan LKS se-Kabupaten Sleman.
Sajake Kang Nur kabotan nampani awakky. Dheweke gage njaluk tulung wong papat kanggo nyangga awakku nanging isih ora kuwat. Aku dhewe ora ngerti kenapa aku tansah kentir ing jagading lelembut. Kancaku dhewe kang dadi gerong uga bi-ngung apa maneh yen dheweke lagi ajar bawa lagu putra neswantara, aku mesthi nangis gero-gero tanpa sebab, kaya-kaya tembang kuwi ngelingake arang uripe kembang mlathi sing tansah tak ang-go kalung nalika aku njoget.
Gamelan wis ditabuh, swarane saya banter, nglagokake gen-dhing
Roning Tawang. Sarampunge gendhing Roning Tawang kudune tari Gambyong Pareanom.
Sing mbeksa kudune aku, na-nging aku isih ngglethak lemes. Ing angen-angenku,
rasane kaya lagi mlayu-mlayu kaya babi edan. Aku ora krungu swara liyane kajaba
swara gamelan kang lagi ditabuh lan swara gerongane Ibnul. Aku mung bisa omong
karo dheweke, sajake sukmane kem-bang melathi wis nguwasane ragaku. Banjur,
lambeku ngucap, “Kangmas, Kangmas…ayo mantuk…..”
Ora
let suwe, Kang Nur ngerti menawa Ibnul uga arep melu-melu kangslupan bojone
kembang Mlathi. Kanthi rada bingung amarga weruh kahanan kuwi, Kang Nur
mbengok, “Nul….Ibnu…. aja…. aja…….aja nganti kebacut mlebu. Wah, parah kowe ki,
Nul.”
Ibnul
isih sadhar. Banjur, Kang Nur ngambali maneh, “Heh… takandhani, ya Le. Nek wis
kebacut mlebu ki angel le ngetokke!” swarane Kang Nur kanthi ngos-ngosan.
Wektune aku mbeksa, nanging aku ora gage-gage manggung amarga
awakku krasa abot banget kanggo ngglawat. Wusanane Mas Ibnul ngandhani kembang
melathi sing manjing ing ragaku. Sanajan Mas Ibnul ya lagi nahan supaya dheweke
ora klebon suk-mane kembang melathi, nanging dikuwat-kuwatke ngadhek lan omong,
“Marang Gusti aku bali. Milih endi antarane mati lan urip ing donyamu mlathi?
Saderengipun, kula nyuwun panga-punten, Nyai. Raga menika lan raga sanesipun
nembe dipun ang-ge mbeksa Gambyong. Pramila, kula nyuwun tulung panjene-ngan
medal rumiyin. Kula nyuwun saestu, Nyai!”
Wong-wong ing sakiwa tengene Ibnul padha plonga-plongo kaya kethek ora kumanan gedhang kapok. Lha, piye ora kaget, jebulane Ibnul sing sejatine wong blasteran kuwi bisa basa Jawa kanthi alus, kamangka sadina-dinane isane basa Indonesia. Mbawa wae ya lagi ajar, paribasane kaya bayi wingi sore nanging jebule wis wasis.
Krungu panjaluke Ibnul, kembang melathi mau banjur wang-sulan, “Mboten
saget. Den Mas Bagus kang wibawane tansah cumlorot ing praenanmu yen angsal
kula tumut mbeksa kaliyan raga niki kemawon. Kula naming kepingin tumut
mbeksa………”
Sawise krungu swarane kembang mlathi mau, kanca-kanca banjur
rembugan kepriye apike supaya acarane ora bubrah. Ban-jur, kanthi alon-alon aku
dituntun menyang panggung. Lagi wae krungu kendhang ditabuh wae awakku wis obah
dhewe manut wiramaning kendhang. Ora let suwe, gamelan ditabuh, kabeh padha
jingak nonton obahing jogedanku sing luwes gandhes lan preananku katon cumlorot
kaya ratu. Bubar mbeksa, aku banjur ngambruk maneh ora eling sinambi ngucap, “Kangmas
saged nye-karaken bawa Sekar Putra Neswantara?” Mangkono panjaluke kembang
mlathi marang Mas Ibnul.
Gage
Mas Ibnul mangsuli, “Mboten. Kula ajrih, Nyai. Kula mboten saget.”
“Wedi karo apa,
Le?” pitakone kembang mlathi. “Ampun, Nyai. Kula ajrih kaliyan garwa
panjenengan.”
***
Anggonku
klebon wis genep rong dina. Kanca-kanca banjur ngundang dhukun saka desa
sebelah. Ngakune dhukun kuwi dhukun kondhang. Dina kuwi aku njaluk dipaesi
nganggo kebaya corak Solo. Lan isa-isane dhukun kuwi mbedhek menawa kem-bang
mlathi kuwi asale saka kraton Solo, kamangka sejatine saka gunung Sari.
“Njenengan saking kraton Solo, nggih Nyai?” dhukun kuwi takon
karo lambene komat-kamit. Nanging aku ora mangsuli si-nambi tak tinggal njoget
terus ora ngrewes pitakone dhukun kuwi.
“Mit…..mit…. dhedhemit lungoa saka kene..pang numpang-numpang anak putu Adham numpang ngentut….mit amit amit lunga dhemit ana ndulat-ndulit…Brrrrr…Brrrrrrr….Brrrrr…..”
Dhasar
dhukun edan. Wis suwi aku mung dinengke wae njo-get ora ana rampunge lan ora
gage ditulungi supaya sukmane kem-bang mlathi oncat saka ragaku. Jebulane
dhukun kuwi ngenteni sarat dhuwit telung lembaran satus ewu. Kanca-kancaku wis
rada cubriya karo tumindake dhukun kuwi.
Mas Ibnul gage marani aku lan mbawa Sekar Putra Neswan-tara
karo nangekake awakku.
“Anakku sing bagus dhewe, besuk pinter sekolahe. Yen bisa
nyambut gawe kudu laku sak mesthine.”
Dheweke
bawa karo nyekeli tanganku sinambi ngucap, “Mangga Nyai kula dherekaken kondur
sareng-sareng kaliyan garwa panjenengan ngangge iringan Sekar Putra Neswantara
lan nitih andhong kencana.”
Bubar ngucap kaya mankini, aku banjur melu nyekar. “Cup, menenga anakku. Aja pijer nangis wae anakku sing bagus dhewe besuk pinter sekolahe.”
Mas Ibnul lan aku tanpa kendhat nyekarake lelagon kuwi nganti
tekan lagon “adhil makmur”.
Sawise
kuwi aku lan Mas Ibnul mlaku gandhengan tangan mengidul nyandhak janur kuning
ing tangane Kang Nur. Ora let suwe aku sakloron ambruk ora eling. Age-age Kang
Nur njupuk wedang putih kanggo ngraupi raiku lan Mas Ibnul sing banjur eling
lan kilang-kilong ora mudheng apa sing nembe wae kedade-yan.